Minggu, 09 Februari 2020

LAKON SANDIWARA LUDRUK (ARJI SIWI P 07-HELMY ADINTA P 13-SHILFIINAA A 29)

                           Londo Gadungan
        Pak R. Wiryo yaiku wong sing nde desone dikenal isih ndue pikiran kuno. Pak Wiryo nduweni anak jenenge Sri Ajeng. Sri Ajeng bolak-balik dilamar karo cah lanang-lanang nde desone sing sak barakan, tapi mesti ditampik karo pak e. Ing sakwijining wektu, Sri Ajeng petukan karo wong lanang, Parno. Sri Ajeng di celuk karo Parno, tapi Sri ora gelem semaur. Sri malah ngelok-ngelokne Parno. Pas kuwi ning ndalan, Parno karo Jamal, lagi ngomongake penggaweane sing dadi bakul jamu.

Parno : "Aku ketbiyen bakul jamu ngene-ngene tok ae, gak maju-maju"
Jamal : "Bisnis karo aku pie?"
Parno : "Bisnis opo, Mal?
Jamal : "Sik-sik tak pikire"
Parno : "E ladalah, takkiro wes intuk bisnis, lakok lagek mikir. Kesuwen" (mlengos)

Parno lan Jamal ngingeti Sri Ajeng lewat.

Parno : "Eh Sri, bar teko ndi? Kok dewe ae"
Sri Ajeng : "Nyapo kok takok-takok barang, kowe lo sopo?!" (Sri ngelok-ngelokne Parno)
Parno : "Biyuh alah, kok koyok macan"

     Sri Ajeng langsung ngadoh teko panggone Parno karo Jamal ngadek. Parno karo Jamal rodok nggondok karo saurane Sri ndek mau.

Jamal : "La menungso omongane kok clekat clekit ngono lo"
Parno : "Umume wong wedok, Mal"

    Bar ndelok Sri koyok ngono mau, Jamal ndue akal. Mergane Pak Wiryo, pak e Sri Ajeng iku pengen ndueni mantu wong luwar negeri, mulane Jamal ngejak Parno ngelamar Sri Ajeng iku. Supaya lamarane ditampa, Parno nyamar dadi wong londo. Parno lan Jamal moro ing omahe Rajak lan bojone, gawe nyewa rambut palsu lan perkakas macak.

Jamal : "Assalamualikum, Jak, Rajak"
Rajak : "Waalaikumsalam, enek opo ki?"
Jamal : "Anu, aku arep nyewo rambut palsu karo perkakas macak"
Rajak : "La arep mbok gawe opo? Sopo sing arep macak?"
Jamal : "Parno ki lo, ben rodok bagus rupane"
Rajak : "Woalah, enek-enak ae. Sik tak omongne bojoku, karo tak jupukne pisan"

    Rajak melbu omah, lan mbalik wis nggowo rambut palsu lan pacak-pacakan.

Rajak : "Ki lo, gowonen sik, mbayare keri ae"
Jamal : "Tenan ki? Suwun lo yo"
Rajak : "Yo, gampang"
Jamal : "Tapi aku tak macaki ning kene ae wis"
Rajak : "Wo ngono, yowis ndang melbu"

     Parno lan Jamal melbu omahe Rajak, Parno langsung dipacaki karo Jamal. Parno nggawe rambut palsu, raine dipacaki amprih persis karo wong londo. Rupane Parno wis bedo karo sak durunge, mangklingi. Jamal lan Parno langsung budal ning omahe Pak Wiryo gawe ngelamar Sri Ajeng.
     Sak tekane ing omahe Pak Wiryo, tibake sik enek wong sing ngelamar Sri Ajeng. Teko njobo ketok Sri Ajeng, Pak Wiryo, karo bojone lagi nemoni tamu.

Parno : "Loh Mal, Sri wis dilamar wong neh, ditompo po ra ya"
Jamal : "Ora wi, wong rupane gak koyok londo kok"
Parno : "Wo iyo ya, wis jelas aku ki sing ditompo"
Jamal : "Wo jelas. Wis di enteni ae, ngko lek wong wi wis metu, ganti awakedewe sing melbu"

    Gak suwi, tamu sing ngelamar Sri Ajeng wis metu, rupane mrengut ae.

Jamal : "Eh eh, we bar nglamar Sri yo?
Tamu : "Iyo mas"
Jamal : "Pie? Ditompo opo ora?"
Tamu : "Ora e mas. Peh ambyar aku"
Jamal : "Yowes ndang muleh ados, ambumu kecut"
Tamu : "Woo ancen e!"

    Parno lan Jamal langsung melbu ing omahe Pak Wiryo. Parno lan Jamal langsung ngomong lek tujuwane yaiku ngelamar Sri Ajeng. Pas ngelamar, Parno nggawe boso londo sak isone Parno, sing angel dingerteni karo Pak Wiryo. Lan Jamal dadi juru basa ne Parno.

Parno : "Ai yem, in hiyer won to get merit with yor daugter" (ngomonge karo pedot-pedot)
Pak Wiryo : "Omong opo kowo iki?"
Jamal : "Ngapunten pak, Parno niki saking Inggris, dados ngendikan e nggih Inggris"
Pak Wiryo : "La maksude opo? Jawano ning aku"
Jamal : "Parno niki badhe ngelamar putrinipun panjenengan, Sri Ajeng"
Pak Wiryo : "Woo ngono to le. Yo seneng aku lek sing ngelamar anakku wong londo ngeneki. Wis tompo wae yo nduk, manut o bapak"
Sri Ajeng : "Nggih pun pak, kula manut panjenengan mawon" (Sri pasrah tapi bingung, Parno lan Jamal senenge ora karuan)
Jamal : "Brarti niki kapan acara ageng e? Anu, akad e pun maksude"
Pak Wiryo : "Wo yo sak cepet e, minggu ngarep yo kenek"
Parno : "Yes, yes, minggu ngarep" (Parno kesenengen)
Pak Wiryo : "Lo kok iso basa jawa le?"
Parno : "Oh, little little"
Jamal : "Terose Parno, saget basa jawa sekedik sekedik"
Pak Wiryo : "Wo ngono, yowis minggu ngarep ya ki pokoke. Tak totone ngko sak sembarange"
Jamal : "Nggih pak, leres"

    Rasane ganti dina saiki cepet. Gak suwi, wis seminggu kepungkur, saiki tanggal e Parno, londo gadungan, lan Sri Ajeng rabi. Sri Ajeng lan londo gadungan lungguh jejer wong loro ing terop.
     Sak bar e acara, Jamal lan londo gadungan njaluk pamit disik, alasane gawe nyepakake upacara peresmian pabrik modal asing. 

Jamal : "Pak, buk, Sri, kula kalihan rencang kula pamit rumiyen nggih, ngapuntenipun ingkah katah. Rencang kula niki badene nyepakaken damel upacara peresmian pabrik modal asing.
Pak Wiryo : "Woh ndue pabrik barang yo, jos ki pokok e. Yowes ati-ati yo"
Jamal : "Nggeh pak, buk monggo"

    Sesok e, Pak Wiryo, bojone, lan Sri Ajeng jawane arep nekani panggon peresmian pabrik e mantune. Tapi ing ndalan tibak e petukan Parno lan Jamal.

Bojone pak Wiryo : "Loh pak, kuwi opo gak yo Jamal karo... sopo ya wi koyok tau ruh sing sitok e"
Pak Wiryo : "Iyo buk sopo ya wi sitok e?"
Sri Ajeng : "Loh pak, buk, niku londo sing rabi kalihan kula!"
Bojone Pak Wiryo : "Wo iyo pak, bener bener!"
Pak Wiryo : "Kurang ajar! Ayo diparani!"

    Pak Wiryo, bojone lan Sri Ajeng marani Parno lan Jamal.

Pak Wiryo : "Heh londo gadungan! Wani-wanine yo kowe ngapusi aku lan anak bojoku! B*jing*n an wong loro ki! Critone ndue pabrik gede, tibak e trimakno bakulan jamu ngeneki?!"
Parno : "Aduh, Mal pie ki? Kabeh wis podo ruh" (ngomong karo bisik-bisik)
Jamal : "Yowis Par, pasrah ae. Pancen ngene dalan e"
Pak Wiryo : "Wis pokoke pegat o ae karo anakku, bar ngono lunga o sing adoh! Wegah aku ngingeti rai-raimu neh! Ayoh buk, Sri, muleh, ora enek pabrik sing arep diparani, kabeh ngapusi"

     Pak Wiryo sak kaluwarga ngamuk kabeh marang Parno lan Jamal.

Parno : "Wis iki goro-goro akalmu Mal, maleh ruwet ngeneki. Ngurusi pegatan barang. Lagek rabi sedino ae kon pegat"
Jamal : "Yowes tak iwangi ngurusi pegatmu sesok"
     Parno lan Jamal nerusne bakul jamu.

TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar