Senin, 03 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (LAILINA ARDYANING 20-RIF'ATUSANA DHIYA 26)

                  ALI BABA DAN 40 PENYAMUN

     Ing njero kerajaan, A. Kasim ngadakno acara gawe ulang tahune. Ketok Ali Baba teko lan ngampiri A. Kasim. 
Ali Baba : "Kang Mas, napa saget kulan nyuwun tulung? "
A. Kasim : "Wis ora iso, ngasih - ngasih aku sibuk." 
Ali Baba : "Namung sedekah Kang Mas."
Badrus : "Awakmu iki njaluk tulung kok mekso!"
Banjur Ali Baba mbalik mulih.

     Acara saya suwi, saya rame. Ing tengah - tengah acara, Marjina lan Kanca - kancane teko lan ngamen ing panggonan acara kui mau. Banjur Badrus lan Kanca - kancane ngampiri. 
Badrus : "Hey cah ayu, ayu - ayu kok ngamen. Ayo rene seneng - seneng karo aku! "
Banjur Marjina ngalih, nanging dicegah lan ditarik Badrus. Banjur Marjina njerit njaluk tulung. 
Marjina : "Tulung... tulung... Aku arep diculik.. "
Badrus : "Heh kowe iki cuma pengamen, sopo sing arep nulungi awakmu, he? "
Ora suwi Ali Baba teka lan nulungi Marjina. 
Ali Baba : "Mandek"
Badrus : "Woo wani kowe karo aku ayo lawan aku."
Akhire peperangan antara Ali Baba lan Badrus kadadean lan peperangan dimenangake Ali Baba. Banjur Ali Baba ngajak Marjina lan Kanca - kancane milih menyang omahe Ali Baba sing ora adoh saka panggonan acara. 

     Ali Baba tinggal ing omah karo adike yaitu Kunkum. 
Ali Baba : "Assalamu'alaikum.. "
Kunkum : "Wa'alaikumussalam.. Saking pundi mawon Kang Mas? "
Ali Baba : "Iki mau aku enek urusan sedela."
Kunkum : "Niki sinten nggeh Kang Mas? "
Ali Baba : "Kenalne iki Marjina lan Kanca - kancane, iki mau aku ketemu ing ladang. "
Kunkum : "Oh nggih Kang Mas. "
Ali Baba : "Iya wis, Kang Mas pamit ya arep ng golek kayu disini in alas."
Kunkum : "Nggih Kang Mas, ati - ati." 

     Sawise ngeterne Marjina lan Kanca - kancane milih ing omahe, Ali Baba banjur kenyang alas golek kayu. Sawise Ali Baba teka ing alas dheweke ngerti enek gerombolan perampok sing ndekek sesuatu ing Goa Sinsim banjur ngalih. Ali Baba namatake gerak - gerike perampok kuwu mau ing ngguri semak - semak. 

     Sawise gerombolan perampok kuwi mau ngalih, Ali Baba penasaran, banjur mbuka Goa kasebut lan tibake ana harta harta ing kunu. Ora mikir suwi, Ali Baba nggowo mulih harta kasebut. 

     Ing kerajaan A. Kasim lan garwane ngomongake Ali Baba sing ndadak sugih. Lan ing sisih liyo, Badrus ngerasa khawatir amarga neraca kang di silih Ali Baba durung mbalik. Banjur Ali Baba teko nggawe klambi mewah. 
Ali Baba : "Kang Mas, niki dame Kang Mas." (Karo ngewehne pepaes ing Kang Mase). 
Badrus : "Untuk tekan ngendi iki? Kowe ngerampok yo?"
Ali Baba : "Mboten Kang Mas."
A. Kasim : "Halah ngaku ae, kowe intuk pepaes iki tekan ngendi? "
Amarga terus didesek karo Kang Mase, akhire Ali Baba nyritaake kadadean ing Goa Simsim. Banjur A. Kasim langsung melayu ana ing Goa Simsim lan ngongkon Adhine (Badrus) supoyo nyekel Ali Baba. 
Badrus : "Heii.. (Karo nyelu anak buah) cekel Ali Baba iku. "
Ali Baba : "Kang Mas.. Kang Mas.. " (karo bengkak - bengok ngelawananak buahe Kang Mase) 
Badrus : "Heii.. reneo" (karo nyeluk para penari). 
Nyawang Badrus nari - nari karo pelayane, Ali Baba nyerang para anak buahe Kang Mase lan mblayu ing ladang. Tapi Badrus ngeweruhi hal iku banjur langsung nyegat Ali Baba. 
Badrus : "Hulu Balang... Cepet cekel Ali Baba! "
Buk.. Buk.. Buk.. nanging kabeh Hulu Balang kalah ngelawan Ali Baba. 
Garwane A. Kasim : "Badrus, iki gawenen nyerang Ali Baba! " (karo ngewenehi pedang ing Badrus). 
Ali Baba : "Kang Mas... Njenengan mboten saget menang saking kula! " (karo terus ngehindar saka serangane Kang Mase). 
Crooss... Pedang iku ora sengojo kenek wetenge garwane A. Kasim. Badrus lan Ali Baba kaget. Tapi Ali Baba ora nyia - nyiakne iku. Ali Baba langsung nyaut pedang saka Kang Mase, banjur nusuk geger e Kang Mase lan langsung mlayu nyusul A. Kasim ing Goa Simsim. 
A. Kasim : "Ali.. ndi Goa ne? Eneke mung semak - semak belukar."
Ali Baba : "Mboten ngertos Kang Mas."
A. Kasim : "Ojo mbujuk kowe.. Jaremu mau ono Goa sing nyimpen emas ake ning kene!" (karo narik pedange). 
Akhire Ali Baba ngomong ing A. Kasim menowo Goa ana ing ngguri ne semak belukar. Banjur A. Kasim langsung mlebu lan njupuk emas sak akeh - akehe. 

Suhadak (perampok) : "Heii... wani - wanine kowe melbu ing Goa iki. Wooy (karo madep ing anak buah e) hajar lan paten wong iku!! "
Bukk... Bukk... Bukk... 
Ali Baba : "Kang Mas.. Kang Mas.." (Karo nangis ing ngarepe mayate A. Kasim). 

     Sawise ngeterna mayate A. Kasim ing omah, Ali Baba mlaku - mlaku ing dalaman desa Sidomuncul gawe golek wong kang iso nyatokne potongan awake Kang Mase. 
Ali Baba : "Heii.. Heii.. Mas, njenengan Salim ingkang penjahit kang terkenal ing desa Sidomuncul niku to? "
Salim : "Nggih Mas. " (karo ngguya - ngguyu krungu pujian saka Ali Baba). 
Ali Baba : "Ayo mel aku. Aku ono penggawean bayarane 3× lipat piye? "
Salim : "Ayo - ayo Mas, kulan purun. "

Ing omah. 
Marjina : "Kunkum..geniyo yo A. Kasim kok iso awae tugel - tugel dadi koyok ngunu? "
Kunyuk : "Ora ngerti aku Mar, mengko jajal tak takokne Mas Ali. Laa.. iku Mas Ali (karo nunjuk Ali kang lagek melbu karo Salim). 
Ali Baba : "Salim...iki Kunkum adhikku lan iki Marjina. "
Salim : "Salim (karo njabat tangane Kunkum lan Marjina)."
Ali Baba : "Ayo Lim, meluncur aku Moro ing ruangane mayate Kang Mas. "

Sakbare iku, Salim muleh karo ati kang seneng. Ing tengah perjalanan Salim pethuk karo Suhadak lan ditakoni soko ngendi harta iku. 
Suhadak : "Woiii Mas.. Iku emasku. Intuk soko ngendi? "
Salim : "Niki emas kula Mas, kula angsal saking ndalem niku Mas (karo nunjuk omahe Ali Baba).  
Suhadak. : "Titenono yo ali, bakal tak jupuk kabeh hartaku! "

Ing omahe Ali Baba. 
Ali Baba : "Kang Mas mugi - mugi tansah pinaringan ketenangan nggih (karo ngelus - ngelus kuburane Kang Mase yaiku A. Kasim).

Tok tok tok.. 
Marjina : "Wonten tamu Mas, kulo tingaline rumiyin."
Suhadak : "Bu niki kula gadah minyak wangi kang kuatah. Wangi - wangi cocok damel njenengan kang ayu. Mosok to Bu, ayu - ayu ora wangi. He.. He.. He.." (Omonge Suhadak kang nyamar dadi tukang minyak wangi). 
Marjina : "Mboten usah Pak, kula dereng butuh. "
Ali Baba : "Sopo Na?"
Marjina : "Niku Mas, kulo dereng butuh minyak wangi tapi kulo dipekso terus..  "
Pas Marjina ngomong karo Ali Baba, Suhadak langsung nyamber Marjina lan nodongne pedang. 
Suhadak : "hei ali, balekno hartaku opo tak pateni wedokmu iki! "
Ali Baba :"Suhadak...tenang, ayo dirembuk apik apik. "
Suhadak :"halaaah.. Cepet, gak usah kakean omong, balekno hartaku. "

Cross... Suhadak ambruk ing ngarep e Ali Baba. 

Kunkum :"mas, marjinal mbote nopo nopo to?" (Karo njabut pedang sing mancep ing awak e Suhadak)  
Ali Baba :"iyo dek gak popo, iki berkat awakmu. "
Kunkum :"Niku mas, anak buah e Suhadak ndelik ing drum drum adah minyak ing ngarepan. "
Ali Baba :"Ayo dibakar!"

Akhire kabeh anak buahe Suhadak mati, dibakar Ali Baba


 TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar