Rabu, 09 Oktober 2019

23. Nisa Aulia Kharisma "Dolan Ku"

Dolan Ku
Dening Nisa Aulia Kharisma


Aku nisa aulia kharisma bisasane bolo ku nyeluk ee nisa tapi yo enek sing nyeluk aku mbak ca enek sing nyeluk ca, ora popo lah sing penting jeneng ku ora ganti. Aku lair e ing jakarta tapi omah e neng jowo pas e neng nganjuk. Jare ne cah nganjuk iku aku wong jakarta yen jare wong jakarta aku kui wong nganjuk, sakkarepmulah aku wong ndi ae sing penting aku tetep ndek Indonesia panggonan kang paling aku teresnani iki.
Tapi sakiki tanah air iki lagi susah amergo akeh masalah kang dinduweni masalah amergo kebakaran utan sing ono ing kalimantan kabut akeh kang nutupi tanah air iki, pergolakan daerah ing wamena lan papua kang lagi panas lan sak iki sing paling heboh yaiku masalah RUU sing nggarai warga masyarakat kang nesu, diangaep ora adil lan nyebabake akeh demo ing kabeh nggon .Aku sedih ngrasakake masalah kang lagi diadepi indonesia ku iki. Mugo mugo tanah iki iso ngadepi masalah e lan biso dadi indonesia kang lueh apik maneh damai lan tentrem.
Indonesia ku iki akeh ragam e, opo maneh budayane, bahasane kang atusan umpomo ditotal.  Ora mung kui ae tapi yo wisatane kang akeh contohe Raja Ampat, Candi Borobudur, Bali lan sak piturute. Tapi enek koncoku kang pengen ne ing luar negeri asline indonesia ndue kang lueh apik, boloku kui jeneng e Risma.
"Beh beh urip kok ngeneki men ya.. pengen rasane iso refreshing ing luar negeri koyok ng hawai, (karo nyekel hp sing enek gambar ee hawai) deloken iki hawai pantai ne apik resik sueger nek disawang.”
"Ora usah adoh-adoh Ma. Ning indonesia yo enek?" Saurku marang bolo ku siji iki sing pengen banget dolan ning luar negeri. Awit cilik Risma kui pengen banget ning luar negeri utamane ning hawai.
"Hih moh aku ning indonesia paling yo ngono ngono tok ae." Saur e risma karo mrengut nyepelekake indonesia kang indah iki.
"Ealah Ma.. Ma jane we ki wong endi jane wong indonesia po uduk.” Saurku karo ngingeti Risma kang wajahe lecek.
"Iki loh Ma delok en indonesia mu iki akeh ragam e contone pulau raja ampat kui lak yo podo koyok hawai ning bali yoo enek, indonesia iki akeh sing koyok hawai." Terusku karo ndudehi hp kang ono gambar pulau raja ampat
"Tapi kan..." endek e Risma kang pengen bener
"Kowe iki ya kudune sebagai putra putri bangsa kudu bangga karo opo sing di nduweni indonesia, ora malah koyok ngene iki." saurku
"Iyo yoo saa aku yo ngerti kok kui" saure Risma
"Wes to sesuk tak jak dolan ndelok kaendahan ne negeri iki."
"Tenan loh ya, nek mbujuk moh aku." Saure kanthi semangat maneh.
"Tenanan iki, pokok e sesok awakmu kudu wes siap tak parani, aku tak muleh Sek wes sore." Saurku karo pamitan marang risma
"Yoi siap, ati ati ning dalan." Saur e karo ngelambaine tangan lan tak wales lambaine tangan.
Sak wis e kui aku muleh banjur nyiapake barang kanggo sesuk budal dolan. Isuk e aku karo Risma budal dolan numpak motor boncengan. Sak wis e aku karo risma maeng motoran telung jam akhire teko ing pantai. Pantai ne kang indah ora kalah karo pantai ne ing hawai, ombak e duwur, angin sepoi sepoi kanthi iso ngilangake kesel ng awak lan akeh wit-witan kelopo ing pinggire ee, pengen rasane nggombe kelopo enom ning kene.
"Akhir e sampek." Saur e Risma kang medotake lamunan ku ngombe kelopo ijo.
"Pie ora kalah apik karo Hawai to?" Elok ku
"Iyo." Saur e Risma karo moletake awak kang kesel sak wis e numpak motor
"Ayoh sak iki foto-foto ndisik lumayan iso digawe nambah foto instagram." Ajak ku karo ngetokake hp ing tas.
"Iyo bener wi ayoh foto-foto ndisik." Saur e Risma kanthi semangat.
Pemandangan kang endah tak abadekno lewat foto, manuk-manuk kang podo miber-miber nambahake kaendahan pantai kang lengkap lan rukun. Lan wit kelopo njoget-njoget keterak bantere angin. Ngomong ne kelopo, iki mau wes bar foto foto aku lan Risma tuku kelopo ijo ing bakul cedek e pantai.
"Buk, tumbas kelopo ijo ne kalih nggih."
"Nggih, Mbak monggo pinarak riyen." Saur ibuk ibuk bakulan kelopo,  ibu e kui mau banjur njupuk kelopo ijo lan di bacok ii nduwur e kelopo "Crak..crak.crak". Sekuat tenogo ne metu digawe meceli kelopo sak mben dinane. Keinget e kating kecucuran tapi ibu tetep semangat njalani urip sing wes tuwo.
"Niki mbak." Disuguhake kelopo ijo lan ditambahi sedotan ing nduwure.
Saking ngelak e Risma langsung nggelogok kelopo ijo tanpo nggawe sedotan diguwak sedotanne ing sembarang nggon.
"Heh.. Ma sampah e ojo diguwak nggon-nggon." Omong ku karo nesu
"Iyo.. iyo biasa ae ngko tak guwake." Saur e Risma karo njupuk sedotan kang diguwak kemau.
 Sakwis e kui aku lan Risma muleh menyang omah. Ujuk-ujuk teko ndalan enek bakul oleh-oleh Risma ngajak mampir.
"Sa mandek Sek sedilut ya? Arep nukok ne ibuku oleh-oleh." Ajak Risma karo ngendek ne motor ing ngarep e bakul oleh oleh kang gedhe banget.
"Iyo." Saurku
Aku lan Risma mlebu. Bakul oleh oleh iki nyediakake akeh banget barang-barang antik, lucu, lan kreatif. Sing tak senengi ning kene yaiku sing didol ing kene ora barang barang import tapi barang barang gawean ne warga sekitar.
Akhire aku lan Risma muleh, sida ne Risma nukokake tas sing dipesenake ibuke lan aku mbalik, sak dowone dalan muleh aku lan Risma ora podo omong-omongan, pemandangan e kang endah, abang e matahari kang kependem sore ndadekake ati tentrem lan ayem ora kroso wes teko omah aku banjur turu amergo kesel. Ikilah critaku dino iki tentang kaendahan indonesia.

Adewe iki sebagai bangsa indonesia kudu iso njogo lan ngelestarkake tanah air iki supoyo tetep asri lan damai lan supoyo anak putu ne adewe sok mben iso ngerasakake indah e indonesia iki. Aku indonesia, aku bangga dadi wong indonesia.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar