Senin, 03 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (ALFIN SOFYAN 01-IQBAL NAZALLULAH 16)

                 Genderuwo Kendhal Growong 
Srengenge panas iki ngena ing ubun-ubun iki, semilir angin sing nyamber rambut seng keurai. Dalanan desa sepi banget cuman arek wadon siji lewat lan ndek mburino ono wong lanang siji koyo prajurit jogo retune. Tekan tengah tengah dalanan ono tugu perbatasan lan ujug-ujug ana seng ngageti arek wadon nyapa lan nggodo arek e, banjur lare jaler neng burine langsung abang kupinge. 
Goplo : “eh karmila ape lewat ki, aku tak coba nggodho” goplo mbatin.
Karmila : “aku ngroso hawane kok gapenak ya say”
Murjito  : “la enek opo to beb ?“
Ndadak karmila kaget goro goro di kageti lan digodo goplo 
Murjito : “Nyangpo we Plo kok wani-wanine nggangu yangbebku” banjur Murjito nesu ngampleng lan maido goplo. 
Karmila : “ayo tinggal ae say gausah digatek wong gajelas” Karmila lan Murjito banjur ngaleh ninggalne Goplo.
Goplo langsung muleh lan atine kemrungsung bingung campur adok amargi kelakuane, ibune goplo ngenteni anak kesayangane neng  garepan omah e. Ora ono salam salim langsung melbu mblunus gak ono sopan santun e, ibune goplo mbatin “ ono opo karo cah iki, gak biasane koyok ngene”. Goplo bingung sampek akhire dee buntu piker e lan akhire dheweke gantung diri neng omah ngguri, untung si mbok weruh lan langsung nasehati goplo “Le ojo cetek pikirmu ben ayem atimu sakki koe moro menyang wit kendhal growong lan semedhio kanggo nemeni bapakmu yaiku genderuwo dalbo” nasehat si mbok. 
Sakbanjure tekan ngisore wit kendhal growong, Goplo langsung semedhi kanggo nemuni bapake, sakwese semedhi bapak e rawuh lan ngabulna kabeh seng dipingini anake. Goplo nyuwun menyang bapak e supoyo uripe adem, ayem, lan tentrem, lan Goplo nyuwun pasangan urip. Sakbanjure semedhi akhire uripe adem, ayem, lan tentrem sak lawase.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar