Sabtu, 12 Oktober 2019

02. Aminatur Rizki Floresta "MERANTAU"

                                   Merantau
Ndeloki  banyu kang gemrujug nambahi kahanan seng syahdu lan endah dideleng. Munine suara bel sepeda 'Kring - Kring...' lan bocah - bocah cilik podo  dolanan ing sawah soyo nduduhake ciri khas kahanan desa. Aku bocah asli desa, urip ndek perantauan, lan iki cerito ku.
Jenengku Resta Adriana.  Umurku 19 tahun. Sak iki aku kuliah ing salah siji Universitas ternama ing Indonesia. Alhamdulillah aku oleh beasiswa amarga aku menang  juara 1 Olimpiade Astronomi  ing Universitas iku. Akeh seng gak nyangka wong desa koyok aku iso menang lomba. Aku seneng banget iso ndue prestasi seng mbanggakne wong tuaku lan kampungku.
Sak liyane kuliah, aku yo nyambut gawe. Nek ngandelno beasiswa tok mestine kurang to tak gae mbayar kost lan biaya hidup liane. Makane kui, aku nyambut gawe dadi bakul klambi lan kerudung  ndek online shop. Duit khasil  nyambut gae ku tak tabung gae masa depan lan jogo - jogo nek enek keperluan seng mendadak.
Aku ki cah desa seng seneng mlaku - mlaku, opo maneh iki pas liburan semesteran menyisan pengenku explore daerah seng rung tau tak kunjungi. Rencanane rong dino maneh aku pengen menyang Bali gae liburan. Ananging aku dikabari marang ibukku lewat telphon,
"Assalamualaikum, Nduk ndang muleh. Bapakmu iki lo loro. Dirawat ing griya gerah Cempaka, mbok yo sambangono ben ruh kahanane bapakmu ing kene ki piye. Ibuk lan bapak kangen kowe nduk. "
Tak jawab "Waalaikumsalam,Iyo buk. Inshaallah resta saget mirsani bapak dhateng griya sakit."
"Iyo nduk mugo - mugo ae iso ya." Sambung ibukku.
"Nggih buk inggih, salam kagem bapak nggih. " Sambungku.
"Iyo nak. Ati - ati yo ndek perjalanan." Lanjut ibukku.
"Nggih buk." Sambungan telphon wes dipateni ibukku.
Akhire aku mbatalne rencanane liburanku lan luweh milih mbalek menyang kampungku gae ndelok kahanane bapak lan ibuk ing kampung.
Sawise Rong dino...
Dino iki aku wes nyiapne keperluan opo ae seng tak butuhake pas mbalek omah. Tiket kereta,tas punggung, koper, lan oleh - oleh gae wong tua. Di tambah macete dalan ing kota gede iki marai wong susah lan sumpek. Panase srengenge, suara klakson mobil, motor ugal - ugalan. Kesel, pegel, sumuk.  Kahanan lan rasa iki seng terus tak rasakne pas aku ndek kutho iki. Ananging iling aku kudu bersyukur amarga aku iso lanjut sekolah seng luweh duwur, entuk beasiswa, iso kerja lan seng paling penting 'sehat wal afiat'.
Sak tekane aku ndek stasiun, aku diterne ojek online seng tak pesen maeng. Aku lali ra nggowo duit tunai malah nggowone kartu atm. Mosok aku arepe ndek atm sek lagek moro ndek mas - mas ojol? Yo sidane aku ditinggal sepur.  Aku bingung to terus aku ngomong ae ngene "Mas ngapunten nggeh, kula mboten mbeto duit ananging kartu atm niki kepriye mas? Sedilut maneh kula badhe budal i mas ra saget gae mundhut arta menyang atm." Wajahku melas nggae pol ben mas e ngesakne ndek aku *wkwkwk . Mas ojol pun njawab "Waduh piye ya mbak? Ketokane sampean ki yo cepet - cepet. Yowes  ngene ae, anggep ae sampean tak gratisi ananging sampean kudu ngewehi kula bintang 5 dhateng aplikasi?"
Tak jawab karo wajah sumringah "Tenanan mas? Alhamdulillah sampean apik an men to. Maturnuwun sanget. Mugi - mugi ae diparingi rejeki kang melimpah lan barokah nggeh mas."
"Nggeh mbak sami - sami, monggo nggeh mbak." Jawabe mas ojol.
"Nggeh mas." Jawabku. Akhire mas ojol ngaleh lan akulangsung melbu ndek stasiun.
Pas Ndek stasiun aku jek leren nyetak tiket kereta seng tak pesen online. Terus pas  aku arepe ngetokne dompet, ndelalah dompetku disaut wong lanang seng pacakane awut - awutan. Atiku langsung mak deg, kaget lan wajahku koyok wong ling - lung.  Aku langsung mbengok lan nyeluki wong - wong  ndek panggon iku gae ngejar maling dompetku kui. Padahal budhale sepurku jam 10.05 lan sak iki jam 09.55. Aku nangis lan pasrah. Dino iki kok enek  ae kejadiane. Aku ngedumel  "Salah ku ki opo hah? Seng macete parah gak koyok dino biasane, seng raenek duit tunai, seng kecopetan. Melasmen to uripku dino iki."
Jam nunjukne pukul 10.00. Iki kudune aku wes melbu ruang tunggu. Sampek jam nyaene aku  panggah jek nangis kejer lan ngedumel ndek ruangan pengambilan tiket online. Wong - wong seng ndelok kadadeyan iku langsung ngomong sabar ndek aku lan enek beberapa wong seng ngejar copete. Ndelalah enek mas - mas marani aku karo nggowo barang seng tak tangisi kemaeng. Langsung aku bungah maneh lan ngomong, "Niki mbak dompete sampean?". Aku langsung ngiyani omongane mas e. Banter banget nek ku njawab sampek mas e kaget ngrungokne suaraku seng merdu iki. Aku gak nyongko nek dompetku iso mbalek maneh. Aku ngucapne maturnuwun sanget ing wong - wong seng ngewangi aku lan terutama mas - mas seng mbalekne dompetku.
Mas e ngendikan "Ndek stasiun iki ancene akeh copet e mbak, makane ati - ati ya mbak. Lan jogo diri  ndek perjalanan yo." 
"Nggeh mas maturnuwun sanget, sepurane kulo mbonten saget maringi punapa - punapa." Sambungku.
Jam nunjukne 10.05 tepat, aku langsung menyang njero sepur. Aku nggoleki nomer lungguhku. Nomer 02 gerbong setunggal langsung aku lungguh lan ndeleh koper ndek cedekku. Perjalanan pun dimulai. Pemandangan sawah, gunung, kali, endah banget. Sampek - sampek gak keroso wes tekan stasiun ndek kampung halamanku.
Pengalaman iku gak bakal tak lalekne. Apapun kui masalahe mesti enek dalan kan Gusti Allah. Pengalaman liburan disambi nyambangi wong tua ndek kampung nambahi senengku 2 kali lipat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar