Pelajaran ing Dino Iki
Ing dino jumat, aku lali ora ngekakne alarem kanggo tangi isuk. Aku tangi jam setengah enem luwih sepuluh isuk. Aku langsung menjungul teko kasur kaget alarem ku ora muni. Aku langsung adus lan sholat. Aku ndelok jam sak bar e sholat wis jam enem kurang limo. Maringono aku langsung seragaman lan jilbaban. Aku langsung budal sekolah, ora mangan disik. Teko sekolahan, masjid uwis rame lan istighosahe wis mulai. Aku cuma melu sedilut tok.
Sak bar e istighosah langsung pelajaran matematika. Aku lali urung garap PR. Untung PR e saitik, dadi iso tak kebut sedelut. Pas gurune melbu "assalamu'alaikum", dhawuhe pak pak guru. "wa'alaikumsalam", saute murid-murid. "Saiki wayahe melbu bab papat ya cah? Bener gak?", dhawuhe pak guru. "Inggih pakk", saute murid-murid.
Bel pergantian jam pelajaran wis muni. Saiki wayahe ganti basa inggris. Gurune bu Evy, wali kelase awakdewe. Konco-koncoku nduwe rencana yen pelajarane bu Evy digawe kanggo mbenahi mading kelas, soale penilaian mading kelas wis mepet dinone.
Bu evy teko ng kelas "Piye cah, wis teko endi materine wingi?" Takone bu Evy. "Bu, waktune didamel mbenahi mading kelas mawon nggih bu?" saute salah siji koncoku. "penilaiane sesuk ya? takone bu Evy. "nggih bu..." saute cah-cah. "Yowes...sing penting ojo rame-rame, tak tunggoni ning kene wae. Wis ndang dibenahi mading kelase." jawab e bu Evy. "nggih bu..." saute cah-cah.
Bel istirahat wis muni. Mading e urung mari-mari. Konco-koncoku ndue ide maneh yen engko pas jam pelajaran fisika mari istirahat dilanjutne maneh. Gurune bu Rohana. Bocah-bocah senengane dolanan hp lek pas diterangne. Materine ketinggalan adoh karo kelas liyane. Kelasku lagek arep mulai bab 2, padahal kelas liyane wis bab 3.
Bel masuk wis muni. Bu Rohana wis teko kelas. "Assalamualaikum..." ucape bu Rohana karo buka lawang kelas. "waalaikumusalam..." saute cah-cah. Bu Rohana ndeleh tas las lungguh kursi.
"ayo cah, bab 2. Kelasmu kueri dewe lo" ucape bu Rohana.
"bu ini masih mengerjakan mading bu... Besok penilaian bu." saute salah siji koncoku.
Bu Rohana meneng sedelut.
"awakmu iki jane pengen tak ulang opo ra? Aku saben ning kelasmu iki kok gak tau niat diulang." ucape bu Rohana.
"ini bu, madingnya besok penilaian. Masih kurang banyak bu." saute salah siji koncoku.
"Nggarap mading i opo oleh to pas wayahe jam pelajaran. Kok gak dino kae-kae ae nggarap mading e. Kok gak sabtu minggu opo muleh sekolah ae. Aku ngerti cah awakmu iki emoh diulang fisika. Aku wis kroso ket pertama aku ngulang asline. Saben aku melbu kelas mesti emoh diulang. Enek ae alesane. Aku paham cah, cah ips ki mesti rumongso fisika iki ora guna. Aku sakjane yo emoh ngulang ning ips. Tapi iki tugasku dikon ngulang ning kelas ips. Aku yowis manut ae tak jalani karo ikhlas. Aku ki yo ngerti lek pas tak ulang ki akeh sing ora nggatek ne, dolanan hp dewe-dewe. Tapi yo tak umbar ae. Aku getun mbek awakmu asline, lagek iki aku iso ngungkapne. Ngeneki jenenge awakmu ra ngregani aku belas."
Susana kelas seketika menjadi hening. Bu Rohana metu kelas lan ora mbalek maneh. Sak kelas rumomgso bersalah kabeh. Kesepakatan sak kelas yen diulang bu Rohana kudu ngregani. Masio gak paham ora popo, nanging ojo dolanan hp dewe-dewe. Cah-cah rembukan gawe minta maaf ning bu Rohana. Kesepakatane perwakilan ketua kelas lan wakile moro ning ruangane bu Rohana kanggo minta maaf.
Dino iki dino sing paling hening. Dino sing paling bersalah. Senin ngarep enek maneh jam pelajarane bu Rohana sak bare upacara.. Bocah-bocah podo wedi lek bu Rohana wis moh ngulang maneh. Tapi karo kutuaku diyakin ne lek bakal ngulang maneh.
Saiki wis dino Senin. Aku budal sekolah niatku arep minta maaf ning bu Rohana langsung engko ning kelas.
Bel masuk wis muni. Kabeh podo grudugan moro ning lapangan kanggo upacara. Upacarane wis bar. Bu Rohana tibak e wis ng ngarep kopsis. Cah-cah karo bu Rohana bareng melbu kelase.
"assalamualaikum..." ucape bu Rohana melbu kelas.
"waalikumusalam..." saute cah-cah.
"bu kulo nyuwun ngapunten dene kulo kurang ngregani panjenengan pas wayahipun pelajaran bu Rohana."
"kulo nggih nyuwun ngapunten bu..." sautku.
Kabeh podo njaluk sepuro dewe dewe lan salim karo bu Rohana.
"iyo wiss, matur suwun cah... Aku deingi sepurane aku langsung nyeneni awakmu tanpa takon takon disik." ucape bu Rohana.
"mboten bu... Kita ingkang salah bu." saute koncoku.
" yowis saiki dirubah ya sikape. Fisika kui yo ilmu pengetahuanmu sehari-hari, yo enek manfaate. Ayo saiki dibuka bab 2".
Suasana kelas dadi bedo karo sing sakdurunge. Pelajaran fisika saiki rasane maleh bedo. Malih menyenangkan. Cerito iki iso dipetik, yen kito kudu ngregani guru. Guru iku wong tuane awakdewe ning kelas. Guru iku wis dadi bagian teko uripe awakdewe. Guru iku wis ngajarne awakdewe akeh hal. Dadi, reganono gurumu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar