Jumat, 11 Oktober 2019

16.Iqbal Nazalullah "SUWE SUWE WEGAH"


                               SUWE SUWE WEGAH
Aku isuk isuk wes budal menyang sekolah Amarta ana bimbingan isuk kanggo Persiapan kelas 12, aku budal dikek dewe amarga konco koncoku wes podo sambat kesel amarga budal isuk lan muleh e wes sore, 15 menit kepungkur bolo boloku Podo teko lan Podo nggeremeng Dewe dewe, boloku sing jenenge Doni lan Dika iku mbolos bimbingan amarga kesel Karo kebijakan sekolah Iki, trus akhire selang pirang menit gurune melbu lan terus ngabsen murid murid sing ono Ning kelas Iki
   Pak guru : " assalamualaikum anak anak"
   Murid murid : "waalaikumsalam pak"
   Pak guru : " piee isih semangat ora Ki kok sajak e akeh sing melbu"
   Murid Murid : " Tasik pak"
   Pak guru : " tak absen e kek ya cah"
   Murid murid : " nggih pak"
   Pak guru : " Lo lha Iki kok enek sing kosong 2 bangkune, sopo sing Ra melbu?"
   Murid murid : " mboten ngertos pak"
   Pak guru : " jajal ketua kelas e ndi ki?, Le golek ono bolomu Iki Yo!"
   Murid murid : " nggih pak siap"

Banjur pak guru ngongkon ketua kelas kanggo nggolek i bocah sing mbolos mau, ketua kelas langsung metu cepet cepet nggoleki bocah iku lan akhire ketemu Doni lan Dika Ning kantin pojok an, trus ketua kelas takok
   Ketua kelas : " lho Lapo we Ning kene kok Ra melbu Ning kelas?"
   Doni : " anu bro ngene Lo ceritane, aku males bimbingan isuk mergo aku wes kesel Karo  kebijakan sekolah Iki"
   Dika : " lhaa Yo bro ngeneki aku Yo kesel aku Ki menungso Duk robot anggetmu "
   Ketua kelas : " iyoo aku ruh sambat e Kowe Iki kabeh, cah cah kabeh Yo Podo kesel e tapi demi masa depan e awakdewe sing cerah ayoh Podo podo Sinau bareng"
    Doni : " yowes bro ayohh lek ngono Ben masa Depan ku Ra suram ngene"
    Dika : "Sik Sik , aku rung mbayar Ki tak bayar kek"
Doni lan Dika langsung Moro Ning kelas kanggo ngadepi pelajaran, ketua kelas nggumun Karo cah cah Lapo kok iso males ngene padahal Iki kanggo masa Depan e dewe, ketua kelas nduwe pikiran lek ape protes Ning kesiswaan amarga peristiwa Iki, sak wise teko ngarep Lawang kelas Doni lan Dika ora wani melbu kelas amarga Wedi lek diseneni gurune
  Ketua kelas : " loh Lapo we kabeh Ra ndang melbu wes Podo dienteni gurune "
  Dika : " anu bro aku Wedi lek diseneni"
  Ketua kelas : " Yo ngko tak ngomong Ning gurune, tapi raruh lek ngko awan Kowe kabeh dihukum Ning tengah lapangan"
  Doni : " yowes bro gaopo, pancen salah ku"
Sak banjure melbu kelas pak guru ketok nesu, Doni lan Dika Wedi kemeter gaiso omong opo opo maneh, akhire ketua kelas njelasno keadaan sing dialami Doni lan Dika Iki kok ora gelem melbu bimbingan isuk
    Ketua kelas : " ngeten pak guru, Niki lare kalih mboten tumut bimbingan amarga kesel wes budal isuk lan muleh e sore, tapi Kulo sampun aturi lek sedoyo inggih sami"
    Pak guru :" lha Yo kui kabeh Iki Podo le gaenek sing ora kesel , kabeh Iki demi masa depan e awakdewe ora semata mata kanggo meres tenogomu kabeh"
    Doni lan Dika : (kompak njawab bareng), inggih pak guru sepentene nggih pak
    Pak guru : " Iyo le, ngko digawe hukuman e tak Pepe nde tengah lapangan karo hormat Ning gendero Yo, wis Saiki ndang Podo lungguh"
    Doni lan Dika : " inggih pak"
Sak banjure ditemokne mbe pak guru Doni lan Dika wes ayem mergo ora diseneni Karo pak guru, Saiki pak guru ngongkon bukak buku kanggo nggarap tugas ning buku lan engko di kumpulne Ning mejo guru, murid Murid Podo semangat ngerjakne tugas sing di wehi pak guru iku, kring.......kring.... Bel istirahat muni lan pak guru pamit
     Pak guru : " cah pak guru tak pamit kek ya assalamualaikum"
     Murid murid : " waalaikumsalam pak"

Pas istirahat Doni lan Dika ngelakoni tanggung jawab e, deweke langsung Moro Ning tengah lapangan kangge ngelakoni hukuman Soko pak guru, ( ngadep gendero lan hormat Ning tengah lapangan ) sak wise ngelakoni hukuman Iki Doni lan Dika di timbali pak guru Dateng ruang guru, sak wise teko ruang guru
   Pak guru : " piee rasane? Saiki digawe pelajaran ya lek mbolos maneh hukuman e Tan soyo abot wis Saiki Kowe ndang mbalek Ning kelas kanggo Melu pelajaran selanjut e gausah mbolos maneh Yoo"
   Doni lan Dika : " nggih pak sepuntene"
Sak wise Soko ruang guru bel muni kring.....kring..... Bel melbu kelas muni wektune ngelanjutne pelajaran liyane, Doni lan Dika langsung mblayu melbu kelas amarga Wedi lek telat, deweke semangat nganti jam terakhir kring....kringg bel muleh sekolah wes muni wektu nunjukne jam 15.30 wayahe bocah bocah Podo muleh sekolah, bocah bocah ringkes ringkes barang e Dewe dewe kangge muleh sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar