Senin, 03 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (INTAN AULIA 15-JASMINA HEMAS 17)

                       BLEDEG BRANJANGAN

Ing sawijining dino ono pangeran kang jenenge Pangeran Carang Kusuma dheweke lagi mubeng-mubeng ing deso karo abdine kanggo ndelok wilayahe.
Carang  Kusuma : “Aku arep ndelok kahanan deso punapa wargane apik-apik wae opo ora”
Abdi : “Nggeh pangeran kito siap ngrencangi”

Ing tengah perjalanan, Pangeran Carang Kusuma ndelok Sekar Pandan lagi ngumbah klambi ing kali. Sakbare kui Carang Kusuma teko nyedeki Sekar Pandan.
Carang Kusuma : “Hei cah ayu ayo melu bareng aku” (karo ndemektangane Sekar Pandan)
Sekar Pandan : “Colne tanganmu nyapoawakmundemekndemek” (karo mbengokmbengok)
Carang Kusuma : “Ayoto melu aku cah ayu” (karo ngerayu lan nggoda Sekar)
Sekar Pandan : “Wegah ngaleho ojo nyedeki aku” (karo usaha ngeculne tangan Carang 
    Kusuma)

Sekar Pandan ora gelem lan akhire Carang Kusuma memperkosa Sekar Pandan.
Sekar Pandan : “Tulong....Tulong.... (karo mlayu)
Carang Kusuma : “Hei, ojo mlayu awakmu” (karo nggodak Sekarang Pandan)
Sekar Pandan : “Ngaleho awakmu ojo nggodak aku”

Sekar Pandan mlayu sampek ngeleboni ladang lan pethuk bapake.
Sekar Pandan : “Bapak tulong aku. Aku ing bebaya”
Ki Brenjangan : “Ana opo nduk, apa enek opo awakmu”
Sekar Pandan : “Carang Kusuma arep nindakake elek karo aku. Dheweke nggodo lan 
    ngerayu aku lan arep diperkosa. Nanging aku iso mlayu moro ladang iki 
    lan syukur iso ketemu bapak”
Ki Brenjangan : “Kurang ajar Carang Kusuma,wani-wanineyo”
Carang Kusuma : “Hei Sekar rene awakmu” (mlayumoro Sekar)
Ki Bren : “Hei Carang reneo kowe wani-wanine anakku kok kenekne”
Carang Kusuma : “Aku ora wedi karo awakmu”

Akhire kedadeyan lomba Pangeran Carang Kusuma karo Ki Bren. Carang Kusuma kalah lan mlayu. Lan dina sesuke Senapati Kudoireng bebarengan prajurit didhawuhi kanggo nyekel Ki Brenjangan.
Carang Kusuma : “Senapati Kudo Ireng cekelen Ki Brenjangan saiki”
Kudo Ireng : “Inggih pangeran bakal kito nindakake bebarengan prajurit-prajurit”

Carang Kusuma nekani omahe Ki Brenjangan.
Carang Kusuma : “ Ing pundi Ki Brenjangan”
Nyai Brenjangan : “ Wonge lagi raenek ning omah”
Carang Kusuma : “  Bakal tak kalahake,lan omahmu arep tak obong sampek entek”

Carang ngalahake Nyai Brenjangan sampek dipateni. Ki Brenjangan teko lan ndeleng omahe diobong, langsung mlayu marani Carang Kusuma.
Ki Brenjangan : “Hei ojo mlayu awakmu Carang, bakal ku habisi ing tengah perjalanan Ki  
    Brenjangan pethuk Kudo Ireng lan para prajurite lan nutup dalane”
Kudo Ireng : “Minggir, utowo kito arep mateni awakmu”
KiBrenjangan : “ Wani-wani nantang aku”

Akhire kedadeyan perang antarane Ki Brenjangan karo Kudo Ireng. Ki Brenjangan kalah lan mlaku sempoyongan moro ing gubug. Nanging gubug kui disamber kilat lan Ki Brenjangan kebrukan gubug.
Resi Aguntur : “Iso-isone ono wong mati disamber kilat. Aku bakal ngobati”
Ki Brenjangan : “Apa seng kedadeyan ing aku?”
Resi Aguntur : “Awakmu mau disamber kilat. Tapi saiki awakmu wes sadar”
Ki Brenjangan : “Sopo awakmu?”
Resi Aguntur : “Aku Resi Aguntur. Amarga awakmu wes sadar bakal tak angkat dadi  
    murid lan tak wenehi ilmu-ilmu seng tak nduweni”

Abdi lan tukang bendhe ngumumake sayembara gawe ngadu para pendekar ing Panumbangan.
Ki Brenjangan : “Aku bakal melok sayembara kui. Aku pengin nduduhake kekuatan seng 
     tak nduweni” (batin Ki Brenjangan)

Pas mlaku ing ladang Ki Brenjangan pethuk Kudoireng lan para prajurit.
Ki Brenjangan : “Hei Kudoireng nyapo awakmu neng kene?”
Kudoireng : “Napo awakmu ngalangi kita. Minggir utowo tak ntekne maneh awakmu”

Sakwise kui kadedayan tukaran antarane dheweke, tapi ganti Kudoireng seng kalah. Tapi Ki Brenjangan ngalah lan njaluk dipenjara. Ki Brenjangan akhire ngatur siasat karo kabeh narapida kangge berontak.
Ki Brenjangan : “Wani ora nglawan aku”
Dipayana : “Aku ora wedi karo sopo-sopo”

Setelah pertarungan dimulai akhire Carang Kusuma lan Senepati Kudoireng mlayu. Akhire Carang Kusuma mati ing tangane Ki Brenjangan. Lan Senepati Kudoireng mati ing tangane Dipayana. Sakwise kui Ki Brenjangan diangkat dadi Adipati ing Panumbangan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar