CERKAK
DENING XII IPS 2
DENING XII IPS 2
PETENGE WENGI
Dening: Alfin Sofyan Toha (01)
Uwong mesti nduwe keluihan lan kekurangan, tapi kurang
pas ndek uripe Ulis. Ulis asline ndueni seng ora di weruhi keluargane. Asline
bocahe kui ndue kalebihan seng urung diweruhi lan Ulis dewe gagelem cerito lan
pamer ndek sopo sopo amarga Ulis pengen mbuktikno nak dheweke iso dadi wong
seng mandiri ora nyusahake wong tuone, lan mlaku koyok apa anane mring gusti.
Ulis saben dino di curigoi saben metu, mbah e lan sadulurane bapak ibuke mesti
ngomong seng ora penak dirungokake, tapi seng asli ibuk e percoyo karo opo seng
dilakokne Ulis. Koyoto kedadean iki :
Ibuke Ulis di parani karo mbah e Ulis amarga biasane ulis
wes mueh jam 7 wengi kok urung muleh nganti jam 8 akhire ibuk e ulis dikon
nelpon ulis
Ibu : hallo
Ulis : Hallo, mbok wonten nopo ?
Ibu : Piye lis kok urung muleh, dok mu wes ngenteni ndek
omah
Ulis : Tasik datheng bakul sekul pecel mbok, terose dok e
nyuwun sekul
Padahal seng asli ulis
ijek bingung mbek usahane, ulis mblitok kanggo ben ibuk si mbah e ora curigo
mbek usaha anyar seng dilakokne mbek bocahe. Ulis sakjane bingung ape golek
alesan opo tapi ulis iling pas di sms adeke dikon numbasne sekul pecel si mbah
e.
Ibu : oh yowes nak muleh ati ati.
Sakbare bar telpon ndilalah bulek e ulis teko ndek omah e
ulis ngomong marang ibuke nak kudu iso njogo ulis ben ora sakkarepe dewe metu
ko omah, lan mbah e ulis melu nesu karo ibuke ulis, akhire bulek e ulis lan
mbah e metu soko omah e ulis. Ibuke ulis kepikiran lan bingun napo kok keluargane iso
ngomong koyok ngono padahal ulis metu iku yo amarga kerjo koyok biasane. Sak
wis e ulis teko menyang omah dheweke langsung moro omah e mbah e lan ngewehne
sedo pecel seng uwes di tuku.
Soko hal iku awal soko sakkabehane masalah amarga ulis mesti
muleh wengi tapi ulis muleh wengi iku ora goro goro kelayapan tapi dheweke
nduweni bisnis anyar seng ora diweruh i keluargane amarga ulis e dewe yo gak
pengen koar koar sak wis e entuk kasil.
Uwis ono 5 ulan sak wis e masalah e awit ibuke ulis wes
bingung piye carane ngadepi anake. Ulis e dewe yo gak meneng karo opo seng
dilakokne si mbah e marang ibuke, sampek dheweke mikir “ coro mbokku ruh aku i
ndue bisnis mesti wonge mesti gak bingung”. Akhire ulis mikir ben carane Ibuke
percoyo marang dheweke . tapi ulis panggah gak pengen omong ndek wong tuone
soale usahane urung membuahkan hasil.
8 Ulan sak bar e akhire
ulis ngomong ndek ibuke, lan ulis yo pengen wong tuone seneng luih cepet, tapi
jebule iso ngebahagiakne sak wise 8 ulan
Ulis
: mbok kulo wangsul wengi asline wonten bisnis lan kulo mboten pengen sanjang
dumatheng jenengan amargi bisnis niki dhereng wonten asil e, alhamdulilah mulai
ndhek wigi sampun woten penghasilan
Ibu
: ya Allah ndhuk nyangpo ora omong karo mbokmu kaet ndisek ben aku ora kepikiran
marang awakmu terus sakmben dino.
Ulis
: Kulo mboten pengen panjenengan mikirne kulo yen usaha ne kulo mboten rampung
rampung.
Ibu
: yo kan ben aku iso nyauri nak mbahmu mbek bulekmu ben ora nesu terus ora
ngaran i aku yen aku ki gagal ndidik awakmu
Ulis
: Ngapunten mbok kulo niat e mboten nglarani ati ne panjenegan
Sakwise ulis cerito
menyang ibuke akhire wong wong sadar ulis muleh wengi ora goro goro dolan
amarga dee ndue bisnis kangge ngebahagiakne wong tuane. si mbah e ulis dewe lan
bulek e kroso karo opo seng dilakokne marang ibuke ulis iku salah, akhire wong
2 iku ngomong marang ibuke ulis.
Si
Mbah : woalah nduk aku garuh lak awakmu bakne iso njogo ulis, ulis dewe bocah e
bakne yo pinter iso njogo awake dewe lan iso mandiri
Bulek
: sepurane lo yu ndisek aku ngomong elek elek ndek awakmu amarga ulis mesti
muleh e wengi
Ibu
: ora po po seng penting sakki ulis ora ono opo opo seng di curigoi amarga
bocah e iso njogo awake dewe.
Sakwise kedadean iku
akhire urip e ulis luih di regani mbek uwong lan ora di sepelekne karo uwong
ibuke ulis yo luih tenang amarga anak e wes iso madiri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar