Bangunan Lawas
Dening Danda Faza K
Sawijine
dino ono keluarga anyar sing pindahan moro suatu kutho ing Jawa Timur. Limang
dino sak wis e pindahan ning omah anyar Johan diajak karo bolo anyar yaiku
Budi, Doni, lan Andi ning kutho anyar e iku kangge ngenalne Johan lingkungan
anyar e sing di tinggal i Johan. Pas awan Johan, Budi, Doni, lan Andi mubeng
kutho karo ngenalne daerah daerah anyar sing ugung dikenali karo Johan.
Pas perjalanan sak wis e ngenalne daerah
daerah kangge Johan bocah papat kuwi lewat bangunan sing isek apik tapi gak
enek wong sing ninggali lan sepi.
Johan
takon : “Cah... iku bangunan opo?”
Andi jawab : “Ayo muleh ae luwih apik ojo bahas bangunan
kuwi.”
Doni jawab : “Oalah. bangunan kuwi to, kuwi bangunan wis gak tau
digawe teko biyen nganti sak
iki.”
Johan
takon : “ lha kok gak digawe maneh?”
Budi
jawab : “Biyen ning bangunan iki jarene tau enek pembunuhan sak keluarga
han...”
Doni
: “Ayo kapan kapan melbu ning bangunan iki, piye?”
Johan
lan Budi “Ayo”
Saben Johan
lewat bangunan iku Johan penasaran karo isine ning bangunan iku, pas bengine
kuwi Johan diutus ibune kangge tuku belonjo kangge masak Johan pas lewat
bangunan lawas iku gak sengojo delok uwong sing melbu ing bangunan kuwi tapi
pas Johan muleh sak wis e diutus ibune belonjo kangge masak Johan lewat
bangunan lawas iku maneh gak sengojo ndelok uwong sing kemau melbu bangunan
kuwi metu. Dino sesok e Johan ceritakne ing koncone masalah sing kemau bengi
Johan delom ing bangunan iku.
Johan
takon : “Kemau bengi aku diutus
ibuku blonjo pas lewat bangunan lawas iku kok
enek sing melbu metu bangunan kuwi ya kan wis gak digawe maneh bangunan
e iku.”
Budi
jawab : “Gak mungkin lah enek uwong
sing melbu ning banguna iku kandene iku pas bengi kan paling awakmu ngayal
kandene bengi bengi opo ketok kan.”
Johan
jawab : “Iyo sih kandene bengi
kurang ketok jelas.”
Andi
: “Oh yo sesok kan jarene
apene melbu ndek bangunan lawas iku kan, aku gak melu sek.”
Doni
takon : “Alah gak wani kan awakmu?”
Andi
jawab : “Iyo ancene gak wani aku
karo bangunan lawas iku.”
Doni : “Berarti iki Cuma aku, Budi,
lan Johan tok, sesok ya cah...”
Johan
lan Budi : “Ok Don.”
Dino
sesok e Budi, Doni, lan Johan ing ngarep e bangunan lawas iku Budi cerito ning
Johan lan Doni
Budi : “Biyen ing bangunan iki tau enek
pembunuhan sak keluarga, pembunuh e iku congkel mripat e bapak e ning keluarga
iku lan sing ibu ne ning keluarga iku dibacok anak anak e teko keluarga iku
diracuni.”
Doni : “Ayo langsung melbu ae.”
Johan, Doni, lan
Budi melbu ning bangunan lawas iku lewat pintu ngarep bangunan, bocah telu iku
melbu ing ruang tamu lan pawon gawe senter amargo ing bangunan iku peteng lan
gak enek lampu. Sak wis e ning pawon lan ruang tamu Johan, Doni, lan Budi melbu
ning “basement” bangunan iku sing pembunuhan e dilakoni.
Doni : “Ning kene iki pembunuhan e dilakoni.”
Sak wis e teko “Basement” Johan, Budi, lan Doni
metu teko bangunan lawas iku, Johan takon ing koncone.
“Aku gak delok
enek sing aneh piye menurutmu?’
“Aku ogak”
“Aku yo ogak”
“Aku ogak delok
opo opo”
Johan, Budi, lan
Doni ngeroso lego amargo dikirakne gak enek sing aneh akhir e bocah telu iku
muleh ing omah e dewe dewe. Johan, Budi, lan Doni ora sadar sing ngomong “Aku
ogak delok opo opo” iku korban pembunuhan sing dicongklel mripate.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar