Aku Ora Dhewe
Dening Danesya Brigitha P
Semburat cahya srengenge nyinari bumi pertiwi isuk
iki. Suara manuk sing pating cruit ngiringi mletheke srengenge ing sisih wetan.
Sumilir angin nyebabake godhonge wit-witan pada mobat mabit. Gemrojoge banyu
kali nambahi segere hawa isuk iki ing desaku. Desaku itungane isih asri.
Tanduran tuwuh kanthi subur, hawane adem amarga ora akeh polusi. Isuk iki aku
siap-siap mangkat sekolah. Aku sekolah kelas 12. Sekolahku ora adoh saka
omahku. Omahku sejatine pindah-pindah amarga bapak ibuku dinese ya sering
pindah-pindah. Nanging, selama iki aku paling seneng urip ing desaku iki. Aku bisa
ngrasakake hawa sing kepenak banget. Ora kaya ing kutha, kebak polusi lan kebak
sampah.
“Pak,
Buk, kula bidhal sekolah rumiyin,” pamitku ing bapak ibuku karo salim marang
wong tuwaku. “Ya nduk, ati-ati lho ya, sekolah sing tenanan lho!”, jawabe bapak ibuku. Banjur aku mangkat
sekolah karo numpak sepeda. Aku sabendina numpak sepeda. Sakjane aku oleh lan bisa
wae numpak motor, nanging omahku karo sekolah kuwi cedak lan aku kepingin
ngurangi polusi. Sawise aku teka sekolah, kelasku isih sepi. Lagi enek 3 bocah
sing wis teka. Pancene dina iki aku teka kisuken mula sekolahe isih sepi.
“Sapa
ta iki sing wayahe piket? Kok akeh banget kertas karo botol plastike .” Takonku
marang kanca-kancaku. “Iku lo Rin, sing piket wayahe Rio, Dewi, Lina, karo
Ahmad. Bocah-bocah kuwi saben piket ora tau budhal isuk,” jawabe Wahyu. Aku
pancen ora seneng yen akeh sampah ing kelasku, amarga kelasku wis tak anggep
dening omahku dewe. Saiki musime demam berdarah. Yen barang-barang ora ditata
kanthi resik bisa dadi sarang nyamuk lan dadi ora sehat. “Yowis ayo cah dina
iki awake dewe ngewangi cah 4 kuwi piket, amarga biasane sampah e ora nganti
bek mencep kaya ngene iki,” sambungku. Banjur kabeh pada resik-resik. Lina lan
Dewi banjur piket nyandak sapu dewe-dewe. Let ora suwi, Rio teka. Dheweke ora
malah piket tapi malah dolanan hp, nyandak game. Ora sadar yen kanca-kancane
sing ora piket malah ngewangi, dheweke sing piket malah ora nyandak sapu babar
pisan. Aku sing ora trima langsung negur Rio “Io, pie to kok awakmu ora malah
piket, kanca-kanca sing ora piket malah do ngewangi!” Rio meneng wae, dheweke
kaya-kaya ora ngrungokne apa sing tak omongke. Aku wis ora ngomong maneh,
amarga isih isuk aku males bengak bengok. Tak jarne wae ben sakarepe disik,
wong ya dheweke bocah lanang, pancen lumrahe yen dikongkon piket tandhange
suwi.
Suarane bel wis muni. Tandane pelajaran wis
arep dimulai. Kelasku wis ketok resik amarga kabeh pada bareng-bareng.
Sadurunge pelajaran diwiwiti, ana literasi disik banjur nyanyi lagu Indonesia
Raya. Dina iki jam pertama pelajaran matematika. Kabeh siswa pada merhatekne
gurune kanthi serius amarga pelajarane mundak angel. Kecuali Rio. Rio jan wis
dadi bocah ora pener. Pas kelas 10 dheweke termasuk bocah sing sregep anggone
golek ilmu. Dheweke yo kagolong bocah lanang sing pinter, tapi akhir-akhir iki
dheweke ora tau gelem sinau. Ora gelem nggatek omongane sapa-sapa.
Bel
dawa muni, tandhane panggilan ketua kelas. Ketua kelasku banjur pamit guru
matematika supaya diizinke kumpul ketua kelas. Let 15 menit ketua kelasku balik
kelas karo nggawa pengumuman. Pengumumane yaiku kabeh kelas diutus ngresiki
kelase amarga musime demam berdarah lan ditambahi ana agenda lomba sekolah
adiwiyata nasional. Penguman sing keloro yaiku kelas 12 diarahke supaya luwih
sregep sinau amarga arep ngadepi akeh ujian lan UTBK. Terus ana pengumuman
meneh abeh diutus nglunasi pembayaran sekolah amarga arep akeh banget kegiatan
sekolah. Aku wiwit isuk rada beda nyawang Rio. Dheweke tak perhatekne terus.
Sajake dheweke ana masalah mula dheweke ora semangat sinau. Nalika istirahat,
kabeh kanca-kancaku pada metu kelas. Kecuali aku lan Rio. Aku kepingin ngerti
kahanane Rio sing sabenere. Aku wis kekancam karo Rio wiwit SD. Biasane yen
dheweke lagi ana masalah gelem cerito marang aku. “Ana apa to io? Kok sajake
awakmu iki rada ora semangat wiwit kelas 12 iki.” Takon ku ning Rio. Dheweke
rada ambegan dawa, meneng sedhela banjur lagi gelem jawab. “Aku ana masalah
Rin, Bapakku dituduh nglakoni korupsi, saiki bapakku lagi ditahan. Aku isin
banget yen sampe ana kanca-kancaku sing ngerti kahananku saiki. Aku sakjane
sumpek nanging ora weruh arep cerita marang sapa.” Banjur aku meneng lan njajal
mahami kahanane Rio. “Critaa ning aku lho gapopo Io, aku ora bakal ngebocorne
ning sapa-sapa.” Jawabku. “Wis pirang sasi anggone bapakmu ditahan Io?”
sambungku maneh. “4 sasi iki Rin, wiwit aku munggah kelas 12.” Jelas Rio ning
aku. Aku nyoba ngewehi semangat ning Rio supaya dheweke ora putus asa. Apa
maneh bariki dheweke lulus lan kudu nggodak cita-citane sing luwih duwur maneh,
“Manungsa urip pancen akeh cobaane Io, kabeh manungsa cobaane yo ora pada, yen
awamu diparingi cobaan karo Gusti Allah, tandane Gusti Allah percaya yen awakmu
bisa kuat ngadepi kahanan sing ora kepenak iki.” Rio mung meneng wae karo
ndingkluk.
Jam
istirahat wis entek. Kabeh murid pada mlebu menyang kelase dhewe-dhewe. Saiki
wayahe pelajaran sejarah, nanging guru sejarah izin ana acara menyang luar
kota. Kanca kelasku pada sepakat nek wektu jamkos iki digawe bahas lomba
adiwiyata. Ketua kelasku sing mimpin rundingan lan sing nunjuk kelompok lan
bagian-bagiane. Ketepakan banget aku sakelompok karo Rio. Tugasku kudu gawe
kembang teka barang bekas digawe hiasan kelas. Aku mbatin yen aku sakelompok
karo Rio, aku kudu menehi semangat supaya deweke ora lemes kaya akhir-akhir
iki. Wektuku omong-omongan ya luwih akeh tinimbang pas ning sekolah tok. Aku
banjur diskusi karo Rio arep nggawe kembange ing omahe sapa. Rio kepingin ing
omahku, amarga dheweke males bali menyang omah amarga dheweke krasa sumpek yen
ing omah. Aku ngiyani wae karepe dheweke. Angger dheweke gelem nggarap wae aku
wis seneng. Kabeh siswa pada diskusi karo kelompoke dhewe-dhewe. Aku karo Rio
mung meneng amarga aku karo Rio wis due agenda yen kembange kuwi digarap ing
omahku. Aku ngerjakne tugas liya. Nanging Rio panggah meneng wae. Dheweke kaya
ketekan karo kahanane sing saiki. tak lumrahi anggone deweke sering ngelamun.
Nanging, siaitik-saitik panggah tak wenehi masukan selagi aku bisa menehi
masukan.
Saiki
wayahe mulih. Aku mulih dewe numpak sepeda nanging aku ditututi karo Riosing
numpak motor. Rio mulih menyang omahku amarga arep garap kembang saka barang
bekas kanggo lomba adiwiyata. Sawise teka omah, aku karo Rio langsung nggawe
kembang saka pastik-plastik sing ana ing omahku. Rio banjur tak ajak guneman
perkorone dheweke apa kok sampek ora due semangat maneh. Rio nyeritakake
kahanane saiki. dheweke wis ora due semangat maneh amarga Bapakke mlebu penjara
gara-gara kasus korupsi. Ibuke ya ora due cekelan apa-apa, ora due penggawean
apa-apa. Dheweke wis putus asa. Wedi yen didohi karo kanca-kancane. Aku banjur
menehi dheweke semangat yen kabeh mesti ana dalane. Ora ana masalah sing ora
ana dalan metune. Kabeh wis diatur dening Gusti Allah. Rio banjur rada isa
semangat lan rada percaya diri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar