Minggu, 09 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (ARJI SIWI P 07-HELMY ADINTA P 13-SHILFIINAA A 29)

                           Londo Gadungan
        Pak R. Wiryo yaiku wong sing nde desone dikenal isih ndue pikiran kuno. Pak Wiryo nduweni anak jenenge Sri Ajeng. Sri Ajeng bolak-balik dilamar karo cah lanang-lanang nde desone sing sak barakan, tapi mesti ditampik karo pak e. Ing sakwijining wektu, Sri Ajeng petukan karo wong lanang, Parno. Sri Ajeng di celuk karo Parno, tapi Sri ora gelem semaur. Sri malah ngelok-ngelokne Parno. Pas kuwi ning ndalan, Parno karo Jamal, lagi ngomongake penggaweane sing dadi bakul jamu.

Parno : "Aku ketbiyen bakul jamu ngene-ngene tok ae, gak maju-maju"
Jamal : "Bisnis karo aku pie?"
Parno : "Bisnis opo, Mal?
Jamal : "Sik-sik tak pikire"
Parno : "E ladalah, takkiro wes intuk bisnis, lakok lagek mikir. Kesuwen" (mlengos)

Parno lan Jamal ngingeti Sri Ajeng lewat.

Parno : "Eh Sri, bar teko ndi? Kok dewe ae"
Sri Ajeng : "Nyapo kok takok-takok barang, kowe lo sopo?!" (Sri ngelok-ngelokne Parno)
Parno : "Biyuh alah, kok koyok macan"

     Sri Ajeng langsung ngadoh teko panggone Parno karo Jamal ngadek. Parno karo Jamal rodok nggondok karo saurane Sri ndek mau.

Jamal : "La menungso omongane kok clekat clekit ngono lo"
Parno : "Umume wong wedok, Mal"

    Bar ndelok Sri koyok ngono mau, Jamal ndue akal. Mergane Pak Wiryo, pak e Sri Ajeng iku pengen ndueni mantu wong luwar negeri, mulane Jamal ngejak Parno ngelamar Sri Ajeng iku. Supaya lamarane ditampa, Parno nyamar dadi wong londo. Parno lan Jamal moro ing omahe Rajak lan bojone, gawe nyewa rambut palsu lan perkakas macak.

Jamal : "Assalamualikum, Jak, Rajak"
Rajak : "Waalaikumsalam, enek opo ki?"
Jamal : "Anu, aku arep nyewo rambut palsu karo perkakas macak"
Rajak : "La arep mbok gawe opo? Sopo sing arep macak?"
Jamal : "Parno ki lo, ben rodok bagus rupane"
Rajak : "Woalah, enek-enak ae. Sik tak omongne bojoku, karo tak jupukne pisan"

    Rajak melbu omah, lan mbalik wis nggowo rambut palsu lan pacak-pacakan.

Rajak : "Ki lo, gowonen sik, mbayare keri ae"
Jamal : "Tenan ki? Suwun lo yo"
Rajak : "Yo, gampang"
Jamal : "Tapi aku tak macaki ning kene ae wis"
Rajak : "Wo ngono, yowis ndang melbu"

     Parno lan Jamal melbu omahe Rajak, Parno langsung dipacaki karo Jamal. Parno nggawe rambut palsu, raine dipacaki amprih persis karo wong londo. Rupane Parno wis bedo karo sak durunge, mangklingi. Jamal lan Parno langsung budal ning omahe Pak Wiryo gawe ngelamar Sri Ajeng.
     Sak tekane ing omahe Pak Wiryo, tibake sik enek wong sing ngelamar Sri Ajeng. Teko njobo ketok Sri Ajeng, Pak Wiryo, karo bojone lagi nemoni tamu.

Parno : "Loh Mal, Sri wis dilamar wong neh, ditompo po ra ya"
Jamal : "Ora wi, wong rupane gak koyok londo kok"
Parno : "Wo iyo ya, wis jelas aku ki sing ditompo"
Jamal : "Wo jelas. Wis di enteni ae, ngko lek wong wi wis metu, ganti awakedewe sing melbu"

    Gak suwi, tamu sing ngelamar Sri Ajeng wis metu, rupane mrengut ae.

Jamal : "Eh eh, we bar nglamar Sri yo?
Tamu : "Iyo mas"
Jamal : "Pie? Ditompo opo ora?"
Tamu : "Ora e mas. Peh ambyar aku"
Jamal : "Yowes ndang muleh ados, ambumu kecut"
Tamu : "Woo ancen e!"

    Parno lan Jamal langsung melbu ing omahe Pak Wiryo. Parno lan Jamal langsung ngomong lek tujuwane yaiku ngelamar Sri Ajeng. Pas ngelamar, Parno nggawe boso londo sak isone Parno, sing angel dingerteni karo Pak Wiryo. Lan Jamal dadi juru basa ne Parno.

Parno : "Ai yem, in hiyer won to get merit with yor daugter" (ngomonge karo pedot-pedot)
Pak Wiryo : "Omong opo kowo iki?"
Jamal : "Ngapunten pak, Parno niki saking Inggris, dados ngendikan e nggih Inggris"
Pak Wiryo : "La maksude opo? Jawano ning aku"
Jamal : "Parno niki badhe ngelamar putrinipun panjenengan, Sri Ajeng"
Pak Wiryo : "Woo ngono to le. Yo seneng aku lek sing ngelamar anakku wong londo ngeneki. Wis tompo wae yo nduk, manut o bapak"
Sri Ajeng : "Nggih pun pak, kula manut panjenengan mawon" (Sri pasrah tapi bingung, Parno lan Jamal senenge ora karuan)
Jamal : "Brarti niki kapan acara ageng e? Anu, akad e pun maksude"
Pak Wiryo : "Wo yo sak cepet e, minggu ngarep yo kenek"
Parno : "Yes, yes, minggu ngarep" (Parno kesenengen)
Pak Wiryo : "Lo kok iso basa jawa le?"
Parno : "Oh, little little"
Jamal : "Terose Parno, saget basa jawa sekedik sekedik"
Pak Wiryo : "Wo ngono, yowis minggu ngarep ya ki pokoke. Tak totone ngko sak sembarange"
Jamal : "Nggih pak, leres"

    Rasane ganti dina saiki cepet. Gak suwi, wis seminggu kepungkur, saiki tanggal e Parno, londo gadungan, lan Sri Ajeng rabi. Sri Ajeng lan londo gadungan lungguh jejer wong loro ing terop.
     Sak bar e acara, Jamal lan londo gadungan njaluk pamit disik, alasane gawe nyepakake upacara peresmian pabrik modal asing. 

Jamal : "Pak, buk, Sri, kula kalihan rencang kula pamit rumiyen nggih, ngapuntenipun ingkah katah. Rencang kula niki badene nyepakaken damel upacara peresmian pabrik modal asing.
Pak Wiryo : "Woh ndue pabrik barang yo, jos ki pokok e. Yowes ati-ati yo"
Jamal : "Nggeh pak, buk monggo"

    Sesok e, Pak Wiryo, bojone, lan Sri Ajeng jawane arep nekani panggon peresmian pabrik e mantune. Tapi ing ndalan tibak e petukan Parno lan Jamal.

Bojone pak Wiryo : "Loh pak, kuwi opo gak yo Jamal karo... sopo ya wi koyok tau ruh sing sitok e"
Pak Wiryo : "Iyo buk sopo ya wi sitok e?"
Sri Ajeng : "Loh pak, buk, niku londo sing rabi kalihan kula!"
Bojone Pak Wiryo : "Wo iyo pak, bener bener!"
Pak Wiryo : "Kurang ajar! Ayo diparani!"

    Pak Wiryo, bojone lan Sri Ajeng marani Parno lan Jamal.

Pak Wiryo : "Heh londo gadungan! Wani-wanine yo kowe ngapusi aku lan anak bojoku! B*jing*n an wong loro ki! Critone ndue pabrik gede, tibak e trimakno bakulan jamu ngeneki?!"
Parno : "Aduh, Mal pie ki? Kabeh wis podo ruh" (ngomong karo bisik-bisik)
Jamal : "Yowis Par, pasrah ae. Pancen ngene dalan e"
Pak Wiryo : "Wis pokoke pegat o ae karo anakku, bar ngono lunga o sing adoh! Wegah aku ngingeti rai-raimu neh! Ayoh buk, Sri, muleh, ora enek pabrik sing arep diparani, kabeh ngapusi"

     Pak Wiryo sak kaluwarga ngamuk kabeh marang Parno lan Jamal.

Parno : "Wis iki goro-goro akalmu Mal, maleh ruwet ngeneki. Ngurusi pegatan barang. Lagek rabi sedino ae kon pegat"
Jamal : "Yowes tak iwangi ngurusi pegatmu sesok"
     Parno lan Jamal nerusne bakul jamu.

TAMAT

LAKON SANDIWARA LUDRUK (BAGUS WAHYU PAMUNGKAS 08-DANDA FAZA KAUTSAR 09)

                            DUKUN TIBAN 

Ing dino Senin isuk, Sumiati diutus ibune ngeterake rantang mara ing sawah kanggo kirirman sego bapake, Pak Sumiata.
Ibu Sumiati                 :”Nduk, iki segone bapak tulung sampean terno ing sawah yo!”
Sumiati                        :”Inggih bu”
            Ing tengah – tengah dalan mara ing sawah, Sumiati ketemu wong lanang 2 sing lagi gelut ing dalan.
Wong lanang 1             :”Nyapo kowe? Kowe jane nduwe masalah opo karo aku?”
Wong lanang 2             :”Halaaaahhh, rasah kakean omong. Majuo rene!”
            Sumiati kaget lan njumbul 
Sumiati                        :”Astaghfirullah. Tulungg!!! Tulunggg!!! Ana wong gelut.
            Ora suwe, akhire Pak Bayan lan Pak Lurah lewat lan marani Sumiati lan wong enom iku amarga krungu ana suara rame – rame.
Pak Bayan                   :”Hehhhh........ mandek mandek!!!”
Pak Lurah                    :”Ana opo to iki kok rame wae? Kene dibarne ing kantor desa wae. Gak usah rame ana ing tengah dalan!”
            Sakwise wong lananag – lanang kuwi digowo ing kantor desa. Sumiati lanjut mlaku mara ing sawah. Ujug – ujug Rebo metuki Sumiati.
Rebo                            :”Arep nang ndi, dekk?”
Sumiati                        :”Arep ngirim bapak ing sawah mas.”
Rebo                            :”Sik dek. Aku arep ngomong sedhelo.”
Sumiati                        :”Ngomong opo mas?”
Rebo                            :”Ngene lho dek, aku wis ngomong ,arang wong tuwaku babagan sing ana ing anatarane kowe lan aku.”
Sumiati                        :”Pripun mas?”
Rebo                            :”Bapakku ngomong yen panjenenganipun ora setuju yen aku ngrabi kowe, dek.”
            Krungu opo sing diomong Rebo, Sumiati banjur kaget.
Sumiati                        :”Duh gusti, nelangsane atiku. Padahal aku tresno temenan karo sampeyan,mas. Aku mending mati mas yen aku ora iso rasi karo Mas Rebo.”
Rebo                            :”Mas yo ra bisa nglakoni opo – opo dhik. Iku wis karepane wong tuwaku.”
            Sumiati banjur nerusake mlakune ngirim bapake tanpa ngomong opo – opo marang Rebo.
Rebo                            :”Dhik, kowe arep neng ndi?” (mbengok marang Sumiati)
            Ing sajroning mlaku ngirim bapake, Sumiati mikir kepriye carane yen Sumiati bisa rabi karo Rebo. Pas mlaku balik mulih, dheweke ketemu Rebo maneh.
Sumiati                        :”Mas.....Mas Rebo!”
Rebo                            :”Ana opo dhik? Kowe nesu karo aku ta?”
Sumiati                        :”Ora mas. Aku pingin ngomongi sampeanyen aku nduwe cara amprih wong tuwane sampean bisa setuju yen awakdewe rabi.”
Rebo                            :”Kepriye dhik?”
            Sumiati bisiki Rebo babagan rencanane Sumiati. Pas Sumiati teko ing omah, Sumiati uga glakokake sing diomongne karo Rebo.
Ibu Sumiati                 :”Sum... rantange uwes diparingne bapak?”
Sumiati                        :”Mboten......mboten.......”
Ibu Sumiati                 :”Jawabanmu kok ora nyambung blass to sum?”
Sumiati                        :”Mboten......mboten......”
            Rebo teko ing omahe, ujuk – ujuk Bapak Rebo nguncalake tas isine klambi menyag Rebo.
Bapak Rebo                :”Kowe yen ora iso mungkasi yen mu pacaran karo Sumiati, minggato wae!!! (mbengok nesu marang Rebo)
Rebo                            :”Kula mboten saget pisah kaliyan Sumiati,pa..”
Bapak Rebo                :”Yowes, saiki minggato kono!”
            Ndelok keadaane Sumiati kang aneh, Ibu Sumiati banjur ngomong kaliyan Bapak Sumiati. Ibu Sumiati ngomong yen sakbare muleh saka sawah  dadi aneh. Bapak Sumiati ngomong yen Sumiati iku saiki lagi loro pikir. Banjur bapak Sumiati nggoleki dukun kanggo ngobati Sumiai kang lagi loro pikir. Ing tengah dalan,Bapak Sumiati ora sengojo petukan Rebo. Nanging bapak Sumiati iku oora weruh yen Rebo iku pacare Sumiati.
Bapak Sumiati            :”Kowe arep neng ndi lee....?”
Rebo                            :”Mboten dhateng pundi – pundi pak.”
Bapak Sumiati            :”Wahhh ketepakan le..... Bapak arep njaluk tulung kowe.”
Rebo                            :”Nyuwun tulung punapa pak?”
Bapak Sumiati            :”Iku lho leee Sumiati, dheweke lagi lara pikir. Tulung golekne tombo ing dukun kanggo ngobati Sumiati.
Rebo                            :”Inggih pak, mangke kula padhosaken dukun kang bisa ngobati Sumiati.”
            Ing dino sesoke e,Rebo mara ing omahe Pak Sumiati. Revo ngomong yen dhewejw uwis nejmu dukun kang bisa ngobati Sumiati. Dhewekw ngomong yen sing bisa ngobati Sumiati iku Pak Rebo. Tapi ana syarate,yaiku Pak Sumiati kudu nggawa gepuk pring. Pak Sumiati nyanggupi syarat saka Rebo. Akhire pak Sumiati iku mara ing omahe Pak Rebo.
Pak Sumiati                 :”Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh, pak”
Pak Rebo                     :”Waalaikumussalam Warahmatullahi Wabarakatuh. Inggih ana apa pak?”
Pak Sumiati                 :”Kula badhe nyuun tulung pak. Putra kula sakniki lagi sakit. Sing bisa ngobatki putra kula niki namung panjenengan. Saestu kula nyuwun tulung kaliyan panjenengan pak.”
Pak Rebo                     :” Kula mboten saged pak.”
Pak Sumiati                 :”Woooo, iki aku uwis goyo gepuk pring. Yen aku gelem, iso tak gepukne ning kowe saiki!”
Pak Rebo                     :”Walahh walahhh, iyo aku budhal.” (masang wajah wedi lan kepekso)
            Saktekane omahe Pak Sumiati, tibakne dukun sakti kang dimaksud Rebo uga uwis teka. Dukun iku dikongkon mlebu ing kamare Sumiati.
Pak Sumiati                 :”Mangga pak, niki putra kula ingkang loro pikir.”
Dukun sakti                 :’Inggih pak,niki kula obati rumiyin.”
            Akhire dukun iku mlebu ing kamare Sumiati kanggo ngobati Sumiati. Pak Sumiati lan Pak Rebo nginceng kepirye dukun iku ngobati Sumiyati. Saka kuwi Pak Sumiati lan Pak Rebo weruh yen Sumiati ora loro pikir tenanan, lan dukun sakti iku Rebo. Pak Sumiati lan Pak Rebo sadar yen putra putrine iku tenanan tresno, akhire Pak Sumiati lan Pak Rebo ngrencanakake rabine Sumiati lan Rebo.

Selasa, 04 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (RENASTYA PUSPITA SARI 25-ZAHRA AGNESTIA 35)

                           Arwah Cemburu

Ing sawijining desa ana kembang desa kang misuwur yaiku Sri wulan. Dheweke asring diomongake karo wong-wong ing deso iku. Dino kuwi Sri Wulan kaliyan rewange lagi bali saka pasar. Wong-wong sing ndelok Sri Wulan podo bisik-bisik.
Agus: Eh deloken kae lo Sri Wulan
Joko: Wo iyo lagi bali teko pasar dheke.
Bayu: Isih isuk tapi wis ayu wae.
Agus: Ndang disopo!
Joko: Awakmu wae.
Bayu: Emoh aku.
Sri Wulan ora sadar dheweke dadi omongan, dheweke omong-omongan karo salah siji rewange.
Sri Wulan : Apa awake dhewe mau wis tuku bawang?
Rewang : Sampun.
Sri Wulan: Wo yo wis tak kiro lali.
Ing sawijining omah gedhe ing deso iku pak Gutomo kaliyan garwane lagi ngomongake anake yaiku Sri Wulan. Pak Gutomo kaliyan garwane ngrembugake sopo sing bakal dadi mantune. Ing selo-selone rembugan teko Pamuji anake pak lurah deso iku.
Pamuji: Sugeng Injing pak.
Pak Gutomo : Wo Pamuji ana apa kok mrene?
Pamuji: Kula badhe tangklet sawah ingkang bapak sade.
Pak Gutomo: Ngono to.
Urung bar nek omong-omongan pada teko tamu-tamu sing arep nglamar Sri Wulan. Sri wulan sing lagi mulih saka pasar kaget ana rame-rame ndek omahe.
Sri Wulan: Ana apa iki?
Pak Gutomo: Iki lo wong-wong podo arep nglamar awakmu nduk.
Sri wulan: Kok akeh banget pak?
Akhire Sri Wulan karo ibune ngrembug lan nggawe keputusan.
Sri Wulan: Amargo wong sing arep nglamar aku akeh, aku mutusne sopo wae sing iso nggowo mas kawin wong lanang lumpuh banjur wong iku sing bakal tak pilih.
Sak bare ndelok ayune Sri Wulan, Pamuji kepingin melu nglamar Sri wulan. Banjur dheweke nggolek wong lanang sing lumpuh.
Ing sawijining omah kang sederhana urip Nardi, Warsih, lan simbok e. Dino iku Nardi lungguh dewekan. Dheweke lagi susah amarga Nardi wong lanang sing lumpuh.
Warsih: Nyapo wajahmu nelongso ngono mas?
Nardi: Ora opo-opo Dhik.
Simbok: Nyapo to le? Apa kowe isih susah karo keadaanmu saiki.
Nardi: Ora mbok.
Warsih: Ojo susah mas, aku isih nerima panjenengan sampek saiki.
Simbok: Aku tau ngimpi nek awakmu diobatikaro kayu cendana putih kowe bakale mari.
Nardi: Tenan to mbok?
Sak durunge simbok e njawab, Pamuji teko ndek omahe
Pamuji: kulo nuwun
Nardi: Nggih, ana apa Ji?
Pamuji: Aku arep njaluk tulung, sampeyan iso melu aku ndek omahe pak Gutomo?
Nardi: Ana apa kok moro mrono Ji?
Pamuji: Aku pingin nglamar Sri Wulan, syarate yaiku nggowo wong sing lumpuh. Apa awakmu iso nulung aku Di?
Nardi: Yo wis ayo rono.
Sakbare intuk persetujuan saka Nardi, Pamuji nyeluk tukang pikul gawe nggowo Nardi moro menyang omahe pak Gutomo.
Ing omahe pak Gutomo wis akeh wong kang pingin ndelok sayembara iku. Pamuji teko karo Nardi sing dipikul.  Pas ndelok Nardi, Sri Wulan langsung mlayu lan ngerangkul Nardi. Warsih garwane sing ndelok kedadean kuwi nesu.
Warsih: Kurang ajar! wani-wanine kowe ngrangkul bojoku.
Warsih banjur nyeret Sri Wulan ngalih adoh saka omahe. Wong-wong lan pak Gutomo gupuh lan nututi Warsih karo Sri wulan. Banjur sakwise teko ing sawijining panggonan Warsih ngelokne Sri Wulan.
Warsih: Kowe kuwi ngerti apa ora nek Nardi kuwi bojoku. Kok sak penake dhewe ngrangkul bojoku. Apa kowe sengojo nggawe sayembara supaya iso ngrangkul bojoku!
Sri Wulan: Aku njaluk sepuro, aku ora ngerti.
Warsih: Halah alasan wae, kowe kuwi mbujuk. Dasar wong wedok ora nduwe isin!
Pak Gutomo sing ndelok anake digawe isin ndek ngarepe wong akeh ora biso nahan nesune. Dheweke mbatek Warsih ngadoh saka Sri wulan lan digepuki sampek mati. Sakwise mateni Warsih pak Gutomo ngajak Sri Wulan mulih. Nardi sing ndelok bojone diseret pak Gutomo ora bisa nyapo-nyapo amargo dheweke lumpuh. Nardi mung iso nangisi jasade bojone sing wis mati.
Nardi: Bojoku, nyapo kok iso koyok ngene. Pancen iki kabeh salahku.
Nardi ora sadar yen darah sing ngalir saka jasade Warsih ngenani sikile lan iso nambani sikile sing lumpuh. Nardi banjur nggendong jasade bojone lan mandek ing ngisore wit gawe ngubur jasade Warsih. Amargo atine susah sak wise ditinggal Warsih dheweke dadi ora iling lan seneng ngamuk. 
Sak mbendina tingkahe soyo nemen. Dino kuwi nardi lagi mlaku-mlaku ing deso
Agus: Nardi, aku melu sedih amargo kedadean sing dialami bojomu.
Joko: ojo susah terus. Ikhlasne wae.
Nardi: menengo kabeh kowe kabeh. Pancene ora bakal ana sing iso ngrasakne larane atiku
 Bukk!!
Nardi nonyoni Agus sampek bonyok. Dheweke ora mandek nonyoni Agus.
Agus: Ampunn, aku ora nduwe maksud nyinggung awakmu Di
Nardi: menengo kowe
Joko: Wis mandek Di, kowe wis koyok wong edan.
Ganti Joko sing ditonyono Nardi. Wong-wong sing lewat lan ndelok kedadean kuwi ngadu marang pak Gutomo.
Bayu: Pak Gutomo, Nardi Nggawe ulah malih
Pak Gutomo: Nyapo, Nardi nonyoni wong maneh?
Bayu: Inggih pak Nardi nonyoni agus lan Joko lan ora gelem mandek.
Pak Gutomo: Yo wis ayo saiki awake dhewe nglumpukne wong-wong gawe nyekel Nardi.
Bayu: Napa butuh gaman pak?
Pak Gutomo: Komgkonen wong-wong gowo watu wae.
Banjur wong-wong podo nggoleki Nardi lan sakwise petuk wong-wong ngroyok Nardi. Wong- wong nyeret nardi moro menyang jurang.
Pak Gutomo: Kowe pancen pantes mati, dasar wong edan
Bayu: kowe wis sering nonyoni wong sing ora salah
Wong-wong mulai nguncali watu Nardi sampek ceblok menyang jurang lan mati. Pas keadean kuwi arwah Warsih metu saka kuburane gawe balas dendam.
Sakwise Nardi mati, keadaan ing deso mulai normal maneh. Bengi kuwi ana wong-wong sing jogo ndek gardu lan asik omong-omongan.
Agus: Untunge si Nardi wis mati, nek jik urip mesti ngrepoti wong akeh.
Bayu: Iyo bener, Nardi kan wong edan, pancen pantes mati hahaha
Joko: ojo ngomong ngono, nek arwahe mbalik maneh piye
Bayu: ana-ana wae kowe kuwi yo ora bakal kedadean
Agus : Bayu bener kuwi kan mung ana ing crito
Banjur ngguyu bareng. Wong-wong kuwi ora ngerti yen lagi diawasi karo arwahe Warsih ndek nggurine wit. Banjur Warsih ngeden-ngedeni Bayu, Agus, lan Joko. Ngeroso enek sesuatu sing ora beris ndek walike wit, Agus gelagapan.
Agus: eh....eh....op -opo kuwi?!
Joko: Ana apa to awakmu ndelok apa?
Bayu sing ngerti melu keweden
Bayu: A....ana Warsih!!!
Joko: Ndi ndi?
Bayu : nggurimu!!!
Sakwise Bayu, Joko, lan Agus mlayu saka gardu.
Bengi iku ing kamare, Pamuji lan Sri Wulan tukaran. Amargo Pamuji wis kesel karo sikape Sri Wulan, Pamuji akhire mulih ing omahe. Bayangane Nardi muncul nekani Sri Wulan Ing kamare. Ndelok Nardi ana ing ngarepe Sri Wulan banjur ngerangkul Nardi.
Sri Wulan: Aku kangen sampeyan Di, aku tansanh ngenteni sampeyan Di.
Nanging ora ana jawaban saka Nardi. Sri Wulan keroso ana sing aneh. Sri Wulan ngeculne rangkulane banjur Nardi berubah dadi Warsih.
Sri Wulan: Warsih?!!!
Warsih: Kowe kudu mati!
Warsih nekek gulune Sri Wulan sampek mati. Sakwise arwahe Warsih moro nggoleki Pamuji. Pamuji kaget ana arwahe Warsih, banjur Pamuji ditekek gulune sampek mati. Jasade Sri Wulan ditemokake karo wong tuane. Jasade Pamuji ditemokake karo anggane. Banjur tanggane ngelapor ing pak lurah.
Pak lurah: Iki ulahe arwahe Warsih, awake dewe kudu ngebarne  asalah iki.
Warga: Mangga nemoni pak kiyai mawon pak.
Sak bare pemakaman Sri Wulan lan Pamuji, warga moro ing pak kiyai
Pak Lurah: Ulah arwahe Warsih wis ngganggu warga, pripun pak kiyai?
Pak kiyai: kita kudu marani makame Nardi lan Warsih pak.
Pak Lurah: Nyapo kok kudu moro rana pak kiyai?
Pak lurah: arwahe Warsih lan Nardi kudu didongani supaya tenang pak.
Pak Lurah lan warga grudukan mara ing makame Warsih lan Nardi nddongani supaya arwahe tenang. Sakwise ndongani krungu suara jeritan tangise Warsih. Banjur Narsih lan Wardi wis ora ngetok ing desa kuwi maneh.

Tamat

LAKON SANDIWARA LUDRUK (ILDAM ERGAPRADANI 14-YUSRAFLI FAJAR PAMBUDI 34)

                               FERRY SEDY
Ing wayah isuk panglima choirul abbas karo prajurit prajurit e mriksa desa desa ing wilayah kerajaan persia. 
(ing omah desa )
Mey : “ eh jun lan jul tak kandani to aku no kepingin dadi istrine tukang kebon kerajaan”
Juny : “ aku yo kepingin dadi bojone jongose kerajaan”
July : “ aku yo nduwe angen angen pengen dadi permaisurine raja”
Pas mey, juny, lan july omong omongan panglima chairul abas lewat lan ngrungokne omongan e wong telu mau, panglima nganggep wong telu mau dianggep ngruntuhake wibawane raja lan dicekel terus di gawa menyang kerajaan.
( ing kerajaan persia )
Raja lan perdana menteri omong omongan mbahas masalah ketatanegaran. Raenek udan raenek angin ujuk ujuk panglima ngrusuhi rapat e raja lan perdana menteri.
Panglima Chairul Abas : “ sepurane paduka ngganggu rapat e panjenengan kalih perdana menteri, kula gadah berita buruk. Ana rakyatmu sing menurut kula iso dadi anceman gawe kerajaan panjenengan.”
Raja : “ sapa kuwi celukna kon rene “
Mey, Juny, July diseret pengawal e panglima mlebu ning ruangan e raja.
Raja : “ coba cerito, apa niat burukmu kangge kerajaan iki sing mbok omongke kemau pas ning desa. 
Mey : “ sepurane paduka kula wau kalih rencang rencang nduwe angen angen kepingin duwe bojo wong saka kerajaan.”
Raja : “ Ha ha ha ha ha, coba cerito sopo wong kerajaan sing mbok pengen i ben iso dadi bojomu.”
mey : “ kula kepingin nduwe bojo tukang kebun”
Juny : “ kula kepingin dadi garwane jongos “
July : “ kula mboten usah repot repot kula kepingin dadi peramisurine panjenengan.
Raja kaget, terus rundingan kero perdana menterine terus nyetujui angen angen e wong telu kemau. Nanging panglima chairul abas ora setuju karo raja. 
Raja gelar pesta seng dingge pernikahane ambek july. Banjur wis sak ulan july meteng.

(rumah)
Panglima marani mey lan juny ng omahe dingge rencana jahat.
Panglima : heh mey lan juny, july sedelutkas arep ngelairno anak. Aku njaluk tulung awakmu kabeh kanggo mblituk i raja mengko tak wehi sekantong emas
Mey & juny : ashiappp

(Kerajaan)
Raja ngeroso sedih yeng seng nang kandungane july kuwi dudu manungso. Akhire raja nyeluk salah siji nujum dingge ngramal kandungane july.
Nujum : seng nang kandungan iki wujude manungsa paduka raja.
Mey lan juny ujug ujug teko ngadep marang raja
Meyv: salah paduka, nujum iki wes mblituki paduka.
Juny : iya paduka. July nglairno kewan kelinci paduka
Raja ngamuk terus mrintah rajurit e dingge gowo nujum ng penjara karo gowo permasuri ng alun alun dingge disiksa

(sungai)
Nelayan : waduhh opo kae?
Ana keranjang seng kintir nang kali terus dijupuk karo nelayan
Nelayan : waoalah bayi maneh, wes peng 3 nemu koyok ngeneki. Hadehh hadehh sopo to le le seng tego guwak awamu iki..

(ladang)
Baran barwis lan ferry sedy berlatih perang perang perangan. Ujug ujug ferry  nyletuk
Ferry : mas aku ngimpi yen ana 3 permainan ajaib. 1. Manuk seng iso omong 2. Wit ringin seng iso nyanyi 3. Air kehidupan. Sampeyan gelem golek i permainan iki ra mas ?
Baran lan barwis ngganguk setuju


(gunung)
Digoleki ngetan ngulon ngalor ngidul ora ketemu ketemu. Banjur kuwi, cah 3 kemau istirahat nang panggonan bedo bedo terus di petuki dewa seng iso duduhi panggonane permainan kuwi
Dewa : heh bocah lak awakmu kepengin nemokne permainan kuwi. Aku nduwe salah siji dingge mujud ake. Aku nduwe bal, banjur tak uncal kowe ojo ndelok mburi.
Dewa nguncal terus cah 3 kemau mangkat soko panggonan istirahate dinge nggodak bal seng diuncalne dewa
Ing tengah perjalannan baran lan barwis nggroso enek seng nyeluk jenenge, amarga rasa penasaran seng gedi akhire baran lan barwis melanggar peraturan yaiku ora oleh ndelok guri. Baran lan barwis seng nyalahi aturan kuwi dadi patung
Ferry sedy seng isih mlayu dikagetno karo manuk seng nyeluk jenenge dingge nyelamat dulur e seng dadi arca
Ferry : walah mas mas ko yo menggo guri enek opo to jane 
Akhire ferry ngewehi air kehidupan seng digowo manuk dingge ditetesi marang dulure ben iso mbalik dad manungso
Baran lan barwis : alhamdulillah, suwun ferr. Lak gak enek kowe awakdewe wes dadi patung selamanya
Banjur kuwi, manuk mrintah ake cah 3 kemau kanggo budal menyang alun alun

(alun alun)
Cah 3 kemau teko alun alun terus ndelok permasuri raja seng disikso. Baran lan barwis nolong permasuri soko sik sane prajurit.
Ferry : hey paduka. Tulung cul no wong wadon iki yen kowe ngeculne tak wehi dolanan seng rung tau mbok weruhi.  
Ferry terus njeloasno permainan kuwi lan akhire raja setuju karo kesepakatane ferry.

(rumah)
Istri : bocah bocah ng ndi to kang? wes pirang dina ora mulih mulih
Pak wongso : aku yo raruh dek, pamite jare golek dulinan, wes ben e rausah kawatir. Arek 3 kemau bocah lanag seng kuat kuat.
Istri : iyo kang.
Ferry akhire mulih disek terus njaluk tulung pak wongso dingge nyiapke permainan seng dikarepake ferry. Pak wongso seng rodok bingung terus dicritani karo ferry seng kedadean
Barman, barwis, raja, panglima teko nang omahe pak wongso seng terus disambut karo manuk seng iso omong.
Raja : lohh kok ono manuk iso omong? seng di omong ferry  tibake bener (gumam ng jero ati)
Ferry nyuguhi paduka panganan timun. Paduka akhire ngamuk mergo jerone timun kuwi mutiara. Manuk terusan njelasne marang paduka yen kuwi ulah e manungso. Manuk yo jelasne panglima selama iki wes mblituki paduka yen paduka duwe anak kewan. Manuk yo jelasne  yen baran, barwis, ferry anak kandung e paduka.
 Raja akhire mrintah prajurit kanggo nyekel panglima seng mlayu, akhire paduka moro alun alun dingge mbebaske july saka hukumane 
Raja : permaisuruku, aku njaluk spuro marang awakmu yen aku uwis nyidorake kowe
july seng wes lemes langsung digowo nang istana dingge menehi pengobatan. Akhire raja, permaisuri, baran, barwis lan ferry urip damai nang kerajaan persia

*tamat*

LAKON SANDIWARA LUDRUK (ANINDHYA FAZA 05-NISA AULIA KHARISMA 23)

                           ande-ande lumut

Prabu klanaswanda tasik tilem pules lan ngipi petukan karo sekartaji (metu bayangane sekartaji) wonge ngiggo patih teko nangeake, sakbare sadar maringono patih dikonggkon ing jenggala kanggo ngelamar sekartaji.
Patih : “ prabu” (karo nggugah)
Prabu Klanaswanda : “oiyo, awakmu moro o ning jenggala, paranono sekartaji.”
Patih : “ana apa prabu?”
Prabu Klanaswanda : “Aku arep ngelamar Sekartaji”.
Patih : “siap prabu.”

Prabu Lembu Amiluhur karo prajurit kerajaan sik ngomongake keadaan jenggala sing tambah suram lan surut ing kabeh perkara. Panji Asmara Bangun dikongkon kanggo nggolek sarana panggonan. Patih Tamengkara teko kanggo nyampekake surat lamaran. Teko hal iku patih Kudanawarsa nesu lan nendang tamengkara menjobo.
Patih Kuadanwarsa : “sopo kowe?”
Patih Tamengkara : “aku arep nyampekake surat lamaran Sekartaji dateng prabu klanaswara”
Patih Kudanawarsa : “lamaran opo iki, aku ra peduli, metuo menjobo.” (karo nesu lan nendang Tamengkara menjobo)

Pergelutan antarane prajurit jenggala ngelawan patih tamengkara lan anak buahe. Prabu amiluhur teko nengahi, pura-pura lamaran iku diterima, tapi dee diblituki secara alus ben dee cepet mbalek ing bantara angin.
Prabu Amiluhur : “wes-wes ojo gelut, tak terima lamarane.” (karo tiba-tiba teko nengahi pergelutan)
Prabu Tamengkara : “matur suwun prabu.”

Patih tamengkara lan para prajurit tasih dateng perjalanan. Klanaswandana metu lan nakokake perkara lamaran iku. Sakwisi kuwi patih tamengkara njelasake perkoro kelak arak-arakan pengantin ke Jenggala ing dino seloso kliwon, wulan jumadilawal tahun Dal. Klana Swandana keroso nek kui dibujuki. Akhire wonge ngutus patih tamengkara mbalik ing bantar angin. Klana swandana berangkat untuk mencuri sekartaji. 

Klana Swandana : “patih tamengkara!”
Patih tamengkara : “inggih prabu.”
Klana Swandana : “ Piye lamaran ku marang sekartaji.”
Patih Tamengkara : “lancar prabu lamarane diterimo lan kelak arak arakan pengantin ke jenggala ing dino selasa kliwon, wulan Jumadilawal tahun Dal.
Klana Swandana : “mosok!!!… ora mungkin aku direstoni segampang iki, mesti aku iki di bujuki karo Prabu Amiluhur. Ra terimo aku (karo nesu-nesu)
Klana Swandana : “ Patihhh!! kowe mbalik o ing bantar angin aku tak mangkat nyulik sekartaji.”

Sekar Taji lan Emban lagi guyon. Prabu Klana Swandana teko arep nggowo Sekar Taji. Sekar Taji arep dicekel tapi sekar taji njerit lan mblayu. Panji Asmara Bangun teko langsung nonyo Swandana ngganti mlayu. Prabu Amiluruh teko. Sakwise dijelasne kabeh mula asmara bangun diutus nggoleki sekar taji.

Sekar Taji : “Emban.. cubo delengen iki kupu-kupu ne apik?”
Emban : “ Iyo, warnane akeh delengen ng kono kar yo enek kupu-kupu. (karu nduduhi kupu-kupune maeng tiba-tiba enek Prabu Klana Swandana teko nyekel sekar taji)
Sekar Taji : “ aduh uculake.” (akhire ucul banjur mblayu lan njerit)
Prabu Klana Swandana : “ mandek sekartaji.”
(teko mburi panji asmara bangun teko lan nonyo klana swandana nganti bonyok)
Prabu Asmara Bangun : “minggat oo kono swandana ora usah ngolek sekar taji maneh.”
(Prabu Klana Swandana banjur mlayu lan prabu amiluhur teko)
Prabu Amiluruh : “ Mari ono opo iki?”
Prabu Asmara Bangun : “ sekar taji mlayu arep dicekel karo klana swandana.”
Prabu Amiluruh : “sekartaji mlayu? Sak iki golek ono sekartaji sampek ketemu.”
Prabu Asmara Bangun : “nggih Prabu.”

Klenting-klenting lagi njupuki semanggi ing rawa. Teko klenting kuning melu njupuk. Klenting-klenting nesu klenting kuning dihajar lan ditinggal ngaleh. Klenting kuning nangis kejer. Tiba-tiba teko bangau kalpika nulung njupuki semanggi nganti keranjang kui amber. Lalu klenting kuning nggowo mulih.

Klenting kuning : “ Aku melu njupuk semanggi ing kene ya?”(karo njupuki semanggi)
Klenting abang : “Sopo sing ngolehi awakmu njupuk semanggi ning kene!”
Klenting biru : “ iyo melu-melu ae senengane.” ( karo nendang keranjang klenting kuning nganti jebol)
Klenting ijo : “ wes-wes tinggal muleh ae klenting kuning. Ora usah diajak.”
(klenting kuning nangis lan njupuki keranjang lan semanggi sing wes kecer kebeh ing rawa.)
Bangau kalpika : “ Ojo nangis cah ayu. Kene tak tulungi njupuki semanggi ing rawa.
Klenting kuning : “ sopo kowe?”
Bangau kalpika : “ Aku iki Bangau kalpika. Iki cah ayu semanggine wes ojo nangis maneh ya?”
Klenting kuning : “ nggih matur nuhun bangau.”
Bangau kalpika : “ iyo wes sak ik kowe ndang muleh ng omah.”

Rondho lagi lungguh ngenteni anak-anak e. kelenting-klenting teko ora ngowo opo-opo. Sakwis e kuwi klenting kuning teko nggowo sekranjang semanggi. Sak wise krenjang ditaruh ing ngguri. Klenting kuning dikon isah-isah dandang ing kali. Klenting kuning akhire mangkat.

B. Rondho : “loh nduk semanggine endi?”
Klenting-klenting : “ora intuk mbok.”
( Klenting kuning teko karo nggowo sekranjang semanggi.)
Klenting abang : “loh kranjang ko endi kui bukane kemau uwis rusak.”
(klenting kuning ora nyauri)
B. Rondho : “wes sakiki kowe klenting kuning dandang ning ngguri resikono ing kali.”
Klenting kuning : “ tapi mbok aku uwes njupuk semanggi.”
B. Rondho : “rasah tapi-tapi ndang mangkat.”
Klenting kuning : “nggih mbok.”


Ing pinggir sungai Klenting kuning lungguh karo roso sedihe. Klenting-klenting teko langsung ngajar entek-entakan klenting kuning. Klenting kuning nangis sak nangise. Maringono klenting-klenting kuwi ngaleh. Gak suwi maringono teko seekor bangau ngekek i pertolongan. Dandang reget iku diresikki nganti resik. Sak bare bar bangau iku nagih janji ning klenting kuning. Klenting kuning sanggup asal de'e diwehi sayap bangau sebelah kiri. Sayap bangau barngono diketok maka dee menjelma dadi dewa lan klenting diwenehi pusaka

Bangau : " hey klenting kuning, endi janjimu?"
Klenting kuning : " iyo aku sanggup, asal kowe ngekek i sayap sebelah kirimu

B. Rondo ngewenehi ngerti ning anak-anake yen ing desa karang wulusan ana wong enom ganteng sing jenenge Andhe-Andhe lumut. Bar ngono dee langsung ngunjungi merono. Sakwise ngerias awake dewe, dee langsung budhal. Klenting kuning teko karo nggowo dadang sing uwis resik lan mengkilat. Dee nakokne mbak-mbakyune sing lungo. Sakwise dijelasno, dee yo berniat nyusul mbakyu-mbakyune. Bar ngono B. Rondho ngerias klentng kuning nganggo tai ayam, maringono dikongkong budhal.
B. Rondho : " ndukk, kae lo ning karang wulusan ana wong enom ganteng, jenenge Andhe-Andhe lumut."
Klenting-klenting : " waduh, awakdewe kudu merono, ayo macak ing ayu disik.."

Klenting-klenting wis macak ayu lan langsung budhal. Maringono klenting kuning teko.
Klenting kuning : "mbok, kae macak ayu kabeh arep menyang endi?"
B. Rondho : " arep ning Andhe-Andhe lumut. Wong enom ganteng, omahe desa karang wulusan. Ayo rene tak pacak i ayu ben menowo dilamar lan budalo nyusul mbakyu-mbakyumu."
Klenting kuning : " iyo mbok, aku pacakono sing ayuu."

Klenting-klenting teko iing pinggir bengawan. Dee gak iso nyebrang amargo bengawane banjir. Tiba-tiba muncul cuyu kangkang raksasa. Cuyu kuwi gelem nggowo klenting-klenting nyebrang ngelewati banjir, asal imbalane sepadan. Dee setuju barngono  disebrangne siji siji karo cuyu kangkang. Klenting kuning teko njaluk disebrangno. Kepiting kui gak gelem, barngono bengawan kui dipikul nganggo pusakane klenting kuning sampe dadi surut lan garing. Klenting kuning gamoang langsung nyebrang. Sakbare nyebrang, klenting kuning mbalekne bengawan iku koyok asale.

Cuyu kangkang : " hey para klenting, aku gelem nyebrangne kowe kowe tapi bar ngono kudu gelem ngambung aku siji siji."
Klenting-klenting : " oke setuju, tapi sebrangno disik." (cuyu nyebrangne klenting siji siji)
Klenting kuning : " aku sebrangne pisan yo."
Cuyu kangkang : " emoh, kowe elek."
Klenting kuning : " oke aku tak nyebrang dewe." (kleting kuning karo ngetokne pusakane)


B. Rondho lungguh dewean. Gak suwi teko klenting-klenting siji siji, dee menyatakan cinta ning andhe andhe lumut. B Rondho ngonkon mudun teko panggung nggone dee tapa. Bergiliran nyatakake cinta tapi gak sijipun diterima. Klenting-klenting iku maringono mbalek muleh.
Gak suwi barngono klenting kuning teko lan berniat podo. Andhe andhe lumut ndelok klenting kuning teko. Andhe mudun teko panggung. Andhe bersedia ndandekne klenting kuning sebagai istri. Klenting kuning ngeroso seneng soale dee ngenali andhe sing tibak e suamine dewe. Dekne maringono pamit marang B. rondho lan mbalik ing jenggala.

B. Rondho : "mas, ayo mudun, ana klenting klenting sing arep nyataake cinta. Mas bisa nerima lan ora."
Klenthing abang : "mas aku tresno karo awakmu mas, gelem opo ora sampeyan dadekne aku sebagai istrimu?"
Andhe-Andhe lumut : " tidak"
Klenting ijo : " sediakah sapeyan dadi suamiku nas?"
Andhe-Andhe lumut : "tidak"
Klenting biru : " mas, maukah sampeyan menikshi aku,m?"
Andhe-Andhe lumut : " tidak"?
Klenting kuning : "mas, aku pengen sampeyan dadi suamiku, saget mboten?"
Andhe-Andhe lumut : "istriku?"
Klenting kuning : "suamiku? Niki sampeyan?"
Barngono andhe andhe lumut lan klenting kuning pelukan dan urip bahagia

Senin, 03 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (VIDHIA NUR AZIZAH 31-WHELGY NYNSE MARTINDA 33)

                       Gembong Singoyuda
Ing sawijining dina, Harun teka ing kutha. Dheweke katon bingung, ora suwe teka wong sing ora dikenal.
Dagelan : “ Nuwun. ‘’
Harun : “ Nggih, ngapunten panjeneganesinten nggih? “
Dagelan : “ Aku arep mlaku-mlaku isuk lo mas. Apa kuwi jenenge jogging.
Harun : “ Oh mekaten, tepangaken kula Harun, panjenengane sinten?”
Dagelan “ Aku dhewean mas, kepengen mlaku-mlaku wae ben awakku sehat.”
Harun : “ Lha nggih, njenengan niku sinten pak?”
Dagelan : “ Oalah sampean kenalan karo aku ngono to?”
Harun : “ Nggih bapak, asmanipun panjenengan sinten?”
Dagelan : “ Jenengku Jali mas, sampean menyang kene golek opo yo?. Kok sajake bingung.”
Harun : “ Niki lho pak, kula madosi alamat griyane kangmas kula, tapi kula mboten ngertos daerah mriki.”
Dagelan : “ Coba kene alamate, menawa aku weruh.”
Harun : “ Niki pak, mangga.”
Dagelan : “ Oh iya aku ngerti, sampean mengko metu kono belok kiri lurus wae, rasah nyawang spionmu sing marai ati nambah mbebani.”
Harun : “ Lho pripun to pak, kok malah nyanyi?”
Dagelan : “ Hahaha, lha lagune penak mas, tapi bener kok alamate iki. Sampean metu dalan kui trus belok kiri lurus wae ngko omahe ning sekitar kono. “
Harun : “ Oh nggih pak. Matur nuwun nggih. “
Dagelan : “ Iyo mas.”
Sejene ning wektu sing podo, Ilyas lagi meneliti lan nandatangani laporan karyawan sing ora pengen diganggu sopo wae.
Ilyas : “ Aja enek sing ngganggu aku! “
Karyawan : “ Nggih Pak. “
Ilyas : “ Mengko nek enek wong sing gak penting nggoleki aku, usir wae ya. “
Karyawan : “ Siap Pak. “
Akhire Harun teka ning alamat sing dituju. Dekne ndelok ana Kantor, banjur takon salah sijine karyawan ning kono mengenai kangmase.
Harun : “ Nyuwun sewu mas. “
Karyawan : “ Inggih wonten napa? “
Harun : “ Napa sampean ngertos kangmas kula? “
Karyawan : “ Kula mboten ngertos mas. “
Harun : “ Mosok ora weruh mas. “
Karyawan : “ Mboten mas, mending sakniki sampean medal  saking mriki! “
Ilyas krungu ana suara wong ribut ning njobo, dheweke langsung metu saka kantore.
Ilyas : “ Ana apa iki? “
Karyawan : “ Niki pak wonten tiang madosi kangmase, tapi kula mboten ngertos. 
Ilyas : “ Hei kowe, luwih apik awakmu metu tekan kene, ngganggu wae .”
Harun : “ Aku ning kene nggoleki kangmasku. “
Ilyas sing wes ora sabar akhire nembak tangane Harun.
Ing dalan sakwise metu saka kantor, Harun mlaku terseok-seok amarga tangane sing ketembak mau. Banjur dheweke ketemu Singoyudha.
Singoyudha : “ Mas sampean kenek apa iki?”
Harun : “ Tangan kula ketembak pak.”
Singoyudha : “ Oalah ngono, yowis ayo melu aku gek ndang tak obati tanganmu. “
Harun : “ Nggih pak. “
Akhire Harun melu ning omahe Singayudha supaya tangane isa diobati.
Singoyudha : “ Kene tangane, apa sebabe kok sampean isa ketembak? “
Harun : “ Kalawau madosi kangmas kula dhateng kantor tapi mboten kepethuk malah kula diusir lan ditembak. “
Singoyudha : “ Yowis iki kan tanganmu wis dak obati, saiki mending sampean mulih wae yo. “
Harun : “ Inggih pak, matur suwun. “
Singoyudha : “ Iya padha-padha.”
Dene ing kantor, Ilyas nesu-nesu marang karyawane sing teledor.
Ilyas : “ Sampean-sampean iki iso kerja apa ora? “
Karyawan : “ Ngapunten pak. “
Ilyas : “ Kerja kok kaya ngono. “
Karyawan : “ Sepindah malih ngapunten pak.”
Ilyas : “ Yowis tak ngapura.”
Singoyudha sing isih pegel karo kedadeane Harun mau akhire mara ning kantore Ilyas gawe ngilingake.
Singoyudha : “ Ilyas apa sing kok perbuat marang Harun?”
Ilyas : “ Aku mung nembak tangane, ana apa awamu mrene ? “
Singoyudha : “ Aku bapakmu, aku mara rene gawe ngilingake kowe lhe. “
Ilyas : “ Kowe dudu bapakku. “
Banjur, Ilyas mengeroyok lan nembak Singoyudha, kang di ewangi anak buah . Nanging kabeh mau ora mempan. Amarga wedi Ilyas lan anak buahe banjur mlayu.
Dhene ing ladang sing wis ngerteni kalemahan Singoyudha. Dheweke banjur marentah anak buah e gae ngadhepi Singoyudha lan dheweke golek gedebog.
Ilyas : “ Awakmu kabeh saiki serang Singoyudha, aku sekk ana urusan sedhela.”
Anak buah : “ Ashiiiaap…”
Ilyas : “ Hahaha….. akhire aku weruh kalemahanmu.”
Ambarengi Singoyudha dikeroyok anak buah e Ilyas, banjur dheweke teka karo nggawa gedebog.
Ilyas : “ Hei Singoyudha saiki aku wes weruh kalemahanmu.”
Singoyudha : “ Dasar pengecut.”
Ilyas sing wes nesu banjur nggepuki Singoyudha nganggo gedebog, Singoyudha langsung ambruk.
Ilyas : “ Ayo ngalih saiki.”
Anak buah : “ Siap pak bos.”
Sakwise ditinggal ngalih, Singoyudha banjur ditulung karo Slamet lan digawa mulih.
Ana salah sawijining omah ing desa, Ginah lan Embok lagi jagongan, banjur saka kadohan katon Slamet sing nggawa Singoyudha kang sak kujur awake babak bundas.
Ginah&Embok : “ Ana apa iki met?”
Slamet : “Ora ruh aku, ayo iki gek ndang ditulungi.”
Embok : “ Yowis gek ndang digawa mlebu trus diobati.”
Ginah lan Slamet mara ning mburi omah, kari Embok sing ngancani Singoyudha, akhire Singoyudha sadar, dheweke eling yen Embok iku bojone.
Singoyudha : “ Dhik awakmu iki bojoku to?”
Embok : “ Iyo mas.”
Singoyudha : “ Tapi bocah-bocah aja sampek weruh yo yen awak e dhewe iki wong tua ne.
Embok : “ Inggih kangmas.”
Slamet lan Ginah metu, Singoyudha ngenalno yen dheweke iku Mbah Dipo saka gunung kidul.
Singoyudha : “ Aku Mbah Dipo saka gunung kidul. Yen ana apa-apa sampean-sampean kabeh dolan mrana yaa, yowis aku tak pamit dhisik, matur suwun wis nulung aku.”
Embok lan Ginah : “Inggih mbah sami-sami.”
Slamet : “ Aku yo arep pamit ngadu nasib ing kutha.”
Ginah : “ Ati-ati ya mas.”
Surti lagi maca koran ning ruang tamu, dhene Ibune lagi ngitung kebutuhan sedina-dina. Mara-mara ana perampok teka lan mbegal kabeh banda.
Ibu Surti : “ Heh aja mlayu, tuluungg tuluunggg ana perampok.”
Perampok : “ Ayo godak terus sampe sukses yuu.”
Ibu Surti : “ Kurang ajar ya kowe, titeni sampe kecekel ajur kowe.”
Surti sing krungu suarane Ibune langsung mlayu mengarep karo telfon polisi.
Surti : “ Halo pak, wonten perampokan ing griya kula.”
Polisi : “ Siap laksanakan, kami akan segera meluncur.”
Surti : “ Oke pak matur suwun nggih.”
Sakwise ngenteni, akhire Polisi teka lan langsung meriksa TKP. Polisi nemu pisau berlabel Gembong Singoyudha, banjur ngelacak ana ngendi panggone Singoyudha.
Ing dalan Surti kepethuk Slamet sing lagi mulih dines.
Surti : “ Mas Slamet ning omahku ana perampokan.”
Slamet : “ Lhadala terus kepriye?”
Surti : “ Mau aku wis nelpon Polisi mas.”
Slamet : “ Yowis awakmu gek ndang mulih saiki.”
Surti : “ Lha sampean pripun mas?”
Slamet : “ Aku arep ngelacak perampok e dhisik.”
Surti : “ Nggih pun mas, aku mantuk dhisik yaa, sampean sing ati-ati.”
Slamet : “OK.”
Ing salah sawijining alas, Singoyudha semedi banjur Slamet teka njaluk tulung.
Slamet : “ Mbah Dipo, kula badhe nyuwun tulung.”
Singoyudha : “ Njaluk tulung apa lhe?”
Slamet : “Badhe nyuwun tulung supados saget mbantu nyekel Gembong Singoyudha.”
Singoyudha : “ Ora usah di cekel.”
Slamet : “ Lha wonten punapa mbah?”
Singoyudha : “ Amarga Si Gembong SIngoyudha kui aku.”
Sakwise ngerteni yen dheweke Gembong Sinoyudha, Slamet bnajur telpon Polisi. Akhire Gembong Singoyudha di cekel lan di gawa ning Kantor Polisi.
Dhene ning omah lagi rame, amarga lagi ana acara ulang tahune Slamet. Ora suwe Ilyas teka banjur gawe kerusuhan.
Slamet : “ Matur suwun gae kanca-kanca kabeh sing wis teka ning kene.”
Para tamu : “ Sama-sama.” (karo tepuk tangan)
Mara-mara Ilyas lan kanca-kancane teka lan langsung nggawa lunga Slamet.
Ing Kantor Polisi, si Singoyudha lagi di Introgasi karo Polisi tapi teka si Bujsng sing melapor yen Sersan Slamet diculik karo Ilyas .
Bujang : “Lapor ndan, Sersan Slamet telah diculik oleh Ilyas.”
Polisi : “ Bagaimana bisa.”
Bujang : “ Waduh kula boten ngertos pak.”
Singoyudha sing krungu yen Slamet diculik langsung mlayu, Polisi lan si bujang langsung nggodhak Singoyudha.
Ilyas nggawa Slamet ning tengah alas lan ngongkon anak buahe gae siap-siap nembak Slamet.
Ilyas : “ Ayo siapno kabeh alate!”
Anak buah : “ Siap bos.”
Sakwise siap arep nembak Slamet, mara-mara teka si Singoyudha gawe nyelametake Slamet. Ananging kabeh tembakan Ilyas lan anak buahe ora mempan.
Ilyas : “ Kepriye iki? Kok ora iso?”
Anak buah : “ Di jajal pisan maneh bos.”
Ilyas : “ Cepat laksanakan.”
Nanging Polisi mau teka lan langsung nangkap kabeh sing ana ing TKP.

LAKON SANDIWARA LUDRUK (KOKO BAGASKARA 19-M GURUH ANGGARA 21)

                             GLADHAG TUBAN

Produksi : Ludruk Kopasgat Trisula Dharmn

Pelabuhan Tuban, mambu amis sedep e iwak. Pelabuhan iki panggonanne nelayan-nelayan kerja ngumpulno iwak hasil pancingan lan dodolan iwak. Suasane pelabuhan kang tentrem saka suara bapak-bapak nelayan sing sergep kerja iku. Ananging awit kompeni teko..
“Dorrrr... dorr...”
Kompeni iku maeng nembak salah sijine saka nelayan. Para nelayan kewadhen kabeh.
“Tulung..... tulung.... ana kompeni” “tulung.....” swara jeritanne nelayan sing kaweden.

Nang panggonan liyane Carik Puji sing mlampah menyang pantai, diparani para nelayan sing ora karuan
“Carik Puji, tulung... Carik Puji kula nyuwun tulung... rencang-rencang kawula ditembaki para kompeni” para nelayan sujud marang Carik.
“Wes podo minggir kabeh” jawab e Carik
Para kompeni teko nang hadapanne Carik Puji
“Nelayan-nelayan kuwi, nyabut patok-patok sing wis dipageri para kompeni” omonge salah siji kompeni.
“Nelayan-nelayanku ora salah” wangsulanne Carik Puji karo swara teges.
Para kompeni ngamuk, kabeh podo nembaki Carik Puji. Ananging ora mempan
Carik Puji ngetokne kerise, ngelawan balik para kompeni. Amargi kuwi para kompeni mblayu kawaden kabeh.
Nang omahe Lurah Hariyasa, lurah lan bojone podo sateru perkara bojone deweke (lurah) sing ora setuju kompromi karo kmpeni. Teko kompeni lan njaluk tulung
“Pak Lurah Hariyasa, kita sedaya nyuwun tulung supaya pak lurah nyanggupi” omonge kompeni kuwi, terus ninggalne lurah Hariyasa.
Bojone lurah sing krungu omongngane lurah karo kompeni, nesu ora karuan. Goro-goro kuwi bojone minggat saka omah ninggalne lurah.
Nang pantai, Carik Puji pada rundingan karo para nelayan. Moro-moro teko Lurah Hariyasa. Lurah Hariyasa njelasno perkara kompeni nang para nelayan lan Carik Puji, supaya Carik Puji nyerah wae.
“Carik Puji tulung nyeraho wae” omonge Lurah gawe swara irih
“Wegaaah, tiwas nyerah. Ayo duel karo aku, Wani ?” swara Carik sing teges
Akhire Carik lan Lurah duel, ananging Lurah kalah lan mlaye kawaden.

Nang omahe Carik, bojone nunggu Carik Puji mantuk nang omah. Ananging malah teko bu Lurah, bu Lurah njelasno kejadian sing dadi alasan moro rene
“Bu Carik kula nyuwun numpang omah sementara wae”
Teko Pak lurah Hariyasa, deweke arep takok nang bu Carik
“bu Carik, kelemahanne bojomu iku opo to?” 
“walah, kula mboten ngertos pak lurah Hariyasa” omonge bu Carik kang alus.
Amargi bu Carik ora gelem nduduhi kelemahane bojone, bu Carik dihajar karo pak Lurah.
Bu Lurah metu mbela bu Carik, sampek kedadean duel bu Carik karo Lurah Hariyasa.
Lurah Hari dipecut lan akhire minggat karo ngesot. 
Ora suwi teko bojone bu Carik, Carik Puji kaget ndelok bojone kuwi. Bu Lurah susaha njelasno kedadeanne. Sawise kuwi bu Carik moro moro ngelahirno anak e.

Nang padepokan sang Guru ngelakoni semedi. Teko Lurah karo ngesot nang hadapane sang Guru. Gurune kaget ndelok Lurah usaha ngobati Lurah nganti sehat maneh.
Si Lurah njelasno kedadean lan nyeritakno manawa deweke nduwe musuh sing ora mempan ditembak. Sang Guru ngewenehi nasehat
“Golek o kembang setaman lan musuhmu kuwi kudu mati karo kerise dewe.”

Nang Griya desa, Bapak lan Ibu Sedono omong-omongan perkara tantangan soko anake. Melbu Sedono lan Sri Wilis bajur melbu mengguri. Bapake Sedono curiga karo loro anake kuwi.
“Sedono, rene nak”
“Nak, kowe gelem tak rabekne?”
“Gelem pak, ananging sing tak rabi kuwi adekku dhewe”
Sri Wilis podo-podo ditakoni perkara ngono wi karo Bapake Sedono. Ananging jawabanne podo karo kang mase. Amargo kuwi Sedono lan Sri wilis di usir saka omahe.

Sedono lan sriwilis wis mlaku lab padha nyalin kekarepane. Amarga pada tresna-tinresnan setuju tenan Mangun rumah tangga. Lurah Hariyasa liwat ing Kono sawise nglambrang, lurah nawakake kerjo kanggo mateni carik puji
dheweke uga setuju lan nyetel strategi kasebut
nelayan mlaku nalika ngomong. Sriwilis lagi mlaku-mlaku ing tengah-tengah para nelayan lan para nelayan tiba wirang. rawuh carik puji kanggo nulungi sriwilis. sawise sadhar sriwilis ujar manawa dheweke kepengin golek pagawean. banjur didhawuhi mulih ing carik puji

Ibu Carik lagi lungguh nalika nyusoni anake. Banjur Sriwilis teka ujar manawa dheweke bakal dikawini carik puji. bu lurah krungu pratelan sriwilis kasebut, dheweke nesu lan langsung ngusir sriwilis
Carik puji njaluk supaya Sriwilis lan garwane njawab manawa bu lurah wis ngusir sriwilis. Carik puji duka banget, Bu lurah didhawuhi mulih lan garwane diusir.
Sriwilis petuk Karo carik puji ngomongi babagan masalah dheweke. Dumadakan sedono digebug i nganti mati

Ing ladang Sri Wilis ketemu karo pujian pujian ngomong babagan masalah dheweke. Sudono dumadakan teka lan langsung nggebug, njalari perang. Banjur kerik carik prais ditarik saka Sri Wilis saka buri lan ditabuk. Puji nyenengake terus mlayu. Kepala desa Hariyasa tiba lan nusup Sedono nganti mati. Sri wilis diresiki Lurah kepengin golek bojo, Sri wilis ora gelem lan mlayu.
Ing ladang Kepala desa lan Ibu Carik saiki lagi maju. Sri wilis banjur cepet-cepet njaluk lan njaluk pitulung saka kepala desa. Pas nyedhaki, Sri Wilis dioyok-oyok Pak Lurah nganti mati. Lurah Hariyasa teka sawise Sri Wilis nalika ngerti yen Sri Wilis dipateni, dheweke nesu karo garwane. Dadi ana perang tandhing sing nggumunake lan akhire mati bebarengan.

Ing pantai para nelayan lagi ngomong babagan Carik Puji. Carik Puji teka tatu. Dheweke pengin pindhah menyang kapal perusahaan sing dipasang jangkar. Kapal kasebut tiba-tiba mbledhos lan mateni kabeh perusahaan lan kabeh sing ana. Bu Carik teka nangis. Banjur para nelayan nulungi dheweke lan nuli mulih.
Pungkasan

LAKON SANDIWARA LUDRUK (FIRMAN FATURAHMAN 12-SETIA DWI ANGGARA 27)

                           Gagak Ngampar

Tumuju ing sawijine dina, Riyadi lagi mlaku mulih karo nggowo barang dagangan e. Gak disongko, enek poro maling seng nyegat ing tengah dalane.
Perampok : “ Mandek o ”
Riyadi : “ Enek opo ? ”
Perampok : “ Kene gawanmu kabeh lak awakmu sek pengen urip ”
Ora kakehan omong riyadi banjur siap-siap nggo gelut nglawan perampok kuwi. Siji loro serangan sanggup dewek e tangkis lan dilawan, lamun akeh e perampok nggarai dhewek e kalah banjur mundur lan milih mblayu.


Ndek teras bapak ibuk e riyadi lagi guneman kalih 
Bapak : “ Piye buk kok rung mulih riyadi ki? ”
Ibuk : “ lha nggih to pak punapa kecantol wadon niki? “
Bapak : “ lhadala yo alhamdulillah buk lak enek seng gelem “
Ibuk : “ nggeh panggah wonten seng gelem pak wong nggeh ngganteng e koyok bapak kok”
Gak suwe omong-omongan ono suara wong celuk-celuk seng soyo rame
Riyadi : “Pak... buk... pak.. Buk..”
Megap-megap ambek an e goro-goro mlayu sak mono adoh e
Bapak : “ enek opo to lhe jane kok bengk-bengok ki?”
Riyadi : “ mengeten pak niki kula agi wae dipun rampok pak. Barang dagangan e dibeto sedoyo niki”
Ibuk : “ Trus kepriye awakmu? Gaopo to? “
Riyadi : “ Mboten nopo-nopo buk. Kula wau langsung mlayu lha wong perampok e niku wau nggeh kathah e”
Bapak : “ Walah yowes le wong jeneng e musibah. Yowes ndang mlebu kono”

Gak suwi kakang e riyadi, riyanto muleh kan kuto. Dewek e ditugasi kanggo nyekel perampok marang bos e
Riyanto : “ Assalamu’allaikum”
Bapak : “ Wa’alaikum salam. Walah anak lanang “
Riyanto banjur salim kalih bapak ibuk e lan dikongkon istirahat dening wong tuwane.

Gak suwe pas wes wayah wengi enek suara rame-rame ing omah. Gak disongko-songko tibak e maling mlebu omah. Barang-barang akeh seng digondol maling. Gak disongko-songko tibak e ditemokake sesuatu seng mecurigakan yaiku parang e riyadi. Banjur kabeh podo nuduh Riyadi dalang e maling ing omah kuwi. 

Riyanto : “ Lho pak niki kok wonten parang e Riyadi? Nopo dhewek e pak kang nglakokake 
    tumindhak niki? "
Bapak : “ Opo yo mungkin Le? “
Riyanto : “ Mungkin mawon Pak “

Banjur riyanto karo perasaan nesu moro ndek kamar e riyadi. Ananging Riyadi tibak e sek turu.

Riyanto : *brakk mejo digepruk
Riyadi : *Banjur jengirat tangi
Riyadi : “ Enten opo lho mas? Ngageti mawon “
Riyanto : “ Iki gak yo parangmu to? “
Riyadi : “ Nggeh mas. Wonten nopo nggih? “
Riyanto : “ brarti sing maling omah mambengi awakmu yo? “
Riyadi : “ Opo mas? Omah e kemalingan? “
Riyanto : “ Halah rasah etok-etok ngono aku wes ruh jelas-jelas iki parangmu ”
Riyadi : “ Lho-lho sanes kula mas seng nglakokake. Po yo bakal aku ngono “

Banjur goro-goro terus padu malah dadi gegelutan. Riyadi banjur mblayu amerga yo gak ngiro lak bakal ketuduh ngene.

Pas mblayu ndek pinggir kali. Riyadi weruh Marni seng lagi nggumbah klambi.
Riyadi : “ Mbak marni kula njaluk tulung kula tak mlebet teng njero gentong kuwi “

Gak kesuwen riyadi langsung mlebu lan njelasno sedilut-sedilut nyapo kok dhewek e ngono soko njero gentong kuwi. Gak lat suwi, Riyanto liwat trus takon ndek Marni.
Riyanto : “ Mbak weruh riyadi? “ 
Marni : “ Mboten ngertos mas. Wonten nopo to? “
Riyanto : “ mboten wonten nopo-nopo mbak. Nggeh mpun “
Marni : “ Nggeh mas “

Mari Riyanto ngaleh, banjur Marni ngongkon Riyadi metu soko gentong, mari iku Riyadi dijak Marni muleh Ing omahe Marni.

Ndek omahe Marni bapak lan ibuke Marni khawatir amergo Marni urung kundur padahal wes awan.
Bapak : “Buk, Marni kok urung muleh to?”
Ibu : “La nggeh pak, biasane yah meten wes muleh bocah iku, pak”

gak suwi Marni muleh bareng Riyadi, Ing omahe Marni Riyadi dikenalake Ing wong tuane Marni
Marni : “Pak, Buk, kenalaken niki Riyadi”
Riyadi : “ sembah pangebekti kula pak buk ”
Bapak : “ enek opo le kok mrene? “
Riyadi : “ Mengeten pak, kula niki tresna kalih Marni lan kulo badhe ngelamar yogane jenengan.”
Bapak : “Sepuntene le, isek gung wayahe Marni rabi”
Riyadi : “nggih pak, mboten nopo-nopo.”
Bapak : “yo le, saiki ndang bali muleh yo, wes sore.”
Bar ditolak Riyadi langsung muleh ninggalake omahe Marni, gang sedilut Herman lan konco-koncone teko arep nglamar Marni
Herman : “kowe kabeh ngenteni neng jobo sek, gak usah melbu yo”
Konco-koncone Herman : “siap bos”,nyauri bebarengan
Herman : “assalamualaikum, Marni”
Marni : “waalaikumsalam, Sinten nggih?”
Herman : “ Kula herman badhe wonten keperluan kalih bapak”
Marni : “ Walah nggeh mpun mlebet rumiyin.”
Banjur herman mlebu omah e marni lan Bapak e Marni wes nunggu ndek kursi njero.
Herman : “Sugeng sembah kula pak”
Bapak Marni : “ Enek opo awakmu mrene? “ 
Herman : “ Ngeten pak kula badhenipun nglamar Marni. Sakderengipun asma kula Herman 
kula pemborong saking deso sebelah.”
Bapak Marni : “ Arep nglamar Marni? “
Herman : “ Nggeh pak . Niki cincin gantos tanda kula temenan kalihan omongan kula.”
Karo ngetokne cincin
Bapak Marni : “ Yowes lak ngono awakmu bakal tak restoni karo Marni.”

Banjur Ditolak lan bingung amrego gak wani muleh ndek omah, Riyadi banjur muleh menyang padepokan gurune.
Riyadi : “assalamualaikum bah”
Abah Guru : “yo le, enek opo?”
Riyadi : “ngeten mbah, kulo niki gadah masalah anggenipun kula dicap dados maling teng   
   griya kula”
Dukun : “ lho kok iso ngono iku piye? ”
Riyadi : “ Lha kula niki kan banjur kerampokan teng dalan, lha niku sedoyo seng kula beto
   dipun gasak kalih perampok sedoyo. Lha wingi dalu meniko griyo kula kemalingan 
  lha niku wonten parang kula seng biasane kula gantos . Banjur niki kakangmas
  kula nuduh kula kang ngelakoake maling niki. “
Abah Guru : “ walah ngono to, yowes kene tak wenehi cekelan nggo nggolek i maling kuwi. 
   Golekono maling kuwi ndek panggon sabungan pitek ngko lak awakmu weruh. Lan 
   siji ngkas gantinen jenengmu dadi gagak ngampar.“
Banjur karo ngewehno sak iket barang ing njero kain.
Riyadi : “ Nggeh bah “ 

Banjur Riyadi metu songko padepokan kemau lan nggolek pintek nggo sabung. Gak suwi Riyadi seng ganti jeneng dadi Gagak Ngampar moro ing panggon-panggon sabungan pitik nggo nggolek i maling iku.

Kukuruyuk.... swara pitik seng saut-sautan trus ditambahi suara gbrak gbrak lan bengak bengok e wong ndelok nggarai rame panggonan iki. 
Riyadi : “Ayoh sopo seng wani “
Penyabung liyo : “ yoh wani piro awakmu “ 
Karo ngebrokne duit ndek mejo aduan
Riyadi : “Nyoh “
Gak suwi anggone sambung, ruh-ruh ono grebekan ndek panggon kuwi. Kabeh kecekel, untung e Riyanto kakang e Riyadi seng nyekel Riyadi dewe lan ngomongi yen cincin seng digawe lamaran nggone Marni iku cincin e ibuk e.
Riyanto : “Sopo jenengmu? “
Riyadi : “ Jenengku Gagak Rimang “
Riyanto : “ Sek-sek koyok e aku kenal karo awakmu “
Riyadi : “ Iyo kang mas, iki aku Riyadi “
Riyanto : “ Nggolek opo awakmu ndek kene? “
Riyadi : “ Arep nggolek i maling mas. “
Riyanto : “ Walah. Kene tak omongi. Awakmu ngerti Marni bakal e arep rabi tapi cincin seng 
diwehno karo bojone kuwi persis cincine ibuk “
Riyadi : “ Lho temenan niku kang ? lek ngoten nggehmpun adewe mriko mawon nggo 
nangkep Herman. “
Riyanto : “ Heeh iki polisi yo bakal tak kerahno nggo iki. “

Dino hajatan marni lan Herman
Dino iki podo nglumpuk kabeh tamu-tamu lan konco-koncone herman. Gak suwi Polisi banjur teko nggo nangkep herman lan grombolane

Polisi : “ Nyuwun Pirsa!! ”
Polisi : “ Seng jenenge Herman seng ndi? “
Tamu : “ Niku pak seng dados manten jaler “ Karo nunjuk Herman seng ndek rondok njero
Polisi : “ Suwun “
Polisi banjur marani herman lan gak nggawe suwe langsung dicekel.
Polisi : “ Awakmu jeneng e herman? “
Herman : “ Nggeh leres pak. Wonten nopo niki? “. Karo pringisan nahan loro
Polisi : “ Awkmu kebukti dadi maling seng nggawe rame daerah iki dino-dino iki!”
Wong wong banjur kaget lan gak ngiro lak Herman seng dadi maling kuwi. Lan banjur Riyadi dirabiake kalihan Marni.

LAKON SANDIWARA LUDRUK (AMINATUR RIZKY 02-ANGGI SETIYANINGRUM 03)

                        Beranak Dalam Kubur
Ing Dalanan Kuto,
Gufron : "Bondone wong tuwo mu iku yo bondomu, lan ora dipungkiri yen kuwi wis kudu dadi duwekmu."
Dora : "Aku yo ngerti fron, nanging saiki sing ana iku, aku mung melu ibu bapak, dudu nduwehi bondone wong tuwo."
Gufron : "Mulane, saiki awakmu kudu nglakoni barang kang iso njupuk apa sing kudune dadi bondomu."
Dora : "Kepriye caraku ngintukne bondone bapak ibu, fron?"
Gufron : "Awakmu durung iso nduweni bondo ne wong tuwamu, yen wong tuwamu isih ana ing ndunyo iki."
Dora : ".........." (mantuk - mantuk)
Sakwise Dora dihasut gufron, deweke mulih ing omah e Bapak Ibu ne. Lan, nglakoni siasate kanggo nguwasai bondone wong tuwa.
...........
Ing omah, Dora nemoni wong tuwane, lengkap nggowo senapan lan surat kuasa. Supaya wong tuwane gelem nandatangani surat kuwi.
Dora : "Mpun Pak, niku panjenengan langsung tandatangani mawon?"
Bapak : "Wegah, ora sudi. Ora kaya ngene carane nduk..."
Dora : "Nggih pun, yen bapak mboten purun, ibu mawon. Monggo buk, panjenengan tanda tangan."
Ibu : " Ora, ibu ora bakal nglakoni apa kekarepanmu, yen ngene caramu njaluk marang bapak ibu!"
Dora : "Woh, ngoten. Yen wong tuwo kekalih mboten purun tanda tangan, angur loro - lorone ora usah iso tandatangani selawase wae..."
(Dora ngangkat senapan e)
Bapak : "Ojo nduk, iki aku bapakmu karo ibukmu." (karo njogo Dora supaya ora ngenani dewek e)
Nanging sapa sing ngerti yen senapan iku mau malah ngenani ibu ne Dora. Banjur bapak e di antem kanthi semaput. Pak Karto kang ngerteni meh nulungi Bapak e Dora, nanging langsung disiram air keras dening Gufron kang dumadakan wis ana ing kono. 
.........
Ing dalanan kutho, rudy lan milla wis perjalanan mulih ana omah e bapak ibu ne. Milla kang lagi mbobot meh di titipne marang bapak ibune amargi Rudy arep e sinau ing luar negeri. 
Rudy :"Sampeyan melu ibu kalihan bapak morotuwo dhisik yo dik, ben ana sing njogo."
Milla :"Nggih kangmas, mboten napa napa, kandene yen aku ning omahe bapak ibu kula saget dibaturi kalihan mbak Dora to mas."
.......
Ing omah Gufron lan Dora wis ngerti yen adik e milla bakal e mulih lan nginep ing kono. Dora lan Gufron banjur omong-omongan kepriye carane amrih rahasia ne ora kebongkar. Ora suwi nggone omong omongan, banjur Rudy lan Milla wis teko ing omah. 
Milla : "bapak kalihan dhateng pundi mbak ?"
Dora :"Awakmu trimo o ya mil, bapak gerah lan ibu sampun meninggal, saiki kari aku lan awakmu sing kudu njogo omah e ibu bapak. "
Rudy :" Woalah mbak, sampeyan yo sing sabar yo, saiki ku mrene jawaku arep nitipake milla marang ibu bapak amergo aku ana gawean ning luar negri, nanging amergo ibu bapak wis gak ana, milla tak titipake sampeyan yo?"
Dora :"Woalah, iyo rud, milla bakal tak jogo mergo milla iku yo adikku dewe."

Rudy pamit lan milla ditinggal isih nangis amergo kelangan wong tuwone. Gufron sing ana ing gudang wis gowo ulo ne kanggo njebak milla. Amergo isih urung bisa nrimo apa anane, milla sengojo ndelik ing gudang mergo dewe e pengin nangis banter kanggo ninggal e wong tuwo ne. Nanging apes e milla, nalika milla mlebu gudang dewe e banjur ke cakot ulo ne gufron lan disiram banyu arak karo dora kanti semaput.  Banjur gufron nyeluk karyawan e. 
Gufron :" Pelayan, iki kubur en mayit e milla!"
Pelayan :"siap ndan."

Ing kuburan milla dikubur karo pelayan e gufron. Nalika di lebokake liang kubur milla sakjane durung mati, mula nalika ing njero kubur milla malah mbabarne. Pelayan e gufron wedi dumadakan lan ngiro yen milla iku mau setan, banjur mlayu saka kuburan. 
Pelayan :"lho lakok urip maneh, wah njlalah setan iki."
Sakwise kuburan sepi, sing ana mung tangis e bayi ne milla, pak karto dumugi ing kubur lan nulungi milla. 
........
Ing omah ana Dora kang lagi leyeh-leyeh ing nduwur kasur karo ngrokok, dumadakan ana hantu dora kang moro karo gowo ladeng (pisau). 
Dora :"lho milla, awakmu kok isih urip? Hantu yo awakmu ki."
Milla :"wis sampeyan rausah kakean omong mbak, aku ngerti sampeyan sing wis nyilakani ibu bapak. " (karo nujep dora nganggo ladeng sing mau digowo, banjur mlayu )
Gufron dumadakan teko ing kamar nalika krungu dora njerit. Dora njelasne kedadean sing lagek wae kelakon. 
Gufron :"Ana apa, kok awakmu sampek jerit-jerit?"
Dora :"milla, milla isih dadi setan, dewe e bar ngedeni aku guf. Awakmu saiki ning kene ae mbaturi aku, njaga aku, aku wedi yen milla teko maneh. "

Sakwise kedadean bengi iku, milla wis ora tau ngetok maneh ing ngarep e dora lan gufron. 
Nganti ana pirang-pirang wulan, akhire Rudy bali saka lungane. Rudy langsung njujug omah e  dora, arep-arep pengin langsung nemoni anak bojone. 
Rudy :"Piye kabare mbak, suwi gak petuk e"
Dora :"Apik-apik rud, hehe"
Rudy :"milla ana ngendi mbak, wis suwi gak petuk kangen pol ngeneki aku. "
Dora :"Sepurane mbak dora ya rud, aku ora iso njogo milla, milla ninggal nalika dewe e mbabarne anak e rud. " (Dora mbituk i rudy)
Ngrungokne omongan e Dora, Rudy kaget lan ora iso omong apa-apa. Nalika Rudy arep mapan turu, milla dumadakan teko lan gawe Rudy kaget nganti jerit-jerit. Akhire milla ngalih. Kedadean iku dibaleni sampek ping pindo, akhire Rudy sadar yen iku mau asli milla sing isih uip. Akhire Rudy lan Jaya nggodak mila. 
Milla mlayu sampek tengah kuburan, wis ora kuat mlayu akhire dicekel karo rudy. Pak karto teko lan njelasake kedadean sing sebenere. 
Pak Karto :"Mas Rudy, sampeyan tenang sik, sampeyan kudu weruh yen milla ing sampeyn anggep wis mati, sampek saiki sebenere isih urip. Nalika mbak milla di cilakani karo mbak dora lan dikubur padal isih urip, mbak milla iki mbabarake ing njero kubur mas."
Rudy :"Ya Allah dek, getun aku wis nitipake sampeyan ning mbak dora."
Jaya :"Yowes rud, saiki bojomu karo pak karto ben leren, awakedewe gek ndang ngebarne kasus iki, dora lan gufron wis salah kaprah lan kudu dilaporake polisi."
Rudy :"Yowes ayo ning kantor polisi saiki. "
Ing omah e Dora, ana gufron kang lagi dolanan karo ulo ne. Nanging nalika Rudy lan Jaya teko ulo iku mau langsung di tembak mati karo Rudy. Dumadakan Gufron arep mlayu nanging di tembak mesisan karo Jaya, lan mati sakejap. 
Ing gudang ana Dora lan bapak e sing ora iso apa-apa. Akeh karyawan e kang moro njaluk upah kerjo, nanging karo Dora ora diwehi, justru Dora ngetok ake tembak e lan diunekake. Bapak e nyegah Dora amrih e ora mateni karyawan e, nanging malah bapak e sing ke tembak. 
Dora :"Wis akhire bapak yo melu mati sisan, saiki mung aku sing nduweni kabeh bondo iki, hahahaha. "
Jaya :"Aja seneng sik awakmu yo, saiki wayahmu kanggo nanggung kabeh duso mu." (Dora di tembak dening Jaya)
Rudy akhire mlebu gudang, lan ngringkesi mayit e Dora lan Bapak e kangge dikuburake. 
Tamat 

LAKON SANDIWARA LUDRUK (SYARAFINA FADHILLA 30-WANDA EKA KENCANA 32)

                   BRAHMANA MANGGALA
 Ing dalan desa
 Ing kerajaan Majapahit, ana pusaka gedhe sing diarani 'Mustika Sentences', nalika semana para prajurit kasebut dikirim supaya ngirim.  Sayange, ana wong lanang sing jenenge Mahesa Bendo sing ndeleng jimat kasebut.  Dheweke uga nyerang prajurite supaya entuk.  Lan ana peperangan.

 Mahesa Bendo: "Hei, nyerahke jimat!"
 Prajurit: "Sapa sing wani ngatasi!  Ora!  Iki utusan gedhe sing bakal kita jaga. "
 Mahesa Bendo: Cepet lan menehi urip utawa taruhan
 Nanging sayangé, Mahesa Bendho lan prajurite tiwas ing tengah paprangan.  Lan salah sawijining prajurit kasebut ninggalake talisman Mustika Sentences menyang Brahmin Manggala nalika pungkasane urip.

 Omah
 Sekar Arum lagi ngobrol karo putrane Antini.  Banjur teka Seto Kumbang sing tujuane nduwe tresnane maneh karo Sekar Arum.  Lan Sekar Arum gelem karo syarat kudu nggawa pesona Mustika Sentences.
 Seto Kumbang: "Hei, Sekar Arum, aku wis nggawa kabar sampeyan"
 Sekar Arum: "Warta apa sing arep dakkandhakake"
 Seto Kumbang: "Ing perang nglawan prajurite, Mahesa Bendo mati.  Dadi, bisa dadi wong sing ngancani kowe ”
 Sekar Arum ngaso lan mikir,
 Sekar Arum: "Aku bisa nampa yen sampeyan bisa nggawa aku jimat"
 Seto Kumbang: "Nggoleki yen sing dikarepake.  Aku bakal perang kanggo sampeyan "
 Banjur Seto Kumbang mrentahake Litheng lan kanca-kancane supaya kekarepan Sekar Arum.
 Nalika, Brahmin lan kanca-kancane ing toko teka jalhiteng bareng karo bawahane.
 Jalhiteng: "Heh, Brahmin wenehi jimat mau, yen sampeyan ora pengin urip sampeyan ilang"
 Brahmin: "Ora, mung nyoba yen sampeyan bisa"
 Sawise obrolan ringkes iki, ana peperangan ing warung.  Lan ketoke camp Jalhiteng kalah, nanging salah sawijining bawahane sing diarani Seto Kumbang.  Liwat dheweke rawuh lan ngajak perang ing njaba warung.
 Ana peperangan sing sengit antarane wong loro mau.
 Dumadakan Sekar Arum dumadakan mangsat Seto Kumbang.
 Seto Kumbang: (Amid pati) Sampeyan ora sopan Sekar Arum!  Rasa iki!  (Nalika menehi aji aji dheweke duwe)
 Sekar Arum: Arrrrrrgh!  (njerit lara ati)
 Brahmin teka kanggo nylametake
 Brahmin Manggala: "Apa kowe ora becik?"
 Sekar Arum: "Aku ngrasakake tanganku amarga dheweke"
 Brahmin Manggala: "Ayo wisuh"
 Antini ora sengaja teka lan nyumurupi perawatan intim Brahmin lan ibune.  Lan banjur langsung ninggalake papan kasebut amarga ngobong geni sing cemburu.
 Ing tengah dalan Antini, diterusake Brahmin lan ibune, dheweke dicegat Jalitheng lan kanca-kancane sing tujuane arep males pati marang gurune.
 Jalitheng: "Hei, kepiye awakmu padha mlaku bebarengan sawise mateni guru kita"
 Brahmin Manggala: "Isih urip, go ahead kula"
 Jelhiteng: "Yen sampeyan pengin aku lunga, mula kalahake aku"
 Ana bantahan gedhe ing antarane wong loro, pungkasane perang iki menang maneh dening para Brahmana lan Jalitheng lan bawahane tiwas ing papan kasebut.
 Ing pertapa
 Sekar Arum: Chakra ngiwa aku butuh pitulung sampeyan kanggo njaluk pesona Kalmia Mustikaa
 Ngilangi chakra: Sih anakku, aku bakal ngoyak pria-pria kanggo nggoleki.
 Pungkasane gajah jago ngumbara golek manggala brahmana sing digawa.
 Gajah Gendheng;  Pungkasane aku ketemu sampeyan Brahmin.  Dimana jimat kasebut?
 Brahmin Manggala: Bagus, aku nambut kanthi angel nate takon kanthi gampang
 Banjur ana peperangan ing antarane Brahmin Manggala lan pasukan gajah Gendheng sing nyebabake kekalahan ing gajah Gendheng diikuti dening guru chakra cleft sing nyedhaki dheweke.
 Uwal saka manggala Brahmin sing diikuti karo chakra cleft ana perang ing desa.  Lan ing acara kasebut pungkasane menang dening chakra chipped.
 Kanca-kanca Brahmin manggala: yen sampeyan pengin ngalahake chakra sing dikethok, sampeyan kudu duwe jampi kontrol jiwa
 Brahmin Manggala: Inggih kula bakal dipenjara ing sangisore grojogan kanggo njaluk jampi kasebut.
 Chakra sing ngresiki kanthi cara nggawa ukara mustika dimaksudake supaya menehi jimat kasebut menyang Sekar Arum.  Dumadakan Brahmana Mangala nyekel jimat kasebut lan dijupuk.
 Lan pungkasane chakra sing ngresiki tiwas iku dadi bapakne Sekar Arum.
 Sekar Arum: napa sampeyan kudu mateni bapakku?  Apa gawe piala?
 Brahmin Mangal: amarga dheweke wis njupuk jimat saka aku
 Pungkasane ana pertarungan antara Brahmin Manggala lan Sekar Arum sing males dendam kanggo tiwas bapake.  Nganti pungkasane mateni sekar arum ditabuh péso dhewe.  Sadurunge seda, dheweke menehi saran supaya Antini diserahake menyang Brahmana.