Suarane Angin
Dening Renastya Puspita S (25)
Hawa adem kroso mlebu omah, dino
wis mangkat bengi. Ibuku lagi wae kondur saka omahe simbah. Ibuku gowo
oleh-oleh akeh, banjur aku lan ibu bukak oleh-oleh saka simbah. Kahanan
lingkungan omahku pancen sepi yen wis bengi. Ibu ngutus aku jupuk piring ing
dapur digawe nata oleh-oleh saka simbah. Aku pancen bocah wedinan, aku jupuk
piring karo mlayu .
Pas lagi bukak oleh-oleh, aku lan
ibuku krungu suara gelas pecah natap tembok. Suarane banter banget sampek
krungu saka omahku. Awale aku lan ibu ngiro kuwi ulahe kucing. Nanging ora suwe
aku krungu suarane bocah wedok jerit karo nangis. Saiki aku bener-bener wedi.
Apa kuwi mau suarane manungsa? Atiku ora tenang mikir kedadean iki.
Banjur ibu ngademke atiku ngomong
yen iku mau suarane tonnggoku. Ibu
ngajak aku metu lan ndelok ana kedadean apa ndek kono sampek ana suara-suara
iku mau. Aku melu metu lan nyambangi omahe tonggoku.
Ibu ngutus aku ngetuk lawange.
Banjur aku ngelakokake apa sing diperintah ibu. Aku ngetuk lawange. Ana bocah
cilik wedok sing bukak lawange. Aku takok yen kemau aku krungu suara-suara aneh
saka omahe. Banjur dheweke njawab.
“Paling panjenengan kaliyan ibune
panjenengan salah krungu mbak.” Jawabe.
Tapi koyoke emang ana sing gak beres karo bocah iki. Dheweke nemoni aku karo
ibu, tapi pipine ditutupi karo kain. “Matur nuwun ingkang kathah mbak sampun
purun sowan mriki, tapi kula kedah mlebet sakniki.” Lanjute. “Yo wis dek nek
pancene ora ana apa-apa, tapi sampeyan kudu omong aku karo ibu nek pancene ana sesuatu
sing gak beres.” Jawabku. “Inggih mbak nanging kula mboten mireng punapa-napa
niki wau, paling niku suarane angin mawon.”
Aku lan ibu bali mulih. Wong loro
gelisah amarga kedadean mau. Ibu lan aku pada-pada gak iso turu. Ibu pingin
banget ngelaporne kedadean aneh iki marang pak RT. Nanging ibu ora nduwe bukti
apa-apa yen pancene ana kedadean ora wajar ndek omah iku.
Aku iling yen aku duwe nomor
telepone tanggaku cilik kemau. Ibu cepet-cepet ngutus aku telpon. Aku mulai telpon
bocah mau lan diangkat. Dheweke nangis karo omong alon-alon yen dheweke wedi.
Krungu kabar kemau ibu langsung mlayu marang omahe pak RT.
Pak RT, ibu, lan aku wis ana ning
nganrep omahe bocah kemau lan ana warga sing melu. Pak RT omong alus supaya
sing duwe omah bakale bukak lawange. Nanging ibuke bocah kemau malah omong yen
pak RT ora ngalih dheweke bakalan nyiksa anake.
Ibu sing wis ora tahan ngajak
warga gawe dobrak lawang. Ora suwe lawange iso dibukak. Ibu langsung mlebu lan nggoleki
bocah cilik kemau. Ibuke bocah kemau dicekel karo pak RT lan digowo ndek kantor
polisi gawe diselidiki.
Bocah cilik iku digowo mulih karo
ibu. Aku diutus nggawe teh karo ibu. Teh iku tak kekno bocah mau. Dheweke
banjur ngombe lan saitik-itik tangise wis mandek. Bocah kemau mulai crito yen
kabeh kuwi diawali saka bapake sing minggat. Ibuke depresi lan sumber
keungangan keluargane ilang. Ibuke ngganggep yen anake kuwi beban. Mula anake
iki dikongkon nandhangi penggawean omah lan kerjo dodolan koran.
Dheweke biasane diseneni yen
omahe isih reged. Dina iki mau asile dodolan koran saitik. Mula ibuke
ngamuk-ngamuk. Sakwise crita lan wis ngerasa aman ibu banjur ngeterne bocah iku
ndek omahe pak RT. Bocah mau diopeni pak RT sampek enek titik temu masalah iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar