PESEN
SING ORA KESAMPEAN
Dening Setyo Mukti Qoni’ah
Sawijining dina Arum karo telu kanca
akrabe yaiku Toni, Zidan, lan Nura katunjuk melu lomba mading kang diadakake
Dinas Pendidikan Kabupaten. Arum lan telu kancane kamau banjur cepak-cepak
nyiapne alat lan bahan sakutoro Arum lan Nura nggawe konsep madinge. Bocah
papat kamau diwehi wektu telung minggu kanggo nggarap mading. Arum bersyukur
iso melu lomba iki lan ora nyiak-nyiakne kesempatan iki, amarga deweke kapilih
dadi ketua tim.
Wayah muleh sekolah, Arum banjur
cepet-cepet mlaku moro ning parkiran gawe njupuk sepedha kesayangan sing
ditumbasake bapak e wayah ulang tahune sing kaping pitu. Sumilir angin teko
pucuk Gunung Kelud kang nerak wit pari kayato ngawe-ngawe lelakune Arum. Arum nggenjot
sepedha kanti semangat banget amarga kepikiran menowo mengko teko omah deweke
bakal cerito nggone bapak lan ibuke yen deweke iso kepilih melu lomba.
Bareng tekane ning omah, Arum
reresik awak banjur mangan. Ibuk e sing kawit isuk wis budal menyang salah
sijine bank negeri ing kabupaten ijik nyempet-nyempetne masak kanggo anak e. Arum
wis biasa wayah muleh sekolah nganti magrib ning omah dewean, amarga Bapak lan
Ibuk e kerjo kantoran kang kondore wayah maghrib. Biasa ning omah dewean ndadekna
Arum mandiri lan ora jereh.
Langit wis mulai surup, suwara adzan
maghrib wis mulai kasaut-sautan saka masjid etan kulon omah. Banjur krungu suwara
sepedha motor Vespa. Arum cepet-cepet mbukakne lawang garasi kanggo nyambut
Bapak lan Ibuk e sing lagi wae rawuh.
“ Assalamualaikum...eee cah ayuu ”
suwara salam saka Ibuk e Arum.
“Waalaikumsalam buk ” jawabe Arum
banjur salaman karo Bapak lan Ibuk e.
Karo ngenteni Bapak lan Ibuk e
reresik, Arum banjur nyiapake unjukan kangge Bapak lan Ibuk e. Minuman favorit keluargane Arum yaiku wedang
jeruk, untung wae dina iku akeh jeruk nipis ing kulkas, dadi Arum iso
nggawekake unjukan wedang jeruk kangge Bapak lan Ibuk e.
“ Eee cah ayu pinter banget iso
nggawekne unjukan kanggo Bapak lan Ibuk ee.. ” suwara Bapak e Arum saka ngguri.
“ Hehe nggih Bapak ” (Arum mengo
mengguri) banjur nyumanggaake Bapak e
pinarak.
Bapak e banjur pinarak ing kursi
meja makan lan nyruput wedang jeruk, disusul karo Ibuk e Arum yo pinarak ing
etane bapak e Arum. Bengi kuwi pembicaraan keluaraga enteng-enteng wae, mulai
teko Ibuk e Arum nakokne sekolahe Arum dina iki lan Arum uga cerita menawa
kimau deweke katunjuk melu lomba mading lan dadi ketua tim. Krungu kabar kuwi Bapak
lan Ibuk e Arum seneng banget, bersyukur nduwe anak pinter, mandiri, lan bekti
marang wong tuwo. Bapak e Arum pesen yen dadi ketua iku kudu nanemake sifat
percaya diri, tanggung jawab, rendah hati, lan teges. Bapak e Arum njanjeni
hadiah laptop menowo Arum iso nggowo tim madinge dadi juara 1. Wajah sumringah
lan optimis kapancar saka wajahe Arum.
“ Yowes lak ngono ayo saiki ndang
podo istirahat, yoben sesok iso tangi isuk ” saut Ibuk e Arum.
Dina iki Arum seneng banget, turune
ya iso angler banget, sampek-sampek deweke mimpi tim madinge dadi juara siji
lan Bapak & Ibuk e rawuh pas wayah pengumuman lomba. Tapi ora suwe krungu
suwara pitik kluruk disusul karo suwara jam alarm.
Pandome jam wes nunjukake jam limo luweh limolas. Srengenge wis mulai ketok
saka sela-selane jendela kamar. Arum cepet-cepet mudun teka amben banjur mlaku
mara ning jeding kangge ados lan cepak-cepak budal sekolah. Dina iki Ibuk e
Arum masak sego goreng lan ndhog ceplok senengane Arum. Sakdurunge budal Arum
sarapan bareng Bapak lan Ibuk e. Sakwise sarapan, Arum pamit budal sekolah lan
nyuwun dungo supaya sekolahe lancar.
“ Pak Buk Arum pamit budal sekolah,
dungakno sekolahe Arum lancar, Assalamualaikum “ (salaman)
“ Iyo nduk Waalaikumsalam “ jawab
Ibuk e Arum karo nyium pipine Arum kiwo
nengen.
Kaya biasane dina iki Arum budal
sekolah diwe. Bareng tekane ing sekolahan, Arum ketemu Nura, deweke ngelungne
surat dispen kanggo persiapan lomba mading. Dina iki Arum mung melu pelajaran
ke siji nganti istirahat pertama, mulai istirahat pertama nganti muleh Arum
karo telu kancane yaiku Toni, Zidan, lan Nura dispen kanggo nyiapne lomba
mading. Untung wae ketepakan pembina madinge Bu Anik, beliau salah sijine guru
bahasa indonesia terfavorit ing SMP
ne Arum lan bolak-balik mbimbing
bocah lomba FLS2N nganti tingkat nasional.
Wis entok telung minggu olehe
persiapan lomba mading, Arum lan katelu kancane kamau wis siap ngadhepi lomba
mading tingkat kabupaten. Sesuk Arum lan telu kancane budal menyang Hall
Adisucipto, lombane diadakake ning kono. Arum optimis yen tim madinge iso
ngentokne juara. Arum kelingan dawuhe Bapak e yen ora ana asil sing mbuwang
gaweyan.
Dina iki ora kaya biasane mergo dina
iki Arum sekolah diterne bapak e. Isuk utuk-utuk Arum wis kudu nglumpuk ning
sekolahan karo telu kancane kanggo budal lomba bareng. Budale lomba iki diterne
karo Bapak e Arum, telu kancane uga Bu Anik dadi siji ning mobil sing disopiri
karo Bapak e Arum. Bareng tekane ing Hall Adisucipto, Arum lan telu kancane uga
Bu Anik medun sautoro Bapak e Arum langsung pamitan, amarga dina kimau Bapak e
Arum ana janjian rapat karo kanca kantore.
Sak kabehe runtutan acara wes di
lakoni, saiki wayahe pengumuman pemenang lomba, tapi wajahe arum rodok bingung,
amarga kok ara ana ketok blas Bapak lan Ibuk e ing tengah-tengah keramaian
pengunjung. Ora suwe dumadakan suara hp ne Arum muni, deweke di telephone Ibuk e yen Bapak lan Ibuk e
ora bisa teko amarga Bapak e Arum mlebu Rumah Sakit amarga serangan jantung.
Langsung iluhe Arum mili, Nura sing ana ing sandinge banjur ngerangkul Arum lan
mbisik i “ sing sabar ya Rum “ Toni karo Zidan jrantalan ngadek ning sandinge
Arum lan Nura karo takon “ Loh ana opo ki Nur? Kok Arum nangis “. Bu Anik
ngerti murid-muride nggrumbuli Arum banjur marani lan ngerih-ngerih Arum supaya
ora nangis amarga Bu Arum diwe wis perso yen Arum nangis gara-gara Bapak e
gerah serangan jantung.
“ Ayo untuk para ketua tim mading
diharap segera merapat ke belakang panggung karena pengumuman juara akan segera
dimulai “ ( woro-worone pranata cara nganggo Bahasa Indonesia)
Krungu woro-woro kuwi mau, Arum banjur
ngulapi iluhe nganggo lengene lan ngadeg terus mlangkah moro ning guri
panggung. Telu kancane lan bu Anik mung iso mlongo ngiwasi, ora ngiro Arum iso
cepet bangkit. Ora suwe pranoto cara ngumumake yen tim madinge Arum dadi juara
2. Sanadyan mripate sembab merga bar nangis, Arum panggah pd munggah panggung
gawe nompo piala. Ing nduwur panggung deweke ngiwasi telu kancane lan Bu Anik
bungah banget. Wayah medun saka panggung Arum kelingan Bapak e, mbayangake apa
sing bakal kelakon menawa Bapak lan Ibuk e iso rawuh. Sawise pengumuman lomba
iki Arum bakal muleh mampir ing Rumah Sakit kanggo ngendangi bapak e. Tapi Arum
diomongi Bu Anik yen deweke langsung muleh ning omah wae, amarga Bapak e wis
kondor teko Rumah Sakit.
Bareng tekane ing ngarep omah, Arum
ngroso enek sing aneh, deweke ngiwasi teko jendelo mobil kok akeh uwong ing
plataran omahe, tapi deweke positif
thinking wae paling para tonggone ngendangi Bapak e sing lagek wae kondor
soko Rumah Sakit. Teko adohan Budhene Arum mlaku nyedhaki mobil, pas Arum medun teko mobil, Budhene
kamau banjur ngrangkul Arum lan mbisiki yen Bapak e Arum wis sedo. Ambyar atine
Arum, iluhe netes ora bisa dikendhalekake, tangan sing nggoceli piala gemeter
lan sikil kayata wis ora kuwat ndlamak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar