Sabtu, 12 Oktober 2019

15. Intan Aulia Fadhila "MENENG WAE"

                                  MENENG WAE
                           Dening Intan Aulia Fadila
Setahun kepungkur aku sering dolan karo koncoku menyang panggonan kang ayem gae nenangake pikiran. Pancen ketelu kancaku iki wes raket banget ket lungguh ning bangku SMP. Amarga saiki wis ngancik kelas 12 SMA, bahasanku karo telu kancaku mau sering bahas kuliah lan sak liyane. Kancaku sing wedok jenenge Salfa. Kancaku seng lanang jenenge Galang lan Dana.
“Ayo cah Sabtu ngarep sinau bareng ing omahe Salfa” ajak e Dana. Biasane rencanane dolan bareng, nanging saiki wes jarang nggae rencana dolan.
“Ayo jam piro dino Sabtu mumpung aku yo pas kui nde omah” jawabe Salfa.
“Aku Sabtu tak mruput ngko moro omahe Salfa” jawabku. Pas bahas rencana sinau kui ketepakan pas wayahe bel mulih sekolah.
Nanging anehe si Galang meneng wae ora nyauri opo-opo blas. Bocah-bocah nggumun mergo ora biasane Galang koyok ngono kui. Sing biasane nggae kahanan sumringah yo Galang kui. Menowo ditinggal Galang yo bakal sepi. Akhire Dana nekoki Galang “awakmu napo Lang kok meneng wae ora koyok biasane, enek masalah opo?”. Nanging Galang panggah ora nggatek omongane Dana. Bar omong-omongan kui mau akhire bocah-bocah mulih mergo wis sore.
Sesok e wes dino Jumat. Dana sing lungguh sak bangku karo Galang ora dijak omong blas sak entek e pelajaran sedino. Dana nggumun karo Galang lan mikir enek opo Galang kok maleh bedo. Akhire Dana crito marang Salfa lan aku lek enek seng bedo soko Galang. “Sedino kimeng aku ora omong blas karo Galang” critone Dana.
“Bocahe yo ora ngejak omong aku blas i, padahal biasane lagek teko ngono kae wes marani aku karo crito-crito” jere Salfa.
“Tak sawang sedino iki mau bocahe meneng wae ora omong blas marang sopo-sopo, deweke spaneng maca buku” tambahku.
Dana, Salfa, karo aku wis gak ngerti kudu pie maneh. “Galang gak gelem crita marang awake dewe yen enek masalah” tambahe Salfa.
“Paling deweke enek masalah gede seng ga perlu dicritakne awake dewe” tambahku.
“Tapi menowo ae awake dewe iso mbantu kan yo opo salahe crito marang awake dewe, wong awake dewe iki yo wis biasa crita-crita ngene iki” omonge Dana karo nggumun.
Ora kroso wis dino Sabtu, wayahe sinau bareng ing omahe Salfa jam 10 isuk. Bocah-bocah ndue firasat yen Galang ora bakal teka ing omahe Salfa. Nanging malah kualekane, Galanag panggah teka ing omahe Salfa amarga wis diomongi Dana yen dina Sabtu sinau bareng. Bocah-bocah pada nekoki Galang nyapo kok deweke meneng wae. Akhire Galang crita karo bocah-bocah tibake Galang enek masalah keluarga.
“Omahku nde wingi bar kemalingan. Sak keluarga bingung amarga bondone dimaling kabeh ora ana sing sisa. Aku bingung goro-goro iki. Opo maneh minggu ngarep kudu nglunasi bayar buku. Amarga kui aku bendino mikir terus” critane Galang.
“Wooo ngono to critane “jawabku.
“Yo wis ayo sesok Senin awake dewe omong menyang Bu Tasya yen Galang bar kenek musibah. Pembayaran bukune Galang yen iso dikeki keringanan sak ulan maneh” jawab Salfa.
“Iyo Salfa bener iku, Bu Tasya panggah ngekeki keringanan Galang” tambahe Dana
Akhire dina Senin kanca-kancaku karo aku mara menyang Bu Tasya lan omong kedadean iki. Lan Bu Tasya ngekek i keringan Galang bayare buku sampek ulan ngarep. Galang seneng amarga kanca-kancane kabeh melu mbantu masalahe dheweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar