Getun
Ing salah sawijining dina ing desa kang guyup rukun, ana bocah 2 sing ayu-ayu yaiku putrine Pak Trisna lan Bu Risa. Anake sing nomer siji jenenge Ayura lan sing sijine jenenge Ayuna. Bocah mau nduweni sifat sing walikan. Ayura nduweni sifat apikan, seneng tetulung marang wong liya lan sopan marang wong tuwa. Nanging beda maneh karo Ayuna, dheweke nduweni sifat sing kurang apik lan ora sopan marang wong tuwa.
Nalika dina minggu, keluargane Pak Trisna ngenekake kegiatan kerja bakti ngresiki pekarangan omah. Nanging ana ne mung Pak Tresna, Bu Risa lan Ayura. Ayuna ora ketok ana ing ngarep omah. Ayura diutus ibune nimbali Ayuna ing kamare.
Tekan kamare Ayuna, Ayura weruh yen dulur wedoke iku jek turu. Ayura nyoba nggugah Ayuna lan ngajak ing pekarangan omah ngiwangi bapak ibune kerja bakti. Nanging Ayuna malah muring – muring marang Ayuna. Akhire Ayura metu teko kamare Ayuna lan bali ana pekarangan omah arep ngiwangi ibu bapake.
Tekan pekarangan ngarep omah, Ayura di takoni ibune ing ngedi Ayuna kok ora melu metu karo dheweke. Ayura njawab yen Ayuna lagi wae tangi turu lan ora gelem melu metu ngiwangi kerja bakti. Bu Risa nyoba marani Ayuna dewe ing kamare. Tekan kono Ayuna malah muring-muring karo ibune “ aku emoh ngiwangi kerja bakti, Ayura wae. Aku arep dolan karo bala-balaku” omonge Ayuna. Krungu omongan kaya ngunuwi mau ibune tetep sabar lan mbalik ing pekarangan omah maneh.
Sekitar jam 9.00, Ayuna diparani karo kanca-kancane sing rupa-rupane kaya wong sugih-sugih. Weruh kanca-kancane mau wes ing ngarep omah, Ayuna kesusu metu lan pamit bapak ibune.” Buk, pak, aku dolan disik,” ucape Ayuna. “ iyo nak, ati-ati. Mengko yen mulih aja bengi-bengi,ya” pesene ibune.
Jam wes nunjukake jam 9 bengi nanging Ayuna urung ketok mulih. Ibu bapake bingung nggoleki. Kabeh kanca-kancane dihubungi ora iso. Pak Trisna diutus Bu Risa nggoleki AYuna ing omahe kanca-kancane. Banjur Pak Trisna budal nggoleki Ayuna.
Ayura lan Bu Risa ngenteni ing omah karo perasaan bingung lan gelisah. Ngarep – ngarep kabar apik sing teko. Nanging jam wes nunjukake jam 1 isuk. Bu Risa mulai panik. Ora suwe ana motor mandek ing ngarep omahe Bu Risa. Rupane ana Pak Burhan tangga desane. “assalamualaikum, bu Risa. Kula badhe maringi kabar yen Pak Trisna kecelakaan ing dalan nalika nggoleki Ayuna. Sak niki dhateng Rumah Sakit Seger Waras.” Kandhane Pak Burhan. Bu risa lan Ayura langsung moro ing Rumah sakit. Lan ngabari Ayuna lewat sms yen bapake melbu rumah sakit.
Isuk e Ayuna teka ing rumah sakit karo nangis. Getun karo sing wes dilakoni marang wong tuwane. Ayuna njaluk sepura marang bapake lan ibune lan janji bakal dadi anak sing berbakti marang wong tuwa.awit saka iku Ayuna berubah dadi anak sing berbakti marang wong tuwa.
Jumat, 11 Oktober 2019
18.Juana Pratiwi "GETUN"
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar