BUKIT MAWAR
Jenenge Arjuna, wong lanang, kuru, isih bujang, umur watara 35 tahun. Ana sing ngundang “mas AR”, ana uga sing ngundang “kang Juna”. Sapa sing bener ? tak kira loro-lorone bener kabeh, amarga Arjuna mung mesem.
Nalika ana sing takon kena ngapa diwenehi jeneng Arjuna, wong lanang iku mung mesem ramah. Banjur biasane nerusake kanti suarane sing ragu lan rada gemeter yen iku pilihane ibune. Ibune mung tukang bakul kembang ing kuburan.
“Apa ibune sampean senengane nonton wayang ?” ana wae sing takon mangkono.
“Aku ora ngerti lan aku ora nate takon marang ibuku.” Jawabane kaya biasane.
Arjuna uga ora ganteng kaya sing diangen-angenke bocah wadon, paling ora iku sing dialami biyen nalika isih remaja. Praupane rada layu, apa maneh rambute sing lurus tipis, lan tansah awut-awutan. Durung maneh ana bopeng tilas cacar nalika cilikane, mula Arjuna adoh banget kaya angen-angene yen bocah lanang ganteng lan idolane para bocah wadon.
Deweke kanca cilikanku, wiwit durung sekolah, banjur taman kanak-kanak, ngaji bareng nganti kelas 3 SD, sabanjure pepisahan amarga nasib wong tuwa. Aku pindah neng Surabaya deweke tetep neng desa. Nanging nasib uga sing nemoake aku karo Arjuna neng panggonan iki. Nalika aku lagi iseng-iseng golek tanduran hias kanggo omah anyarku, ora sengaja aku ketemu arjuna.
Arjuna lan mawar pancen ora bisa dipisahake, maksude Arjuna kuwi kancaku, lan sapa mawar ? Dudu sapa-sapa, amarga dudu uwong, nanging tanduran , kembang mawar.
“Kena ngapa ? pitakonku wektu kuwi
“apane sing kena ngapa? Wangsulane karo nggawe wadhah saka sabut klapa lan debog pisang kanggo bibit. Tangane trampil banget gawe wadhah-wadhah sederhana kuwi.
“ Mawar, kena ngapa dudu Anthurium, utawa anggrek .
“wis tahu, lan nalika Anthurium laris neng pasaran, aku isa tuku lemah iki,” wangsulane , tetep konsentrase karo panggaweane. Tak pandenge lemah ambane sewu meter persegi neng pinggir dalan. Ana patok-patok kayu.
“dheweke arep mbangun mall “ omonge
“Maksudmu”?
“Dheweke meksa aku supaya ngedol lemah iki lan mbangun mall neng dhuwure lemah iki.
“Yen regane apik kena ngapa ora di culke?"
“Regane apik nanging aku ora arep ngeculake”.
“ Kena ngapa ?”
Arjuna Meneng, narik napas jero-jero lan ngetoake kanti rasa pegel. “Banjur neng ngendi aku nandur mawar-mawarku?”
Sapungkure aku teka omahe Arjuna aku ora bisa turu, aneh wong sitok iku. Tak itung-itung dheweke bisa ngantongi satitike rong milyar, kanti ambane lemah lan manggon ing pinggir dalan gedhe, lan kanti dhuwit iku bisa tuku lemah sing luwih amba, tinimbang sing neng kene.
Wis watara suwe aku ora dolan neng omahe. Mbok menawa amarga jengkel, menawa uga amarga adep-adepan karo wong sinting, aku ora pengin nemoni dheweke. Mbok menawa uga aku pancen sibuk ngurusi panggaweanku.Aku kudu ngawasi proyek sing nggawe aku pirang-pirang dina neng jaban kutho. Nalika mulih, aku ya mung ketemu sepi, mergo bojoku ya sibuk karo penggaweane dhewe neng kantor.
“ Kala wingi wonten piyantun madosi bapak “ omonge rewangku.
Aku meneng karo mikir kira-kira sapa wong sing nggoleki aku, yeng kaya omongane rewangku wong kuwi mesti Arjuna.
“Kabotan jeneng pak, wong Arjuna kok mekingking” omongne rewangku.
“Ana pesen apa”?
“Boten wonten pak, namung ngendika “O ya wis, lajeng Wangsul”.
Suwe sak wise iku aku isih uga durung sempat nemoni Arjuna, aku arep telpon nanging ora duwe nomer Hpne, manungsa primitif siji iki pancen istimewa banget.
Awan iku neng proyek sing tak rasaake sepi banget, neng kantin nalika mangan mripatku tumuju marang siaran televisi sing nyiarake peristiwa, Ah iki tansaya gawe aku rumangsa asor dadi manungsa, apa sakbenere sing tak goleki? Protes, demo, penembakan dening aparat, korupsi, pelecehan, wartawan lan pelajar sing adu jotos, guru nggampar murid, murid mateni guru , oh ndonya.
Nanging nalika sawijining penyiar nyebut sawijining jeneng, karo rada mesem aku kaya dientup tawon.
Arjuna dadi pawarta. Ah, mesti kasus lemahe, Ah, piye dheweke? Tak delok beritane nanging ora katon Arjuna, mung ana massa sing tak delok nyengkuyung Arjuna neng halaman Kantor Pengadilan Negeri.
Embuh kena ngapa berita TV awan mau ngganggu aku, paling ora wis owah dadi isu ing antarane aku lan sakabehe. Sinambi mangan bebarengan kolega bisnis properti lan sawetara investor, rerasan masalah Arjuna dadi menu mangan bengi iku. Aku mesti wae karo Andini sisihanku, sing awit mula ngrasa tresna marang aku.
“Andini, umpama kowe duwe lemah sing amba kuwi kanti rega sing banget apik sk nduwure NJOP ing wilayah kuwi, apa kowe arep nggondeli ? Ucape Bosku
Andini mung mesem wae, njawab tanpa jawaban.
“Menawi kula, sepuntene, tanah menika boten kula sade”. Embuh kena ngapa , akuujuk-ujuk kaya disurung dening tenaga aneh, ngomong ngono bae saka lambeku.
Meja makan kaya disiram es. Aku ngerti ora ana siji wong wae sing oleh mbantah omongane bosku, amarga dheweke bosku.
“dudu kuwi jawaban sing tak karepke, apa maneh saka kowe”.
“Maksud kula, kula paham dateng punapa ingkang dipun kejengaken Arjuna”.
“Ooo, dadi kowe ya kenal karo Arjuna “.
“Nggih pak, menika kanca dolan rumiyin nalika wonten dusun”.
“Ngomongo karo arjuna, dheweke oleh wae menang dina iki, nanging iku ora bakal suwe”.
Wiwit kedadehan mangan bengi iku, aku saya kelangan semangat kerja, kabeh pikiranku, lan uga ngimpiku kesedot marang Arjuna lan kembang maware. Lan embuh kena ngapa aku neng ngarep bosku aku kaya ri sajroning daging. Tak sadari sekabehe tanpa rasa apa-apa. Tak terima kabeh penilaian marang dedikasiku saka bosku kanti jiwa kang kosong. Aku milih lungguh neng sisihe Arjuna sing tenang gawe wadah-wadah sederhana saka tapas klapa lan debok pisang.
Nalika aku tekan omahe Arjuna aku digawe kaget, tibakne nalika proses pengadilan , pihak sing tuku wis mbangun bangunan neng lemah kono, senajan urung dadi nanging wis ngadeg. Lan bangunan kuwi karo Arjuna sengaja ora dibongkar, nanging Arjuna karo para masyarakat pendukunge nggali lemah spinggire bangunan iku kanggo nguruk bangunan kuwi saengga njilma dadi bukit.
“Apa sing bakal mbok lakoni marang bulit iki Arjuna?
“ Arep tak tanduri Mawar kabeh, mengko dadine “Bukit Mawar”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar