Senin, 20 Januari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK "CIUNG WANARA" (FEBRIANTI IKA 11-JUANA PRATIWI 18)

                         CIUNG WANARA
Ing wilayah Pajajaran, ngadeg kerajaan kang aran Kerajaan Pajajaran karo Prabu Cilihawan dadi sing dadi raja agung. Ananging raja iku keusik karo elektabilitase Ki Ajar Wilis, seng dianggep bakal ngrebut kedudukane.
Prabu Cilihawan : “Patih reneo,” (karo ngawe Patih Mangku Praja)
Patih Mangku Praja : “Nggih Prabu, sendiko dawuh”
Prabu Cilihawan : “Kowe tak tugasi, moro o neng padhepokane Ki Ajar Wilis karo Dewi Sumekar seng ethok-ethok mbobot anakku.”
Patih Mangku Praja : “Damel nopo Prabu?”
Prabu Cilihawan : “Kowe kudu ngerti, yen Ki Ajar Wilis iso nggulingne tahtaku. Mangkono kuwi aku kudu iso numpas dheweke.”
Patih Mangku Praja : “Nggih prabu”
Sawise tekan padhepokan, Dewi Sumekar lan Patih Mangku Praja dikagetakake karo guneme Ki Ajar Wilis seng kandha yen Dewi Sumekar lagi mbobot temenan. Ing perjalanan moro kerajaan, awak e Dewi Sumekar kroso panas.
Dewi Sumekar : “Patih Mangku, awakku kroso panas. Mandheg dhisik, aku pe adus.”
Patih Mangku Praja : “Nggih Ratu,” 
(pas wayahe adus, Dewi Sumekar kaget menowo bokor seng sadurunge digawe ethok-ethok mbobot ilang lan dheweke temenan mbobot)
Sawise takan kerajaan, Prabu Cilihawan murka kroso dipermainke karo Ki Ajar Wilis. Dheweke mrintahne anak buahe gawe mateni Ki Ajar Wilis.
Prabu Cilihawan : “Pengawal! Saiki melu aku nyerang padhepokane Ajar Wilis.” 
Pengawal : “Sendiko dhawuh Prabu.”
Padhepokan ancur lebur, Ki Ajar Wilis seda dipateni Prabu Cilihawan. Nanging, jasade ilang lan krungu kutukan menowo bayi seng dikandung Dewi Sumekar sing bakal mbalasne dendam marang prabu cilihawan.
Kutukan: “SOKBEN, BAYI SING DIBOBOT KARO DEWI SUMEKAR BAKAL MBALASNE DENDAMKU MARANG KOWE PRABU, ENTENONO WEKTU IKU.”
Sabare lair, bayi lanang kuwi diguwak dianyutne menyang kali karo Prabu Cilihawan, bapake dewe ora perduli. Dheweke mung butuh kekuasaan sepanjang masa. 
Nanging nasib mujur, bayi iku ditemu karo tukang wesi aran Ki Krawang lan bojone Nyai Krawang. Bayi iku diwenehi jeneng Ciung Wanara. Amarga ing perjalanan mulih nemuni manuk ciung lan wanara (ketek). 
Nyai Krawang : “Kang, aku kok keprungu suara bayi nangis.”
Ki Krawang : “Nyang ngendi Dhek?” (Ki Krawang clingak-clinguk ing pinggire kali)
Ki Krawang : “Bayi tenan Dhek,” (Ki Krawang nyemplung kali, marani peti ing tengah seng isine bayi.”
Nyai Krawang : “Gusti, ganteng tenan Kang.” (Nyai Krawang ngelus-ngelus sirahe Ciung Wanara)
Ki Krawang : “Bayi iki tak wenehi jenng Ciung Wanara.”
 Ciung wanara gedhe dadi pemuda sing gagah lan prakosa. Dheweke biso gawe senjata tanpo alat. 
Ing sawijining dina, Ciung Wanara moro ing Kerajaan Padjajaran. Marga kesaktiane, dheweke diangkat dadi prajurit kerajaan. Nanging dheweke kepengin nguasai kerajaan, lan akhire biso nglengserake kekuasane Prabu Cilihawan sing sajake bapake kandung.

Rabu, 15 Januari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (MAHARANI ADILLA 22-DANESYA BRIGITHA PRASIWI 10)

Lakon Tradisional 
Judul : Bawang Merah Bawang Putih
Produksi : Ludruk Kopasgat Trisula Dharma
Informan : Totok Imam Santoso, S. Ratno dan D. Puryadi
             BAWANG MERAH BAWANG PUTIH
(ing omah) Lurah lan isteri kaliyan Bayan lagi nrembug desa,babagan wabah penyakit sing nyerang desane. Suroso lan Subandi teko ngomong yen ana warga sing meninggal maneh. Lan akeh warga sing kena wabah penyakit. Sabanjure pak Lurah ngutus anak loro karone gawe nyusul mbak e sing lagi berguru. Amergo wangsit sing diterima nyaranke desa bakal tentrem yen putra sing sulung rabi.
Lurah :"buk, desa lagi kacau. Akeh warga sing kena wabah penyakit . aku kudu         kepiye ya buk?"
Isteri :"ee ladalah,iyo pak iki lagi usum penyakit. yen ora ana tindakan iso uga bakal akeh warga sing meninggal pak"
Lurah :"layo amergo kui buk,aku kudu cepet-cepet bertindak ben ora ana kedadeyan sing ora dikarepno"
Suroso :"pak pakk,wonten kabar ala ngenani desa"
Subandi :"njih pak,desa lagi kacau niki"
Lurah :"gek lungguh disik,lagek crito. Piye piye,ana apa?"
Subandi :" pak,njenengan kedah secepate bertindak niki kathah warga ingkang  pejah amergi wabah penyakit pun meraja lela"
Suroso :"njih niku leres pak"
Isteri :"eeee ladalahhhh...lagek ae aku ngomong malah wes kedadeyan pakkk"
Lurah :"iyoo,tak urusane dino iki,ojo sampek ana korban maneh"
Suroso,Subandi :"njih pakk"
(ing hutan) Supaham ngelamun dewean. Subandi lan Suroso teko agawe ngajak Supaham muleh omah. Supaham nolak malah gelut karo adhine dewe. Pak lurah teko gawe misahne terus ngajak Supaham muleh. Nanging Supaham tetep ora gelem akhire gawe Pak Lurah ngamuk lan maleh wujud dadi Harimau. Teko penolong sing nggowo pusaka,harimau kui ditusuk agawe harimau maleh wujud dadi manungso normal maneh. Pak lurah nggumun sebab Supaham ngerti kelemahane. Iku kedadeyan amergo Suroso (adhine) sing meneng-meneng njupuk keris ayahe ning omah. Sabanjure pak Lurah njelasne kabeh lan Supaham gelem diajak muleh bareng-bareng.
Suroso :"mas mass"
Subandi :"mas supaham"
Supaham :(ngelamunn)
Subandi :"heeee mas,kok ngelamun wae,aku arep ana perlu sing kudu tak omongke"
Suroso :"coba gatekno to mas"
Supaham :"ana apa!"
Suroso :"sampean kudu muleh omah saiki mas,iki darurat"
Supaham :"hasshhh,aku ora bakal muleh"
Subandi :"mas sampean kudu muleh,yen ora desa bakal bubrah mas"
Supaham :"kowe kowe kui kok mekso aku yo,yen aku muni ora yo ora(supaham emosi akhire gelut karo adhine dewe)
Lurah : e lho lho lho,wes mandek mandek lakok podo tukaran iki maksud e gek piye. WES HOPPP!!
Lurah : heeyy,supaham anakku wes leh mu gelut karo adhimu. Saiki bapak njaluk tulung kowe gek ndang muleh omah anakku. Tulung ngerti o marang kahanan sing kedadeyan ing desa saiki
Supaham :yen kula pun wegah nggih wegah pak.kula mboten purun wangsul dhateng griya.pun njenengan enggal kondur mawon (nadane dhuwur)
Lurah :la kowe opo pengen dadi anak durhaka. Yen iki pancen karepmu. Aghhhhhh (pak lurah maleh wujud dadi harimau)
Suroso :ndi bandi aku ngerti kelemahane bapak yen wes maleh wujud dadi harimau
Subandi :yen ngono cepet dak tulungen mas supaham so
Suroso ngetokne keris sing dijupuk saking ayahe sing dadi kelemahane bapake.
Banjur suroso nusuk harimau gawe keris sing digowo agawe harimau maleh wujud dadi manungso normal.
Lurah : (mbatin) lohhh suroso kok iso ngerti kelemahanku,soko ngendi suroso ngerti
Subandi :kula mboten wedi yen bapak badhe nyerang kula,mangga serang kula bapak
Lurah :stress kowe, mbok yo ngerti kahanan yen desa saiki lagi diserang wabah penyakit sing agawe warga akeh sing meninggal. Bapak kudu nggawe tindakan. Lan ning njero wangsit disebutno yen kui iso ilang syarate kowe Supaham kudu rabi
Supaham : (mikir suwi) nggih pun pak,yen niku saget mbantu warga supados mboten keserang wabah penyakit.
Lurah :yen ngono,ayo gek podo mbalek omah kabeh
(ing rumah desa) Ibu Mirah lagi ngenteni anak e sing ana ing sawah. Mirah muleh karo nangis,Mirah ngadu yen mari tukaran karo konco-koncone. Banjur ibu Mirah nasehati Mirah. Terus ibu Mirah mulai mbahas yen dheweke arep dirabi wong sugeh. Pak Harjo teko agawe ngajak Mirah lan ibu Mirah ngukuti barang-barange yen arep diajak boyongan ing kutho. Sakwise ngukuti barang banjur kabeh wong langsung budhal.
Mirah : (lagi nangis)...bukk!!
Ibu Mirah :ono opo nduk?
Mirah :kula bibar tukaran kalih rencang-rencang kula buk
Ibu Mirah :healah nduk,ojo nuruti emosi,yen ana apa-apa dirembugne sing apik
Ibu Mirah :ee nduk,ibu arep crita... yen ibumu iki arep dirabi karo wong konglomerat
Mirah :sinten buk?
Pak Harjo terus uluk salam
Pak Harjo :Assalamualaikum...ayo barang barange ndang podho dikukuti..gek ndang budhal
Mirah lan ibu Mirah ngukuti barang-barange
Mirah :sampun pak Harjo”
Pak Harjo :sip sip..ayo budhal saiki



(ing omah gedong) Putih lan Bujang ngomongke ngenani Pak Harjo sing arep rabi maneh.Pak Harjo teko karo mirah lan ibune.banjur ngenalne menyang anak e lan bujange kui. Sakwise nyerahne menyang anak lan bojone pak Harjo pamit budhal kerjo.
Bujang :tih putih..jare bapakmu arepe rabi maneh,bener ta?
Putih :iyoo bujang, arep ngrabi tiyang saka desa.tapi aku durung ngerti kaya pie wong e
Bujang :ealahh..betah-betahno ya tih. Biasane ibu kuwalon kui jahat loo.wkwkwk
Putih :gak kabeh ngono kok jang
Pak Harjo :putih ,bujang...
Putih ,Bujang :nggehhhh..
Pak Harjo :iki lo ibune mirah sing arep tak rabi ndukk putih,bapak njaluk Mirah dibantu yaa sing dibutuhno opo,ngesakne
Putih :nggeh pak...
Pak Harjo :yawes yen mengkono..bapak tak budhal kerjo saiki
Ibu Mirah :oohh nggeh mas..griyane kula jagane mangke
(ing omah gedong) Penampilan si Mirah lan ibune wes beda. Saiki Mirah ngalem. Sakwalik e si Putih malah sing nyambut gawe . Pak Harjo teko, Mirah lan Ibune ngadu ngomong yen Putih ora gelem sekolah lan ora gelem resik-resik,menyang ibune wani eram. Si Putih diceluk lan diseneni karo ayahe banjur Putih disekap ing pawon.
Ibu Mirah :Putih...aku saiki kesel bar perjalanan adoh,saiki aku njaluk tulung resikono omahe kabeh ya.gelem kan?
Putih :kula sedanten buk?
Mirah :iyo lah tih (nada sinis). Gek ndang budhal resik-resik aku tak turu disik.kesellll
Putih ngelus dada,tapi ya tetep resik-resik omah...sakwise resik-resik Putih keturon ing kursi ruang tamu..sampek Pak Harjo muleh 
Pak Harjo :assalamualaikum,ndukk ndukk kok turu ing kene turu ing kamar kono lhoo
Ibu Mirah :ehh sampun dugi to mas..mass, putih niki lo kok mboten purun mbantu-mbantu kula nggih mboten purun sekolah.tilem mawon ket wau.napa mboten seneng yen kula dhateng mriki njih?
Pak Harjo :Putih turu ae? Ora mengkono bukk,tak kandanane ngko Putih..wes buk sing tenang
Ibu Mirah senengg,Pak Harjo sik mbelani...
Pak Harjo : tihh putihh tihhh
Putih :nggeh pakk
Pak Harjo :maksudmu gek piyee tih kok ora iwang-iwang ibumu..mangkel akuu.wes saiki ayo melu akuu
Putih :mboten mekaten pakk...kula sing resik-resik sedanten pakkk
Pak Harjo ora nggatek omongane Putih trus nyekap Putih ing pawon.
(ing pawon) Putih lagi turu karo nangis amergo nasibe sing malang. Tiba-tiba Nyi Towok teko nulungi,dikeni klambi lan Putih dikongkon ndelok keramean ing Balai Desa.
Putih : duh Gusti kok koyok ngene kahanane. Opo iyo ibu kuwalon kui mesti jahatt putih karo nangis 
Nyi Towok teko banjur ngekeni Putih klambi
Nyi Towok :tihhh..klambi iki gawenen moro o Balai Desa
(ing Balai Desa) Kepala desa nyambut tamu. Pak Harjo lan kaluwarga uga ana amarga sibuk ning tayuban,moro-moro ana geni para tamu nyebar podo nylametke dewe-dewe,semono uga Putih sandal ditinggal. Banjur Supahan nggoleki sing nduwe sandal kasebut Banjur Bayan didhawuhi nggoleki.
Lurah :ayo para tamuu,enggal pinarak
Pak Harjo lan kaluwarga sibuk ing tayuban,banjur ana geni sing nyebar ing balai desa,para tamu podo playon nylametne awak e dhewe-dhewe. 
Sandale Putih cepot pas mlayu,banjur ditemu Supaham. Supaham pengen ngerti kui sandale sopo.
Supaham :mbatin sandale sapa iki...yan bayann
Bayan :ono opo?
Supaham :golekana sing ndue sandal iki,penting!
Bayan :okeee okeee
(ing dalan)Bayan ngalangi para tamu supaya nyocokne sandal kasebut. Banjur Si Putih ngliwati dalan lan dikandhani supaya nyocokne sandale. Pranyata sandal kasebut cocok karo sikile Putih lan pungkasane Putih digawa menyang Balai Desa.
Bayan :para tamuuu...enteni sedelo,aku arep ngecek iki sepatu duwenen sopo
Bayan njajalno sepatu kui neng para tamu kabeh tapi ora sing cocok
Bayan :ayo sampean jajal sepatune iki (marang Putih)
Putih :nggehh
Akhire sepatune cocok ning sikile Putih.
Bayan :waahh iki lo sing tak golek i ayo melu aku bali neng balai desa yaa
Bayan ngajak Putih bali neng balai desa 
(ing omah gedong)Kepala Desa lan kaluwarga ngenteni tekane Bayan ora suwi maneh bayan teka karo si Putih. Sawise dikenalne dheweke banjur melbu. Harja teka lan ujar yen Mirah kelangan sandal.Si Merah jajal sandal kasebut ora cocok. Sawise dijelasne karo putih pak lurah sadar lan njaluk ngapura kanggo Putih putri kandunge dewe. Si Mirah lan ibune diusir saka omahe lan Si Putih dadi mantune pak lurah karo Supahan.
Bayan :pakk.iki lo sing ndue sepatunee
Putih :njih.niki nggen kula pak,wonten napa njih?
Lurah :sapa jenengmu?
Putih :nami kula Putih pak
Pak Harja :pak Lurah napa wonten sandal ilang.Mirah kelangan sandal niki
Bayan :coba gawenen iki mirah sepatune,cocok pora”
Mirah :loh kok ora cocok yaa
Putih :pakkkk.kula badhe matur yen Mirah lan Ibune niku pun gadah niat jahat dhateng njenengan,kula mboten ngapusi pak. Kula diutus resik-resik nanging Mirah lan Ibune malah tilem sedaya,akhire kula mboten sekolah.kula pun mboten betahh pak..sepuntenne kula matur ngeteniki
Pak Harjo :apa bener kui buk?
Ibu Mirah lan Mirah bingung lan keweden.akhire meneng ae
Pak Harjo :wes sepurane buk..saiki sampean minggato ora usah bali maneh.aku getun ora percoyo anakku kandung dewe
Ibu Mirah :yen kui karepmu,aku tak minggat rausah nggolek i aku maneh
Ibu Mirah lan Mirah mlayu ngalih
Lurah :wess wesss...saiki wes ngerti jawabane..iki tandane pancen wes takdire..Putih karo Supaham bakal rabi
Supaham lan Putih mesem-mesem senengg....

Senin, 13 Januari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (SETYO MUKTI QONIAH 28-NOFARIAN AJI W 24)

                             BABAD LOCERET
Jaka Kempul pamitan naliko Ing Kedhung Dandang Ki Setopo menehi wejangan marang murid-muride. 
Jaka Kempul : “Nuwun sewu Rama, kulo badhe pamit ngabdi dhateng Mataram. Nyuwun pangestunipun Rama.”
Ki Setopo : “Iyo nak, tapi awakmu kudu tapa lan kudu iso nemokake pusaka Kraton Mataram    kang ilang yaiku pusaka Bendhe Sekar Delima.”
Jaka Kempul : “Inggih Rama.”
Jaka Kempul mangkat tapa tumuju alas Loceret ngajak Mangundikara. Ing alas Loceret ana Jim Srenggono lagi koyah karo adhine, banjur ana gerombolan Jim kang laporan yen ing alas sisih kidul ana manungsa tapa kang ngakibatake jim-jim lan panunggu ing alas Loceret mati kepanasan. Banjur Jim Srenggono mangkat kanggo mbuktiake.
Jim Srenggono : “apa bener kang diomongake jim-jim kuwi” (mbatin) “hiih ana-ana wae tingkahe manungso iki!” (mlaku marani wong kang lagi tapa).
Ing tengah alas Loceret, Jim Srenggono ngiwasi ana uwong kang lagi tapa.
Jim Srenggono : “Loh la kae sing tapa lakyo Jaka Kempul to, tibak e bener sing diomongne jim-jim kamau” (mbatin) , “hoee jim-jim  minggiro, Jaka Kempul tak urusane, kowe (jim-jim) ngurusi Mangundikoro wae!.”
Jim-Jim : “Sendiko dawuh.”
Mangundikara dikroyok Jim-Jim nganti mlayu neret-neret.
Jim Srenggono : “ Hoe Jaka Kempul, ana perlu apa awakmu tapa ing alas Loceret iki?.”
Jaka Kempul : “Ora usah takon reno-reno!.”
Jim Srenggono : “Ayo gelut wae yen awakmu ora gelem njelasne tujuanmu tapa ing alas Loceret iki!.”
Jaka Kempul: “Ayo.” 
Jaka Kempul semaput. Banjur Jim Srenggini kaget ngiwasi Jaka Kempul amarga deweke nate ketemu ing mimpi. Ngerti yen Jaka Kempul semaput, Jim Srenggini ora meneng wae.
Jim Srenggini : “Mas..mas..mas...” (nepuk-nepuk lengene Jaka Kempul) “tak iwas-iwasi uwong iki kok ganteng yo praupane yo gagah, persis karo mimpiku” (mbatin).
Jaka Kempul : (kriyip-kriyip) “Ana apa?.”
Jim Srenggini : “Sampean asmane sinten nggih?.”
Jaka Kempul : “Jenengku Jaka Kempul” (karo ngiwasi mripate Jim Srenggini kang berbinar).
Jim Srenggini : “Ooo Mas Jaka Kempul” (mesem) “Aku Srenggini, adhine Jim Srenggono” (karo nadahne tangan tengen).
Jaka Kempul : “Ana apa awakmu rene?” (linglung).
Jim Srenggini : “Aku kamau ngerti yen sampean semaput amarga gelut karo Jim Srenggono, banjur sampean tak tulungi.”
Jaka Kempul penasaran karo tujuan sikap perhatiane Jim Srenggini.
Jaka Kempul : “Kenapa awakmu kok perhatian eram karo aku?.”
Jim Srenggini : “mmmm sak jane aku iki tresno karo sampean.”
Jaka Kempul : (kaget) “wah iki kesempatan kanggo ngalahne Jim Srenggono” (mbatin karo mesam-mesem). “Aku gelem nampa tresnomo, tapi ana syarate!.”
Jim Srenggini : “Apa syarate?.”
Jaka Kempul : “Awakmu kudu nduduhi aku apa kelemahane Jim Srenggono!.”
Jim Srenggini setuju, banjur nduduhake apa kelemahe Jim Srenggono.

Sak banjure dikandani Jim Srenggini, Jaka Kempul sing wis weruh kelemahane Jim Srenggono marani Jim Srenggana,ing alas nantang duel maneh.wong loro mau banjur gelut adu kesaktian maneh.

Jaka Kempul :”Jim Srenggana!, aku nantang awakmu duel maneh.”
Jim Srenggana :”awakmu maneh, awakmu durung kapok ta kalah duel karo aku”
Jaka Kempul :”hmm…. Ojo sombong dhisik awakmu aku bisa ngalahno awakmu sak iki.”
Jim Srenggana :”Ojo kakean omong. Hyaaaa…..”

Jaka Kempul lan Jim Srenggana adu kekuatan, amarga Jaka Kempul weruh kelemahanne Jim Srenggana , Jim Srenggana kalah duel

Jim Srenggana :”aduh……”
Jaka Kempul :”amarga awakmu wis kalah aku gelem ngawini adhimu nanging ana syarate.”
Jim Srenggana :”opo syarate?”
Jaka Kempul :”syarat kasiji, alas Loceret iki kudu dibabat.”
Jim Srenggana :”lha syarat liyane opo?”
Jaka Kempul :”awakmu kudu iso nemokake Bandhe Sekar Delima”
Jim Srenggana :”oke… aku sanggup menuhi syaratmu kuwi”

Jim Srenggana sing nyanggupi syarat Jaka Kempul mau budhal nggoleki Bandhe Sekar Delima

Jaka Kempul, Jim Srenggono lan jin-jin banjur mbabat alas Loceret lan menehi jeneng-jeneng panggonan ing alas mau.

Ing Kramat Ki Panepen karo loro anakke, Kintaka, Kinasih, lan abdine omong-omongan perkara alas Loceret sing wis dibabat lan dadi desa sing rame.
Ki Panepen :”Opo bener yen alas Loceret wis dibabat lan dadi desa.”
Kintaka :”Miturut omongane wong-wong desa kabar punika bener”
Ki Panepen :” Kinasih coba awakmu priksa alas Loceret saiki
Kinasih :”inggih rama”
Ki Panepen :”Kintaka coba kabari Bupati Tejaprana ing Kediri kabar iki”
Kintaka :”Inggih Rama”
Ing Kediri Bupati lan punggawa serta prajurite mbahas ketatanegaraan. Kintaka moro lapor berita babagan alas Loceret sing wis dadi desa 
Kintaka :”nyuwun sewu Bupati”
Tejaprana :”ana apa Kintaka?”
Kintaka :”kula mara ing Kediri badhe lapor babagan alas Loceret sing dibabat
Tejaprana :”Apa brita kuwi bener?
Kintaka :”Miturut kabar wong-wong desa, kabar punika bener”
Tejaprana :”yowis tak buktekna dewe kabar kuwi”

Bupati lan prajurite mara ning Loceret kanggo ndelok yen alas Loceret wis dibabat miturut brita sing disampekne Kintaka.

Ing Loceret Jaka Kempul lan Jim Srenggini lagi omong-omongan. Jaka Kempul ndelok yen ana wong nyanyi lan diceluk.

Jaka Kempul :”oi…sapa jenengmu?”
Kinasih :”kula Kinasih”

Ndhelok Kinasih sing ayu Jaka Kempul kasmaran. Bupati Tejapran lan prajurite sing wis teka Loceret banjur marani Jaka Kempul. Bupati nyeneni Jaka Prana.
Tejaprana :”apa awakmu sing wis mababat alas Loceret?”
Jaka Kempul :”bener, aku sing wis mababat alas Loceret iki.”
Tejaprana :”apa tujuanmu mbabat alas iki?”
Jaka kempul :”apa urusanmu?”
Tejaprana :”alas iki wilayahku, kowe kudu nerima akibate mbabat alas iki. hyaa”
Jaka Kempul :”hyaaa……”

Jaka Kempul gelut karo Tejaprana lan Prajurite. Ki Panepen lan Kintaka sing teko banjur ngadem ngademi lan banjur njelasne masalahe. Kinasih banjur dijodohne karo Bupati Tejaprana. Jaka Kempul lan Kintaka banjur budahal menyang Mataram.