Sabtu, 12 Oktober 2019

08. Bagus Wahyu P "Amarga Salah Paham"

Amarga Salah Paham
Dening Bagus Wahyu P


Sawijining dina…
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing   kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, tak delok – delok wis rong dina iki  kok gak omong – omongan karo Pandu ? emange kowe ono masalah ya karo Pandu?” pitakone Yudha
“ora kok Yud, ora ono opo opo” jawabe Pras singkat
“ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kowe kan sahabat, mesti ono sesuatu. mungkin wae aku iso bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
“Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong dina iki, tapi iki merga kabeh salahe kok, mosok buku paket  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngeyel yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa
“ooo…ngono to Pras, tapi emange kowe wis goleki ndek panggon lain sakliyane nde meja belajarmu Pras, ya sopo ngerti bukune ketlisut?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
“apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono
“yo gak ngono, aku kan cuman nakok i…sapa ngerti ngono, ngomong ngomong aku oleh kan dolan nde panggonmu?, tak jajal ngewangi kowe golek i sekalian sinau bareng kaya biasane, piye Pras?” pitakone Yudha
“yo gakpopo sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud” jawabe Pras
“iyo wis.”
Sejam sakdurunge….
“dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas aku dolan ning omahe“
“ooh ngono ceritane Pan..hem paling wae Pras lali lak buku sing kok silih wis mbok balikke yo” ujare Yudha
“lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to”curhate Pandu maneh
“ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana?”
“yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono”
***
sore iku ing omahe Pras
“Ndu, aku njaluk ngapura yo jebul buku paket sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar….sepurane yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke” Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu….kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“he em ora ming kekancan tapi seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“nah ngono…wis sak mestine podo nyepurani koyok ngeneki” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
“maturnuwun y Yud…kamu memang baik hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“okeee…sama-sama yuk….sinau bareng e ndang dimulai”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar