GAGAK SOLO
Judul : Gagak Solo
Produksi : Ludruk Kopangsat Trisula Dharma
Informan : Totok Iman Santoso, S. Ratno dan D. Puryadi
Ing sawijining dino ing ndalan, ana segrombolan gagak solo mlayu karo nggowo barang-barang lan ana pasukan polisi sing ngodak.
Polisi : “woii! Mandekk!”
Gagak solo : “ayooo sing cepet nek mlayu, barang e ojo sampek keri!”
Sakwise lolos soko polisi banjur gerombolan gagak solo melbu ing sarang e. Pimpinan gagak solo ngomong marang anggotane supoyo hasil rampokan mau dibagi roto. Lan ana rong anggota diutus ngeterake kopor ing omah e ibu jaya santoso.
Pimpinan gagak : “hasil rampokan mau dibagi roto, ojo serakah!”
Anggota gagak : “siapp pak pimpinan”
Pimpinan gagak : “terus salah siji tulong terne kopor ning daleme ibu jaya santoso”
Anggota gagak : “nggih kulo mawon pak”
Ing omah e ibu jaya santoso, jaya santoso lagi ngobrol kaliyan ibune masalah persiapan nikah e jaya santoso. Ora suwi anggota sing mau diutus pimpinan gagak solo teko banyur nyerahne kopor teko pimpinan gagak solo.
Jaya santoso : “bu, niki pripun persiapan nikah kulo?”
Ibu jaya santoso : “wis siap le”
Anggota gagak : “(tok tok tok) Assalamualaikum...”
Jaya santoso lan ibu jaya santoso : “waalaikumsalam”
Ibu jaya santoso : “enek opo iki? Dengaren rene”
Anggota jaya santoso : “niki diutus ngeterake kopor saking pimpinan gagak solo”
Ibu jaya santoso : “woalah iyo, suwun yo”
Anggota gagak solo : “sami-sami bu”
Ing taman, Suwondo lan Roro Wiranti podo sumpah janji.
Suwondo : “dik”
Roro Wiranti : “dalem mas”
Suwondo : “sampeyan percoyo kan karo tresnaku?”
Wiranti : “nggih mas, kulo percoyo kalih sampeyan”
Suwondo : “aku janji dik, yen aku bakal terus njogo sampean sampek aku mati”
Wiranti : “matur nuwun kangmas”
Ujug-ujug Suwandi lan bujange teko.
Suwandi : “walah mas tak golek i tekan ngendi-ngendi tibake ning kene to”
Suwondo : “hehe, ki kenalne calonku, jeneng e Roro Wiranti”
Suwandi : “kulo Suwandi” (karo nyalami Roro Wiranti)
Roro Wiranti : “nggih, kulo Roro Wiranti”
Suwandi : “wis ayoh ndang podo mulih”
Suwondo : “iyo ayoh”
Teko omah e Suwondo, Pak Suwondo karo Roro Wiranti omongan-omongan karo anak-anake. Ujug-ujug Jaya Santoso lan ibune teka menehi kabar.
Jaya Santoso : “kulo nuwun”
Suwondo : “nggih, enek opo yo”
Jaya Santoso : “aku lan ibuku mrene menehi kabar yen aku arepe rabi karo roro wiranti”
Suwondo : “ha? Guyon to awkmu ki?”
Jaya Santoso : “ora, wis yo aku mulih”
Krungu kabar mau Suwondo kaget lan ndandak lara.
Ing pesta rabine Jaya Santoso karo Roro Wiranti meriah banget. Akeh tamu seng teka. Bruk!! Ing tengah-tengah ramene tayuban, moro-moro Roro Wiranti semaput. Bruk!! Disusul karo Suwondo seng yo melu semaput. Jaya Santoso isin lan kuciwo karo kadadeyan iki.
Ing adalan, Suwondo njaluk tulung marang Suwandi gawe ngirim surat menyang Roro Wiranti.
Suwondo : “dek mreneo”
Suwandi : “nggih wontwn nopo kangmas?”
Suwondo : “tolong iki kek no Roro Wiranti”
Suwandi : “waduhh kangmas aku wedi”
Suwondo : “napo wedi, ndang kekno ndang mantuk”
Suwandi : “yowes mas”
Suwondo : “ati-ati dek”
Ing taman Roro Wiranti lagi meratapi kesedihane. Ora suwi Suwandi teko ngekekno surat kui marang Roro Wiranti.
Suwandi : “mbak iki wonten titipan surat saking mas wondo”
Roro Wiranti : “surat soko Suwondo? Opo ya isine?”
Suwandi : “iki mbak surat e”
Jaya Santoso moro-moro teko lan ndelok yen Suwandi ngeweh i surat neng Roro Wiranti. Jaya Santoso akhire marani Roro Wiranti lan Suwandi.
Jaya Santoso : “lolo napo koe?”
Suwondo : “Anu..”
Jaya Santoso : “wani-wanine we marani roro wiranti!”
Jaya Santoso muntab amargo cemburu, akhir e Suwandi dhajar lan tangan e Suwandi nganti keiris. Suwandi nangis banjur mlayu mulih karo nyekeli tangane sing keiris Jaya Santoso.
Suwondo : “loh dek, napo awakmu?”
Suwandi : “tanganku keiris pisone Jaya Santoso mas”
Krungu Suwandi nangis, Pak Suwondo metu kamar lan nyeneni Suwondo.
Pak Suwondo : “enek opo ki kok rame-rame? Loh napo Suwandi nangis? Tanganmu kenek opo wan?
Suwandi : “tanggan kulo diiris kaliyan Jaya Santoso pak”
Pak Suwondo : “lah kok iso? Golek masalah opo awakmu iki janne?”
Suwandi : “kula ngeteraken suratipun kangmas wondo menyang Roro Wiranti pak”
Pak suwondo : “Walah lah, yowes kono ndang melbu omah diobati lukamu. Trus Suwondo ndang moro ning Jaya Santoso! Genahno masalahmu wi dewe!
Suwandi : “nggih pak”
Suwondo banjur budal menyang taman lan petukan Roro Wiranti
Roro Wiranti : “ana apa mas kok awakmu mrene?”
Suwondo : “Sssttt...Aku mrene arep nglurusne masalah”
Roro Wiranti : “Ayo mas langsung ae nemoni mas Jaya Santoso wae”
Jaya Santoso teko.
Jaya Santoso : “kendelmen awakmu mrene, po pingin tak hajar koyok adikmu?
Suwondo : “Aku mrene ra pingin nggolek masalah, aku pingin njelasne masalah adikku mau”
Jaya Santoso : “rasah kakean alesan!” (karo mbedil Suwondo)
Roro Wiranti : “loh mas opo-opoan ki?
Jaya Santoso : “napo awakmu malah mbelo wong ki!”
Roro Wiranti : “lha mas wondo arep njelasne malasahe lakok malah mbok pateni”
Jaya Santoso : “rasah kakean omong we!” (karo mbedil Roro wiranti)
Sakwise mateni Suwondo karo Roro Wiranti, Jaya Santoso banjur kabur teka kelakuane kui. Ing omah Pak Suwondo khawatir amarga Suwondo gak ndang mulih. Dheweke banjur nggolek i anake.
Pak Suwondo : “loh anakku kok kok koyok ngene!” (kaget amarga ruh anake wes ra enek nyawane)
Pak Suwondo banjur njaluk tulong polisi gae nemokne Jaya Santoso. Ing omah, Ibu Jaya Santoso bingung lan resah.
Ibu Jaya Santoso : “duh Gusti, menyang ngendi parane putraku Jaya Santoso. Kok gak ndang bali-bali.”
Pak Suwondo karo polisi teka menyang omah e ibu Jaya Santoso. Ngiwasi yen ibune Jaya Santoso lagi ngenteni anak e ana ing teras.
Pak Polisi : “nyuwun sewu, niki dalemipun Jaya Santosa?”
Ibu Jaya Santoso : “nggih kulo ibune. Wonten napa?”
Pak Suwondo : “ngenten bu, putranipun panjenengan sampun mateni Suwondo anak kula kaliyan Roro Wiranti”
Ibu Jaya Santoso : “lohh? Mosok?”
Pak Suwondo : “nggih bu”
Ora suwe, Jaya Santoso muncul nggowo tembak, arep mbedil nanging wes kedisikan bedilan e polisi. Sakwise kui polisi njelasne yen Jaya Santoso iku sejatine pimpinan saking gagak solo sing sering nggawe resah warga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar