Sabtu, 12 Oktober 2019

13. Helmy Adinta P "Rodha Kauripan"

RODHA KAURIPAN
Dening Helmy Adinta P


Jenengku Ganindra Bimo kanca-kancaku kerep nyeluk aku nggawe jeneng Bimo.
Umurku lagek 17 taun. Aku pambarep, ndue adhik loro, lanang lan wedok. Adhikku loro-
lorone isih kelas telu SD. Kita urip ing kaluwarga sing cukupan, biasa. Saiki aku sekolah ing
kelas 12. Aku nduweni gegayuhan lan karep kang akeh banget sing pengen tak wujudake.
Aku bakal miwiti critaku iki wiwit aku isih cilik. Aku urip lan gede ing desa ku iki.
Aku ngliwati wektu kang suwi ing desa iki, susah seneng dilewati bareng-bareng. Aku
kelingan jamanku pas aku isih cilik. Biyen kaluwargaku ora kaya saiki. Biyen kita urip
nelangsa. Biyen aku mikir lek wong-wong sing ning andingku kui kaluwargaku, pas aku isih
cilik mbuh pas wi aku umur pira aku ora pati iling, tapi sing tak iling pas wi aku gur bocah
cilik lanang sing pengen nduweni kanca pada kaya bocah-bocah liyane. Biyen aku gur
mikirake dolanan, kanca, lan kabeh sing nyenengake.
Tapi kuwi ora kedadeyan ning aku, aku ora nduweni kuwi kabeh. Dolanan, kanca, lan
kabeh sing nyenengake, aku ora ngintukake kuwi kabeh. Aku ora di bala karo bocah-bocah
ing desa ku. Aku pengen dolanan karo kanca-kanca sing tak anggep kanca, nanging bocah-
bocah kuwi ora tau nganggep aku enek. Ora tau nganggep aku kanca. Aku gur bingung pas
kuwi, nyapo bocah-bocah kui ora gelem dolanan karo aku?
Apa salahku karo bocah-bocah kuwi? Dadi aku mulih lan dolanan karo adhikku sing
ke loro. Pas kui adhikku isih bayi. Mula ing liya dina aku isih njajal golek kanca dolanan.
Aku mara ing omahe tanggaku sing lagi nglumpuk karo bocah-bocah sak barakanku. Aku
malih pengen melu dolanan karo bocah-bocah kuwi. Tapi, kayane bocah-bocah kuwi isih ora
nganggep aku. Lan aku gur takok karo awakku dewe ing njero ati. Nyapo bocah-bocah kui
ora tau nganggep aku, kaya aku ora ana ing kono. Senajan aku ana ing sandhinge.
Nalika padha guyon karo wong tuwane, nyapo wong tuwane bocah-bocah kui yo ora
nganggep aku lan uga ora ngejak aku guyon, apa sing sejatine kedadeyan? Lan apa sing salah
karo aku? Apa kang salah teko kaluwargaku? Lan apa sing nggawe wong-wong ora nganggep
aku? Apa kaluwargaku tau nggawe dosa gedhe marang kabeh wong iku? Kadang aku nangis
ning njero atiku. Aku mesti takok, apa sing sejatine kedadeyan? Aku ngliwati dina-dina ku
karo pitakonku sing urung kejawab.
Isuk rodok mendung kelawu ing desa ku. Tapi kuwi ora bakal ngalangi kagiyatan sing
biasane dilakoni wong-wong ing desa iki. Desa ku uga grimis lan mendung, tapi uga ora
bakal ngalangi niatku sinau, sekolah. Kaya biasane yahmene aku wis siap budal sekolah
nganggo seragam lan lengkap. Iki dina senen, dina anyar gawe kabeh wong sing nduweni
gegayuhan kang anyar uga. Aku nggawe jas udan kanggo nutupi awakku saka udan grimis
sing ora ndang terang.
Lan ibukku nyepakake bontotan gawe mangan awanku lan dideleh ing njero tasku.
Ibukku wedi lek aku keluwen ing sekolah, dadi saben isuk ibuk ku mesti kelingan gawe
nyepakake bontotan gawe aku. Masio gur karo oseng kangkung lan tempe, tapi bontotanku
entek, ora tau tak sisone. Amarga aku rumangsa ora bisa njaluk luwih akeh, amarga aku
ngerti kahanan ekonomine kulawargaku. Aku pamit marang ibukku, lan budhal sekolah.
Nalika wektu terus munyer, aku terus mlaku ing kahanan iki. Aku mulai ngerteni
sethitik lan ngerti apa sing kedadeyan. Aku terus nyoba ngerteni kahanan kasebut. Lan
pungkasane, saiki aku wis ngerti jawaban kanggo saben pitakonku. Menawa kabeh
kedadeyan iki amarga kaluwargaku wong ora nduwe, wong cilik, kasarane melarat. Iku sing
dadi jawaban kabeh pitakonanku.
Nyatane ukurane wong-wong nggolek kanca yaiku wong-wong kang nduweni dhuwit
lan pangkat. Ukurane wong-wong nganggep kanca yaiku dhuwit. Wong-wong kang nduweni
dhuwit akeh, brarti wong kuwi sing pantes di anggep kanca. Lan sing ora nduweni dhuwit,
ora butuh di dadekake kanca. Ngelarani ati tenan lek aku kelingan jaman nelangsa iki.
Nganti nalika kedadeyan kasebut tak iling-iling, aku ora bisa ngempet iluh sing mekso
ceblok. Rasa pengen dendam uga ngliwati pikiran, sing saiki ana amarga tekanan sing terus-
terusan. Saben dina ekonomi kulawargaku wiwit owah. Iki amarga kerja keras saka wong
tuwaku sing ora nate nyerah, ora nate uwal saka kabeh pacoban nganti pungkasane kita katon,
lan rodha urip muter wong-wong sing biyen diurmati saiki ambruk siji-siji.
Nanging aku kelingan manawa pembalesan iku dudu barang sing apik lan sing dadi
perkara sing paling disengiti dening Gusti sing Mahakuwasa. Nanging saben tatu jero mesti
ninggalake tandha, sanajan aku nyoba kanggo lali, nanging kaya tatu ing daging sing bakal
bali maneh, lan nggawe aku nangis ngempet lara.
Nanging aku bakal terus lila ikhlas nampa kabeh mau lan percaya yen Gusti Allah
bakal menehi sing paling apik marang abdine. Lan kulawargaku bakal terus nyoba dadi
kulawarga sing tetep rangket, akur, lan ora sombong karo kabeh sing ana.
Ben e wong-wong sing pengen nyenyamah, wong sing pengen ngenyek, aku percaya
manawa paribasan kasebut bener, apa sing kita tandur kuwi sing kita panen.
Iki pungkasan crita saka Bimo, dheweke sukses ing upaya dheweke bisa mbuktekake
menyang jagad. Yen kanthi pacoban, dheweke bakal dadi kuwat sanajan dheweke bisa
nggawe tatu, dheweke terus kerja lan nyoba.
Rampung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar