Pas Apes
Dening : Whelgy Nynse Martynda
Pengalamanku nalika isih SD tepate kelas 4, wektu iku aku karo mbak ku ngentekake wektu preinan sekolah ning Surabaya yaiku ing griyane pak lik ku diterne ayahku numpak bus. Sawise teka ing Terminal Bungur Asih Surabaya aku,mbak ku ayahku mudun banjur ngenteni pak lik ku sing wis janji bakal nyusul aku. Ora suwe pak lik ku teka “Mas barange langsung di gawa rene ae yo, mengko nek aku mara rono mobile gaiso puter balik” swarane pak lik ku sing isih neng njero mobile karo awe-awe ayahku. “Oh iya sri aku karo cah-cah tak mrono wae” sahute ayahku karo nggandeng aku lan mbak lucky mlaku mara ing mobile lik Bisri.
Ing tengah dalan mara ning omahe lik Bisri aku turu ning pundakke mbak ku sing isih asik ndelok pesawat sing arep mudun ning bandara Djuanda, griyane lik Bisri iku cedak karo bandara dadine sering weruh pesawat sing lewat. “Nda tangi wis teko iki”, omonge mbak Lucky sing tangane awit mau nyebleki pundakku. “Lho wis teko to?? Kok cepet yo mbak” jawabku sing isih bingung amarga lagek tangi. “Yo jelas cepet wong awit mlebu mobil awakmu langsung turu sampe teka kene lagek tangi” sahute mbak Lucky. “Hehehe yo uwis ayo mbak ndang mlebu omah”. Ning ngarep gerbang wis ana dik Gita karo dik Yano sing padha seneng amarga preinan tahun iki aku karo mbak Lucky dolan ning omahe.
Bulikku awit mau sik sibuk nde pawon nyiapne teh karo camilan. “Ayo mas,Ky,Nda diminum teh nya sama ini ada camilan” omonge bulik karo nyuguhake teh lan camilan. “Wis deleh kono ae sik dek Sus” sahute ayahku. “Iya te ditaruh meja makan aja dulu nanti habis mandi diminum kok teh nya” sahute mbak Lucky nganggo Bahasa Indonesia amarga Bulik Sus iki dudu wong asli Jawa dadi ngomonge nganggo Bahasa Indonesia.
Wis telung dina aku nde Surabaya, dina iki jadwale aku,mbak Lucky,dik Gita,karo dik Yano renang ning Sport Club (jeneng kolam renang ning perumahan PSJ). Awit subuh mau awakdewe wis podo tangi banjur gantian adus diterusne sholat subuh. Sekitar jam setengah enem isuk awakdewe mlaku mara ning Sport Club sing jarak e 800 meter saka omah. Ning dalan awakdewe guyon karo cerita pengalaman e dhewe-dhewe pas ndek sekolah.
Ora krasa awakdewe wis teka ning panggonan e renang. Ning njero kono aku gak wani nyemplung kolam amarga kolam e jeru aku ngenteni ning pinggir kolam karo dolanan banyu. Dene mbak Lucky,dik Gita,karo dik Yano asik renang dhewe-dhewe. Kira-kira wis ana sak-jam awakdewe ning kolam renang, wetenge wis padha luwe akhire pada mentas trus mangan mie nde taman pinggiran kolam. Sakwise mangan mara-mara mbak Lucky nggendhong aku trus dijeburne ndek kolam, dhasare aku gung iso renang yo akhire aku kelelep trus cah 3 mau padha bingung arep nulungi, akhire aku iso digeret minggir karo mbakku sing di ewangi dik Gita.
“Nda sepurane yo mau niate awakdewe njeburne awakmu ben awakmu ga wedi banyu eh lha kok malah kelelep, gak iso renang tenanan to awakmu ki” omonge dik Gita sing terus njaluk sepura ning aku. Aku sing isih wedi merga bar kelelep mau ora nyauri ning mung meneng wae. “Iyo wes santai ae paling bar ngene yo mari ndredek e Nynda” Sahute mbak ku karo mesam mesem. “Yawis ayo ndang mulih wis awan iki mbak” omonge dik Yano sing awit mau wis geger ngajak mulih. Akhire awakdewe cah 4 salin trus mulih ning omah.
Teka omah aku langsung mlebu ning kamar rasane awakku adem panas mergo sik trauma bar kelelep ndek kolam mau. Ora krasa wis sore wae rasane awakku wis rada kepenak mari turu, banjur aku nggoleki mbakku mara ning ngarep omah tibak e mbak Lucky karo dik Gita lagi dolanan masak-masakan ning ngisore wit keres. “Nda rene ayo dolanan masak-masakan” swarane mbak Lucky sing banter karo awe-awe aku. “Iyo Nda ayo ndang rene” sahute dik Gita.
Mara-mara pas asik dolanan cah 3 dik Gita nangis mergo tangane kenek glathi, mbak Lucky langsung mara ning omah njupuk betadine karo hansaplast. “Wis gakpopo aja nangis ya, enteni sedela sik dijupukna betadine karo mbak Lucky” bujuk ku ben dik Gita ora nangis. “Nah wis bar, pie wes ga perih maneh to tanganmu?” takone mbak Lucky. “Wis ora kok mbak, suwun ya” sahute dik Gita.
Srengenge wis mudun, anggenku dolanan mau yo wis di resiki. Awakdewe cah 3 nyantai lungguh ning ngarep omah karo ndeloki pesawat, ana sing arep mudun ya ana sing lagi arep budhal ngeterke penumpange. Teka ujung gang ketok dik Yano sing lagi bar dolan sepedhahan muter-muter perumahan karo bolo-bolone. Gara-gara ora weruh ana sepedhah saka arah kulon akhire dik Yano tiba saka sepedahe, sikile babras bundas. Aku,mbak Lucky, karo dik Gita langsung mlayu nulungi dik Yano sing isih kembrukan sepedahe dhewe. Mbak Lucky karo dik Gita nuntun dik Yano mulih dene aku nuntun sepedahe. Teka omah sikile wis diobati karo Bulik Sus. Banjur aku karo mbak Lucky bablas dhisik-dhisikan mara ning kamar mandi arep adus, pas teka ning sampinge mesin cuci dalane lunyu merga dhisik-dhisikan mlayu terus ora ana sing di gawe gocelan mbak Lucky kepleset, aku sing weruh kedadean mau langsung celuk-celuk ayahku sing asik nonton tv karo pak lik “Yah cepet rene mbak e kepleset”. Ayahku ora semaur tapi langsung mara nulungi mbakku sing isih ndoprok mergo sikile kesleo karo nggremeng “Woalah to yo apes tenan dina iki awakdewe dik-dik, mau isuk pas renang Nynda kelelep, trus pas dolanan masak-masakan tangane Gita kenek glathi, Yano babras bundas sikile tiba saka sepedahe,saiki ganti aku sing kepleset ngeneki, cilaka-cilaka” Ayah sing nulungi mbak Lucky terus nyahut “Makane ning ngendi wae,trus arep nindakna apa wae iku kudu sing ati-ati, aja grusa-grusu”. Aku karo mbak Lucky mung meneng wae amarga awakdewe pancen grusa-grusu dadine malih apes ngeneki.
Minggu isuk aku karo mbak Lucky wes siap-siap arep mulih ning Nganjuk amarga sesok Senin wis mulai mlebu sekolah. Sakwise bar anggene resik-resik kamar lan nata klambi ning tas aku karo mbak Lucky banjur mara ning ruang tamu ning kana pada nglumpuk karo sarapan bareng. Ayah wis bar anggone sarapan trus wenehi pitutur gawe aku, mbak Lucky,dik Gita,karo dik Yano “Dadi wong iku ning ngendi wae panggonane kudu sopan santun lan tansah ati-ati jaga omongan karo tingkah polah supaya ora cilaka lan apes maneh kaya dina Rabu wingi”. Banjur awakdewe cah 4 nyahut “Nggih yah”. “Yowis ayo Ky,Nda ndang pamit Bulik karo adik-adikmu”.
Preinan sekolah tahun iki ora mung nyenengke tapi yo menehi akeh pelajaran gae aku salah sijine ya pitutur e ayahku mau. Intine awakdewe kudu tansah ati-ati ing babagan apa wae supaya tetep slamet ing sembarangane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar