Sepedahan
Dening
:Nofarian Aji Wicaksono (24)
Jenengku Ian, aku isih SMA aku seneng sepedahan pas prei
sekolah. Ing dino Jum’at pas wayahe mulih sekolah aku karo kancaku moro ning
parkiran sepedha amargi arep njupuk sepedahku sing tak gawa kanggo budhal sekolah. Ning parkiran aku
pethukan karo kancaku yiku : Ari, Aji, karo Nofa kang lagi omong-omongan.
Amarga weruh aku , Ari nyeluk aku kang Ari : “Yan, reneo dhisik,”
Ian :”enek opo?”
Aji :”Sesuk melu sepedahan opo ora.”
Ian :”Menyang endi sepedahanne ?”
Nofa :”Menyang gunung Wilis.”
Ian :”Yowes aku melu.”
Nofa :”Sesuk isuk tak parani ning omahmu”
Ian :”oke”
Aku banjur numpak sepedahku mulih .
ing perjalanan mulih aku keroso ana sing aneh ning sepedahku , tapi gak tak
anggep. Dino Sabtu aku diparani kancaku sing ngejak sepedahan ndhek wingi. Aku
banjur budhal numpak sepedahku. Ing perjalanan aku karo kanca kancaku balapan ,
amarga aku karo kancaku budhal isuk, ing dalan isih sepi. Ing tengah alas aku
pas aku mancal sepedahku aku keroso kok pedhale enteng banget, banjur tak delok
lakok rantene pedhot.
Ian :”Waduh rantene pedhot!”
Ari :”kena apa yan?”
Ian :”Ranteku pedhot”
Nofa :”Lha kok iso?”
Ian :”Dhek wing wis mulai rusak tapi gak tak
anggep”
Ari :”Lha… yen kroso rusak kok isih dipekso.”
Aji :”Yen wis keroso rusak ndang didandani ,
nek wis ngeneki piye?”
Ian :”Yo..yo aku salah ,lha iki terus piye
jek ndek tengah alas lho”
Nofa :”enek sing nggowo hp gak”
Ian,Ari,Aji :”gak”
Nofa :”waduh, yowis dituntun ae sepedahe”
Akhire aku karo kancaku sepakat nuntun
sepedah mulih, ing tengah daln ana mobil pickup sing tak kenali,mobile pakdheku
. aku banjur awe-awe lan bengoki mobile supaya mandek .mobile banjur mandek
mandek lan pak dheku metu .
Pak
dhe :”Ana
apa le”
Ian :”Pak dhe kula lan kanca kula pareng
nunut mboten,pedah kula rantene pedhot?
Pak
dhe:”Owalah, kene sepedah e ndang diunggahne.”
Ian :”Matur suwun pak dhe”
Aku karo kancaku banjur ngunggahne
kabeh sepedah lan nunut mobile pak dhe. Akhire aku lan kanca-kancaku teka
omahku banjur .Kancaku banjur pamit mulih.
Ari :”Yowis , aku mulih dhisik ya”
Nofa,Aji:”aku
yo arep mulih”
Ian :”yo”
Aji :”sok mben yen arep sepedahan pedahe
dicek dhisik, ben gak koyok kemau.”
Ian :”Heheheh”
Kanca
kancaku banjur mulih dhewe dhewe,gara-gara kadadean iku aku banjur ndandani
sepedahku sing rantene pedhot iku.sak bubare kuwi aku mangan lan ngerjakne pr.
Amrih kadadean rante sepedahku pedhot
ing ndalan iku gak kebalen maneh, saben arep sepedahan aku ngeceki sepedahku
dhisik sak banjure tak cek banjur tak gawe sepedahan .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar