Sabtu, 12 Oktober 2019

26. Rif'atusana Dhiya'ulhaq "LINGKUNGAN ALAM"

                           LINGKUNGAN ALAM
Pemandangan lan Suasana ing Desa iku ora kalah karo kota. Pemandangan ing Desa katon seger lan endah disawang, disebabake lingkungan isih alami, amarga durung akeh pembangunan gedung – gedung ing Desa. Suasana ing Desa kerasa ayem tentrem. Opo maneh didukung kahanan masyarakat e sing guyub rukun.
Ing dina Minggu, wayah e bocah – bocah prei sekolah. Kahanan ing Desa dadi luwih rame katimbang dino – dino liyane. Akeh Bocah – bocah kang nggunakake wektu preinan sekolah gawe dolanan bareng karo kanca – kancane. Kayata dolanan obak, sepedhahan, lan liya – liyane. Esuk – esuk Hadi lan Rudi mlaku – mlaku ing dalanan Desa, karo nikmati udara esuk Desa kang sejuk lan penak kairup. Ing dalan Hadi lan Rudi simpangan karo wong – wong kang lewat ing dalanan desa. Ana sing mlaku lan ana sing nggunakake kendaraan awujud macem – macem, mulai sepedhah ontel, becak, sepedhah motor, mobil, lan liya – liyane.
“Had, awakmu kesel ora?”
“Lumayan.”
“Awakmu wis sarapan?”
“ Durung Rud, nyapo emang e?”
“Yowis ayo golek warung karo tuku sarapan pisan, aku yo durung sarapan iki Had.”
“Yowis ayo, Rud.”
Ing dalan, Hadi lan Rudi golek warung kanggo istirahat lan tuku ngombe. Sawise teko warung, Hadi lan Rudi pesen mangan gawe sarapan.
“Had hawane saiki wis ora adem kaya mbiyen ya. Prasaku hawane dunya malah luwih panas katimbang mbiyen, iyo gak?”
“Iyo bener, Rud. Aku iyo ngrasa ngunu.”
“Kira – kira apa ya kang nyebabake hawa dunya malih panas iki?”
“Akeh Rud kang nyebabake hawa dunya iki malih panas.”
“Opo ae emang e, Had?”
“secara ora langsung, intine hawane dunya iki malih luwih panas iso ae disebabake polah e manungsa. Kayata efek rumah kaca, sing dadi salah sawijine sebab hawa dunya malih luwih panas, amarga efek e rumah kaca iso ngrusak lapisan ozon sing nglindungi bumi iki saka sinar ultraviolet e matahari.”
“sik – sik sinar ultraviolet iku opo Had?”
“sinar ultraviolet iku sinar saka matahari sing bahaya yen ngenek i bumi iki, Rud. Iso – iso yen ora ana lapisan ozon bumi iki kebakar, Rud. Mulane iku lapisan ozon nduweni peran kanggo nglindungi bumi yaiku kaya arupa nyaring sinar e matahari sing bakal mlebu ing bumi”
“ oh ngunu to Had, sakliyane efek rumah kaca opo maneh Had kang nyebabake hawa dunya iki malih luwih panas?”
“ Ana akeh Rud. Sing paling umum iku kayata nggawe alat pendingin, misal e kulkas, AC, lan liya – liyane. Mulane iku ojo terlalu akeh nggawe alat pendingin ngunu kuwi, awakdewe kudu iso mikir akibat e. Yo oleh nggawe alat pendingin, tapi secukup e wae.”
Ora sengaja Hadi lan Rudi simpangan karo wong sing numpak sepedhah motor nanging swara lan beluk e sepedhah motor iku mau ora umum, swarane banter lan beluk e kebul – kebul.
“Beyuh Had, swara lan beluk e montor iku mau kok ora umum ya, swarane buanter lan beluk e iku yo uakeh.”
“Iyo, Rud. Jaman saiki akeh bocah enom sing ndandani montor e supaya ketok gaul. Salah sijine yo kuwi, ndandani kenalpot supaya ketok gaul ngikuti jaman. Tapi nyatane malah nambahi polusi.”
“ Iyo sih, Had. Saiki perkembangan e jaman wis modern, opo – opo wis ora patek nanggepi akibat e opo sing bakal diadepi.”
“Mulane kuwi, awak e dewe ojo gampang kenek pengaruh – pengaruh kang ora ana faedah e. Awak e dewe kudu pinter ngadepi mlakune jaman.”
“ Iyo, Had. Bener.”
“ Wis ayo lanjut mlaku – mlakune mumpung prei.”
“ Ayo – ayo.”
Sawise istirahat karo tuku sarapan ing warung, Hadi lan Rudi nglanjutake mlaku – mlakune. Dalanan wis mulai rame, amarga wis mulai awan. Wong – wong wis podo ngawiti kagiyatane dewe- dewe.
Ing tengah dalan, HP ne Hadi muni. Ibune Hadi telfon lan nyuwun tulung Hadi supaya menyang pasar tuku bawang. Banjur, Hadi njaluk tulung Rudi gawe ngancani Hadi tuku bawang ing pasar.
“ Bu, bawang 1 Kg pinten?”
“ Rp. 35.000, Le.”
“ Kok awis nggeh, Bu. Saget dikurangi reganipun?”
“ Regane wis pas, Le. Amarga iki ora musim panen bawang. Tani bawang telat nandur bawang , akibat e yo iki regane bawang mundak, Le.”
“ kinging nopo nggih Bu, tani bawang kok telat nandur bawang?”
“ Biasane Tani telat nandur bawang iso disebabake pirang – pirang sebab, Le. Kayata tanah e kurang subur, modal e durung cukup, kurang e wong Tani sing nandur, lan liya – liyane.”
“ lha niku umpami keadaan nipun ngoten terus pripun nggih, Bu? Kan bawang niku nggih dibutuhaken damel masak sehari – hari.”
“lha iku sing dadi masalah e, Indonesia iki kan sebenere nduweni tanah sing subur lan gampang yen digawe usaha pertanian, nanging kadang SDM utawa manungsane sing kurang iso manfaatne kekayaan lan potensi lokal sing ana ing Indonesia. Yen ancene ora ana sing nandur bawang utawa persediaan bawang ing Indonesia iki kurang, iso – iso wong – wong dagang ngimpor bawang teko luar negri kanggo nyukupi kebutuhan ing njero negri.”
“waduh nek ngoten eman – eman nggih Bu.”
“ iyo Le, mulane sekolah sing pinter ya, supaya bisa ngelola Sumber Daya Alam ing Indonesia, lan supaya ora sampe impor barang teko luar negri.”
“ nggih Bu, pangestunipun nggih Bu. Nggih pun Kula tumbas bawang  1 Kg, Bu.”
“ oh iyo, Le. Iki bawang e.”
“ nggih niki artane, nggih pun matur suwun nggih Bu.”
“ Iyo, Le.”
Sawise tuku bawang ing pasar, Hadi lan Rudi banjur muleh numpak angkutan umum, amarga wis mulai panas, lan jarak pasar saka omah e Hadi lumayan adoh.
“ wis mulai macet iki, Had.”
“ Iyo e Rud, amarga iki yo wis awan to, ditambah wong – wong saiki jarang sing numpak angkutan umum soale wis podo nduwe lan nggawe kendaraan e dewe – dewe akibat e malih akeh kendaraan sing digawe lan iso ndadekake macet”
“ Iyo Had, jaman saiki kadang sak omah motor e luwih saka 1 lan ana wong sing gengsi numpak angkutan umum.”
“ lha iku antarane penyebabe macet.”
Sawise mudun saka angkutan umum, Hadi lan Rudi pamitan mulih menyang omahe dewe – dewe.
“ Rud, suwun ya wis ngancani aku mlaku – mlaku karo menyang pasar.”
“ Iyo Had, podo – podo. Suwun yo Had, gawe informasi lan piwulange gawe dino ini. Aku maleh luwih ngerti sebab – sebabe sing iso ngrusak lingkungan alam iki opo wae.”
“ Yowis aku pamit muleh ya Rud.”
“ Iyo”
Banjur Hadi lan Rudi mulih menyang omahe dewe – dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar