CERKAK BAHASA JAWA
Ulangan semester ganjil wis tak lakoni kanthi tenanan. Aku
saiki kelas 11 SMA Negeri ning kecamatanku Nganjuk. Aku biasa diceluk Bagong ning kanca-kanca lan sapanunggalane.
Aku nduwe adhik kelas 1 SMP jenenge Lia, dheweke sekolah nang cedhak omah.
Bapakku bakulan menyang tengah kutha. Ibukku ngewangi bapakku bakulan. Aku
saben dina yen arep mangkat sekolah mesti ngeterne adhikku dhisik marang
sekolahane amarga sakjalur. Aku karo adhikku ora tau akur, kaya kucing karo
tikus sing gaweyane kerah wae. Dina iki dina sing tak enteni, arga arep andum
rapot. Rapotku karo rapote adhikku sing jupuk bapakku. Bapakku siap siap budal
menyang sekolahanne adhikku dhisik amarga undangange dhisik nggene adhikku. Aku
melu ibukku njupuk rapote adhikku dhisik sakdurunge jupuk rapotku.
“Dhik,
kowe semester iki oleh juwara ora?” pitakonku marang adhikku.
“Woh,
yo mesti to mas, ngawur wae aku mesti oleh biji apik ya!” karo rodok sinis ning
aku.
“kowe
oleh? Haha aku ora percoyo dhik” jawabku emoh kalah.
“ wis
ta mas, dhik aja tukaran bae rapote durung diandum kok wes rame dewean ta,
padha dunga bae ta men apik kabeh kabeh kok malah tukaran” bapak nengahi
omonganku karo adhikku.
“ Mas
sik loh pak sing marai dhisik!” karo anyel duding aku.
“
wis-wis dhik aja salah-salahan ya” pituture bapak karo ngelus pundhake adikku.
“ ha
mboh wi pak adhik i” jawabku anyel.
“ ssst
gak pareng” bapak nengahi maneh. Ngenteni jenenge adhikku di celuk suwi banget.
“mas,
dhik yen oleh juwara siji bpak lan ibuk wis sepakat bakal menehi hadiah amarga
rekasamu, nanging hadiah iku wujude barang sing kok butuhake men ora mubadzir.”
“inggih
pak, mugo-mugo aku oleh juwara siji pak,” jawabku kanthi semangat.
“aku
iya ta mas,pak aku ya bakal juwara siji ya.” Sahutane adhikku emoh kalah.
“Hlah,
pak yen ora oleh juwara siji piye pak?” pitakonku rada melas.
“ yen
durung oleh juwara siji ya ora papa, nanging yen isih oleh juwara siji, loro,
telu isih oleh hadiah. Luwih saka kuwi ya durung oleh, mas karo adhik kudu
luwih sregep sinau ya, aja gampang putus asa sing luwih sregp maneh,” pitutre
bapak.
Praupane
adhikku wis bingung lan gugup kringrt anyep wis turut ing praupane. Jane aku
kudu guyu nanging yen tak guyu mesti bakalan tukaran terus diseneni bapak.
“Ngapa
mas? Sajake arep ngece aku,” omongane adhikku tansah anyel karo aku.
“ wes
ana apa ta kok tukaran wae?” Sahutane bapak.
“Pak
aku kepingin niliki bijine adhik,” jawabku penasaran.
“mengko wae yen wis tekan omah
ditiliki bareng-bareng mas,” jawabe bapak karo nyikep rapote adhik.
***
Sawise njupuk rapote adhikku,
banjur njupuk rapotku. aku, adhik dibonceng bapak nganggo motor n max karo
bapakku ning sekolahanku. Tekan sekolahan langsung ning kelasku. Bapakku wis
telat amarga njupuk rapote adhikku dhisik. Bu guru ya wis melbu nang kelas gawa
gobogan rapot. Banjur ngedumke rapot siji-siji urut presensi, nanging aku urutan tengah. Biasane bu guru menehi
weruh urutan sing juwara, nanging iki ndengareni ora diwacakake.
“Samuel Pete Alexander,” bu guru
nimbali jenengku.
Bapakku banjur maju ning
ngarepan. atiku rasane koyok bedhug ditabuh kringetku wis kaya bar adus bae.
Bapakku mundur nemoni aku, banjur ngajak aku lan adhikku mulih. Bapakku nuturi
apa bae mengko olehe kudu ikhlas amarga iku wis asile rekasane aku lan adhikku
wis penasaran banget karo bijine, pengin ndang teka omah terus ndelok bijiku
karo bijine adhik.
Akhire
tekan omah, aku lan adhikku wis gak sabar pengen ndelok bijine. Aku lan adhikku
ganti klambi banjur mangan sik. Rampung mangan aku karo adhikku kumpul ning ngarep
tipi. Bapakku pesen apa bae asil sing penting disyukuri, aja cilik atine.
“nggih pak,” jawabku bareng karo
adhik.
Ibu kondur saking warung.
“asslamualaikum...”
“Walaikumsalam,” jawabku bareng
karo aku, bapak lan adhikku.
Aku lan adhik padha salaman ning ibuk.
“buk kene tumud, niki badhe
niliki bijine bocah-bocah,” ajake bapak marang ibuk.
Ibuk melu lungguh karo aku, bapak, lan adhik. Rapote adhikku
dibukak bapak karo ibuk.
“alhamdulillah
dhik bijine sampun sae,” ngomonge bapak lan ibu ning adhikku.
Bapak
lan ibu ganti mbukak rapotku” alhamdulillah bijine sampun sae.,” ngomonge bapak
ibuk ning aku.
Aku adhikku deleng-delengan biji.
“Bijine
adhik isih apik aku yes!” jawabku kathi seneng.
“Iki
mas hadiah e sing wis dijanjine karo bapak, sepatune sampeyan wes rusak ta?”
karo menehne sepatu yeezy anyar.
“suwun
nggih pak, bu,” karo ngrangkul bapak ibuk. Atiku tansah seneng bungah banget
amarga wis diparingi barang sing tak pengini lan tak butuhake.
***
“Yah...mas terus sing oleh aku
ora tau,” karo membik-membik.
“Kene
kene dhik, bapak mau wis matur ta yen apa wae asile disyukuri nak,” karo
ngrangkul.
“apa-apa
mas, mas terus ibuk bapak luwih sayang mas ketimbang aku!”karo nangis.
“Ya
Allah dhik aja kaya ngunu lah, mas oleh juwara ya amrga rekasane sinau terus
ora males malesan, kowe sregepa sinau dhik,” kandhaku karo ngrangkul pundake.
Bapak banjur jupuk hadiah kanggo adhikku
“iki
nduk aja nagis maneh ya,” karo menehi hadiah e.
Hadiah
e dibuka “Yee... , oleh novel 2,” adhikku ngelap iluhe.
“Nah
ngunu loh nduk ora pareng nangis ya nduk,” karo ngelap iluhe adhikku.
“Saiki
adhik kudu luwih semangat lan sregep sinau ya, ben biso ngluwihi bijine mas
dhik,” tuture ibuk.
“umpomo
yen bingung nggarap tugas utawa durung jelas nyuwun warah mas ya dhik,” kandhaku
marang adhikku
“iya
mas, pak lan buk adhik tak segep sinau maneh saiki,” karo semangat
Sakwise
kedadean iku, aku karo adhikku dadi akur ora kaya ndisik sing gaweyane kerah
kaya kucing karo tikus. Adhikku wis sregep takon-takon marang aku perkara tugas
utawa sing dheweke durung ngerti. Bapak lan ibuk seneng ngerti aku akur karo
adhikku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar