Bingung
Dening : Yusrafli Fajar Pambudi (34)
Cerkak
basa jawa iki di gawe Widi ing ngarep omah e karo mbayangno yang e sing adoh
ning kono kae. Widi bingung nggawe pol arep gawe cerkak sing koyok piye. Amrih
e entuk “ilham”, Widi nutup laptop
lan metu omah numpak motor lan nggolek inspirasi sak turute dalan.
“Wis-wis,
piye iki, gak ndang entuk inpirasi gawe cerkak e, sesok cerkak e wis di tumpuk
pisan.”
Ing
tengah dalan kuwi mau Widi kepikiran yen dolan menyang omah e bolone menawa iso
entuk inspirasi gawe ngebarno tugas e sing gak ndang di garap kuwi mau.
Sakwise
tekan omah, Widi cepak cepak gawe nggarap tugas ning omah e bolone kui mau.
“buk Widi arep dolan menyang omah e bolone” omong e Widi karo marani ibuk e
sing masak ning mburi. “Yo le, ati-ati, ojo lali moco sholawat” saur e
ibuk e Widi “Nggeh buk.”
Nyengklak
motor, nggawe helm, budal “Bissmillahirrohmanirrahim.”
Ning tengah dalan Widi nyanyi nyanyi
amrih entuk inspirasi gawe cerkak e kuwi mau “Swara angin, angin sing ngeridu
ati, ngelingake sliramu sing tak tresnani…” ora suwe ana motor sing ugal ugalan
meh nabrak Widi sing lagi asik menikmati suasana isuk kuwi mau,
“Astagfirullahhaladzim” (Karo ngelus dodone)
Ora
suwe Widi teko ing omah e Bima kancane mau.
“Assalamualaikum”
“Waalaikum salam” jawab e Bima “Ana apa Wid kok dolan ning omahku?” Bima takok
“Anu Bim, arep ngbarno tugas cerkak basa jawa gawe sesuk oleh kan lek aku dolan
mrene” “ Oleh kok, santuy mumpung gak enek wong ning omah” “Oiyo tugasmu wis
bar opo rung Bim?” “Kurang saitik iki Wid” “Wah wah lancar jaya ya lek mu
nggarap, ora koyok aku bingung arep tak gawe pie cerkak basa jawa iki. Arep
chat yangku dee yo sibuk nggarapi tugase.” “ Wis wis ayo di garap bareng Wid” “Ashhiaaapppp.”
Gang
pirang menit Budi bocah sing pinter dewe ning kelas teko ning omahe Bima,
“Ambyar
luuurr ambyaarr!” Bengak bengok ra jelas sak wis e deleh motor e. “Weh salam
sik mbokyo, teko oamh e wong bengak bengok koyok enek opo ae” Saut e Widi ning
Budi. Bima sing jik njupuka panganan kaget langsung mlayu ning ngarep “Enek opo
woy?!” Bima bingung, “Iki lho Budi bengak bengok koyok wong bingung bar di
apakno ae” “Iki lho lur, oiyo sak durung e Assalamualaikum” “Waalaikumsalam”
Bima lan Widi njawab “Lha ngono, yo lanjut enek opo Bud?” “Ngene lho tugasku
basa jawa ki rung bar, sesuk yo enek ulangan pisan, piye iki?” “Wis ayo lungguh
kene, garap bareng bareng, golek inspirasi ben iso ngbarno cerkak iki.”
“Oke-oke”
Ora
kroso dinone wis sore Budi lan Widi pamit mulih menyang Bima.
Sakwise
teko omah Widi leren karo disambi sinau gawe nyiapne dewek e gawe ulangan
sesuk.
Semilir
e angin isuk ora dadi perkoro gawe Widi tangi isuk sholat subuh ning masjid.
Dzikir lan donga amrih tugas e iso di trimo guru lan lancar ulangan e gawe ngko
ning sekolahan.
Sakwise
mulih teko masjid, Widi langsung adus cepak cepak gowo tugas e banjur buhdal
sekolah. Teko sekolah Bima lan Budi sik lanjut sinau gawe ulangan mengko awan.
“Alhamdulillah konco koncoku podo rajin kabeh” Widi seneng “Ayo kene melu sinau” saut e Budi.
Bel muni, istirahat pertama.
Bel
muni masuk kelas.
“Piye
ki, aku bingung tugas ku iso di trimo karo gurune opo ora yo” Widi bingung.
“Wis tenang wae, penting numpuk ben entuk biji Wid” Saur e Bima.
“Assalamualaikum” Pak Pras guru basa jawa melbu ning kelas IPS 2. “Piye cah?
Wis bar kabeh tugas e?” “Sampun pak” murid murid pada nyaut “Wingi tugas tugas
mu wis tak woco kabeh. Apik apik hasil e, ki ngko tak umumke sopo sing cerkak
basa jawane paling apik.” Widi lan konco konco ne podo seneng. “Wis wis tenang,
tak umum ne saiki yo” “Nggih pak” saut murid murid, “Cerkak basa jawane sing
paling apik, yaiku cerkak e…… Widi.” Widi kaget ora nyongko. “Alhamdulillah”
Widi seneng pol.
Ora suwe nulis cerkak iki dadi hobine
Widi, dewek e sering melu lomba gawe cerkak basa jawa utawa basa Indonesia.
Saiki Widi dadi wong sukses amarga Widi dadi penulis terkenal lan bukune laku
nde pasaran.
Tamat:]
Iki gur cerita karangan ne yus, ngarang ngawur, dadi
ceritone rodo gak jelas, sepurane nggih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar