DUKUN TIBAN
Ing dino Senin isuk, Sumiati diutus ibune ngeterake rantang mara ing sawah kanggo kirirman sego bapake, Pak Sumiata.
Ibu Sumiati :”Nduk, iki segone bapak tulung sampean terno ing sawah yo!”
Sumiati :”Inggih bu”
Ing tengah – tengah dalan mara ing sawah, Sumiati ketemu wong lanang 2 sing lagi gelut ing dalan.
Wong lanang 1 :”Nyapo kowe? Kowe jane nduwe masalah opo karo aku?”
Wong lanang 2 :”Halaaaahhh, rasah kakean omong. Majuo rene!”
Sumiati kaget lan njumbul
Sumiati :”Astaghfirullah. Tulungg!!! Tulunggg!!! Ana wong gelut.
Ora suwe, akhire Pak Bayan lan Pak Lurah lewat lan marani Sumiati lan wong enom iku amarga krungu ana suara rame – rame.
Pak Bayan :”Hehhhh........ mandek mandek!!!”
Pak Lurah :”Ana opo to iki kok rame wae? Kene dibarne ing kantor desa wae. Gak usah rame ana ing tengah dalan!”
Sakwise wong lananag – lanang kuwi digowo ing kantor desa. Sumiati lanjut mlaku mara ing sawah. Ujug – ujug Rebo metuki Sumiati.
Rebo :”Arep nang ndi, dekk?”
Sumiati :”Arep ngirim bapak ing sawah mas.”
Rebo :”Sik dek. Aku arep ngomong sedhelo.”
Sumiati :”Ngomong opo mas?”
Rebo :”Ngene lho dek, aku wis ngomong ,arang wong tuwaku babagan sing ana ing anatarane kowe lan aku.”
Sumiati :”Pripun mas?”
Rebo :”Bapakku ngomong yen panjenenganipun ora setuju yen aku ngrabi kowe, dek.”
Krungu opo sing diomong Rebo, Sumiati banjur kaget.
Sumiati :”Duh gusti, nelangsane atiku. Padahal aku tresno temenan karo sampeyan,mas. Aku mending mati mas yen aku ora iso rasi karo Mas Rebo.”
Rebo :”Mas yo ra bisa nglakoni opo – opo dhik. Iku wis karepane wong tuwaku.”
Sumiati banjur nerusake mlakune ngirim bapake tanpa ngomong opo – opo marang Rebo.
Rebo :”Dhik, kowe arep neng ndi?” (mbengok marang Sumiati)
Ing sajroning mlaku ngirim bapake, Sumiati mikir kepriye carane yen Sumiati bisa rabi karo Rebo. Pas mlaku balik mulih, dheweke ketemu Rebo maneh.
Sumiati :”Mas.....Mas Rebo!”
Rebo :”Ana opo dhik? Kowe nesu karo aku ta?”
Sumiati :”Ora mas. Aku pingin ngomongi sampeanyen aku nduwe cara amprih wong tuwane sampean bisa setuju yen awakdewe rabi.”
Rebo :”Kepriye dhik?”
Sumiati bisiki Rebo babagan rencanane Sumiati. Pas Sumiati teko ing omah, Sumiati uga glakokake sing diomongne karo Rebo.
Ibu Sumiati :”Sum... rantange uwes diparingne bapak?”
Sumiati :”Mboten......mboten.......”
Ibu Sumiati :”Jawabanmu kok ora nyambung blass to sum?”
Sumiati :”Mboten......mboten......”
Rebo teko ing omahe, ujuk – ujuk Bapak Rebo nguncalake tas isine klambi menyag Rebo.
Bapak Rebo :”Kowe yen ora iso mungkasi yen mu pacaran karo Sumiati, minggato wae!!! (mbengok nesu marang Rebo)
Rebo :”Kula mboten saget pisah kaliyan Sumiati,pa..”
Bapak Rebo :”Yowes, saiki minggato kono!”
Ndelok keadaane Sumiati kang aneh, Ibu Sumiati banjur ngomong kaliyan Bapak Sumiati. Ibu Sumiati ngomong yen sakbare muleh saka sawah dadi aneh. Bapak Sumiati ngomong yen Sumiati iku saiki lagi loro pikir. Banjur bapak Sumiati nggoleki dukun kanggo ngobati Sumiai kang lagi loro pikir. Ing tengah dalan,Bapak Sumiati ora sengojo petukan Rebo. Nanging bapak Sumiati iku oora weruh yen Rebo iku pacare Sumiati.
Bapak Sumiati :”Kowe arep neng ndi lee....?”
Rebo :”Mboten dhateng pundi – pundi pak.”
Bapak Sumiati :”Wahhh ketepakan le..... Bapak arep njaluk tulung kowe.”
Rebo :”Nyuwun tulung punapa pak?”
Bapak Sumiati :”Iku lho leee Sumiati, dheweke lagi lara pikir. Tulung golekne tombo ing dukun kanggo ngobati Sumiati.
Rebo :”Inggih pak, mangke kula padhosaken dukun kang bisa ngobati Sumiati.”
Ing dino sesoke e,Rebo mara ing omahe Pak Sumiati. Revo ngomong yen dhewejw uwis nejmu dukun kang bisa ngobati Sumiati. Dhewekw ngomong yen sing bisa ngobati Sumiati iku Pak Rebo. Tapi ana syarate,yaiku Pak Sumiati kudu nggawa gepuk pring. Pak Sumiati nyanggupi syarat saka Rebo. Akhire pak Sumiati iku mara ing omahe Pak Rebo.
Pak Sumiati :”Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh, pak”
Pak Rebo :”Waalaikumussalam Warahmatullahi Wabarakatuh. Inggih ana apa pak?”
Pak Sumiati :”Kula badhe nyuun tulung pak. Putra kula sakniki lagi sakit. Sing bisa ngobatki putra kula niki namung panjenengan. Saestu kula nyuwun tulung kaliyan panjenengan pak.”
Pak Rebo :” Kula mboten saged pak.”
Pak Sumiati :”Woooo, iki aku uwis goyo gepuk pring. Yen aku gelem, iso tak gepukne ning kowe saiki!”
Pak Rebo :”Walahh walahhh, iyo aku budhal.” (masang wajah wedi lan kepekso)
Saktekane omahe Pak Sumiati, tibakne dukun sakti kang dimaksud Rebo uga uwis teka. Dukun iku dikongkon mlebu ing kamare Sumiati.
Pak Sumiati :”Mangga pak, niki putra kula ingkang loro pikir.”
Dukun sakti :’Inggih pak,niki kula obati rumiyin.”
Akhire dukun iku mlebu ing kamare Sumiati kanggo ngobati Sumiati. Pak Sumiati lan Pak Rebo nginceng kepirye dukun iku ngobati Sumiyati. Saka kuwi Pak Sumiati lan Pak Rebo weruh yen Sumiati ora loro pikir tenanan, lan dukun sakti iku Rebo. Pak Sumiati lan Pak Rebo sadar yen putra putrine iku tenanan tresno, akhire Pak Sumiati lan Pak Rebo ngrencanakake rabine Sumiati lan Rebo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar