Senin, 13 Januari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (SETYO MUKTI QONIAH 28-NOFARIAN AJI W 24)

                             BABAD LOCERET
Jaka Kempul pamitan naliko Ing Kedhung Dandang Ki Setopo menehi wejangan marang murid-muride. 
Jaka Kempul : “Nuwun sewu Rama, kulo badhe pamit ngabdi dhateng Mataram. Nyuwun pangestunipun Rama.”
Ki Setopo : “Iyo nak, tapi awakmu kudu tapa lan kudu iso nemokake pusaka Kraton Mataram    kang ilang yaiku pusaka Bendhe Sekar Delima.”
Jaka Kempul : “Inggih Rama.”
Jaka Kempul mangkat tapa tumuju alas Loceret ngajak Mangundikara. Ing alas Loceret ana Jim Srenggono lagi koyah karo adhine, banjur ana gerombolan Jim kang laporan yen ing alas sisih kidul ana manungsa tapa kang ngakibatake jim-jim lan panunggu ing alas Loceret mati kepanasan. Banjur Jim Srenggono mangkat kanggo mbuktiake.
Jim Srenggono : “apa bener kang diomongake jim-jim kuwi” (mbatin) “hiih ana-ana wae tingkahe manungso iki!” (mlaku marani wong kang lagi tapa).
Ing tengah alas Loceret, Jim Srenggono ngiwasi ana uwong kang lagi tapa.
Jim Srenggono : “Loh la kae sing tapa lakyo Jaka Kempul to, tibak e bener sing diomongne jim-jim kamau” (mbatin) , “hoee jim-jim  minggiro, Jaka Kempul tak urusane, kowe (jim-jim) ngurusi Mangundikoro wae!.”
Jim-Jim : “Sendiko dawuh.”
Mangundikara dikroyok Jim-Jim nganti mlayu neret-neret.
Jim Srenggono : “ Hoe Jaka Kempul, ana perlu apa awakmu tapa ing alas Loceret iki?.”
Jaka Kempul : “Ora usah takon reno-reno!.”
Jim Srenggono : “Ayo gelut wae yen awakmu ora gelem njelasne tujuanmu tapa ing alas Loceret iki!.”
Jaka Kempul: “Ayo.” 
Jaka Kempul semaput. Banjur Jim Srenggini kaget ngiwasi Jaka Kempul amarga deweke nate ketemu ing mimpi. Ngerti yen Jaka Kempul semaput, Jim Srenggini ora meneng wae.
Jim Srenggini : “Mas..mas..mas...” (nepuk-nepuk lengene Jaka Kempul) “tak iwas-iwasi uwong iki kok ganteng yo praupane yo gagah, persis karo mimpiku” (mbatin).
Jaka Kempul : (kriyip-kriyip) “Ana apa?.”
Jim Srenggini : “Sampean asmane sinten nggih?.”
Jaka Kempul : “Jenengku Jaka Kempul” (karo ngiwasi mripate Jim Srenggini kang berbinar).
Jim Srenggini : “Ooo Mas Jaka Kempul” (mesem) “Aku Srenggini, adhine Jim Srenggono” (karo nadahne tangan tengen).
Jaka Kempul : “Ana apa awakmu rene?” (linglung).
Jim Srenggini : “Aku kamau ngerti yen sampean semaput amarga gelut karo Jim Srenggono, banjur sampean tak tulungi.”
Jaka Kempul penasaran karo tujuan sikap perhatiane Jim Srenggini.
Jaka Kempul : “Kenapa awakmu kok perhatian eram karo aku?.”
Jim Srenggini : “mmmm sak jane aku iki tresno karo sampean.”
Jaka Kempul : (kaget) “wah iki kesempatan kanggo ngalahne Jim Srenggono” (mbatin karo mesam-mesem). “Aku gelem nampa tresnomo, tapi ana syarate!.”
Jim Srenggini : “Apa syarate?.”
Jaka Kempul : “Awakmu kudu nduduhi aku apa kelemahane Jim Srenggono!.”
Jim Srenggini setuju, banjur nduduhake apa kelemahe Jim Srenggono.

Sak banjure dikandani Jim Srenggini, Jaka Kempul sing wis weruh kelemahane Jim Srenggono marani Jim Srenggana,ing alas nantang duel maneh.wong loro mau banjur gelut adu kesaktian maneh.

Jaka Kempul :”Jim Srenggana!, aku nantang awakmu duel maneh.”
Jim Srenggana :”awakmu maneh, awakmu durung kapok ta kalah duel karo aku”
Jaka Kempul :”hmm…. Ojo sombong dhisik awakmu aku bisa ngalahno awakmu sak iki.”
Jim Srenggana :”Ojo kakean omong. Hyaaaa…..”

Jaka Kempul lan Jim Srenggana adu kekuatan, amarga Jaka Kempul weruh kelemahanne Jim Srenggana , Jim Srenggana kalah duel

Jim Srenggana :”aduh……”
Jaka Kempul :”amarga awakmu wis kalah aku gelem ngawini adhimu nanging ana syarate.”
Jim Srenggana :”opo syarate?”
Jaka Kempul :”syarat kasiji, alas Loceret iki kudu dibabat.”
Jim Srenggana :”lha syarat liyane opo?”
Jaka Kempul :”awakmu kudu iso nemokake Bandhe Sekar Delima”
Jim Srenggana :”oke… aku sanggup menuhi syaratmu kuwi”

Jim Srenggana sing nyanggupi syarat Jaka Kempul mau budhal nggoleki Bandhe Sekar Delima

Jaka Kempul, Jim Srenggono lan jin-jin banjur mbabat alas Loceret lan menehi jeneng-jeneng panggonan ing alas mau.

Ing Kramat Ki Panepen karo loro anakke, Kintaka, Kinasih, lan abdine omong-omongan perkara alas Loceret sing wis dibabat lan dadi desa sing rame.
Ki Panepen :”Opo bener yen alas Loceret wis dibabat lan dadi desa.”
Kintaka :”Miturut omongane wong-wong desa kabar punika bener”
Ki Panepen :” Kinasih coba awakmu priksa alas Loceret saiki
Kinasih :”inggih rama”
Ki Panepen :”Kintaka coba kabari Bupati Tejaprana ing Kediri kabar iki”
Kintaka :”Inggih Rama”
Ing Kediri Bupati lan punggawa serta prajurite mbahas ketatanegaraan. Kintaka moro lapor berita babagan alas Loceret sing wis dadi desa 
Kintaka :”nyuwun sewu Bupati”
Tejaprana :”ana apa Kintaka?”
Kintaka :”kula mara ing Kediri badhe lapor babagan alas Loceret sing dibabat
Tejaprana :”Apa brita kuwi bener?
Kintaka :”Miturut kabar wong-wong desa, kabar punika bener”
Tejaprana :”yowis tak buktekna dewe kabar kuwi”

Bupati lan prajurite mara ning Loceret kanggo ndelok yen alas Loceret wis dibabat miturut brita sing disampekne Kintaka.

Ing Loceret Jaka Kempul lan Jim Srenggini lagi omong-omongan. Jaka Kempul ndelok yen ana wong nyanyi lan diceluk.

Jaka Kempul :”oi…sapa jenengmu?”
Kinasih :”kula Kinasih”

Ndhelok Kinasih sing ayu Jaka Kempul kasmaran. Bupati Tejapran lan prajurite sing wis teka Loceret banjur marani Jaka Kempul. Bupati nyeneni Jaka Prana.
Tejaprana :”apa awakmu sing wis mababat alas Loceret?”
Jaka Kempul :”bener, aku sing wis mababat alas Loceret iki.”
Tejaprana :”apa tujuanmu mbabat alas iki?”
Jaka kempul :”apa urusanmu?”
Tejaprana :”alas iki wilayahku, kowe kudu nerima akibate mbabat alas iki. hyaa”
Jaka Kempul :”hyaaa……”

Jaka Kempul gelut karo Tejaprana lan Prajurite. Ki Panepen lan Kintaka sing teko banjur ngadem ngademi lan banjur njelasne masalahe. Kinasih banjur dijodohne karo Bupati Tejaprana. Jaka Kempul lan Kintaka banjur budahal menyang Mataram.     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar