Rabu, 09 Oktober 2019

03. Anggi Setyaningrum "Desone Mbahkung Ku"



DESO NE MBAHKUNG KU
Dening: anggi setiyaningrum

            Sumilir e angin lan panase srengenge ngiringi lumaku ku nuju omah sawise bibar anggonku golek ilmu, mulih sekolah daklakoni koyo biasane aku nglakoni dino sabendinane. Roso ngelak lan kesel ora dadi alangan anggonku ngontel sepedah supaya enggal tekan omah lan bisa mujurake awak ing kasur sing wes ngenteni. Kelingan kasur, anggonku ngontel sepedah soyo dakgetne nanging dalan sing biyasane daklewati tibakne ditutup. “waduh, piye ki mulihku?”, takon ku ing njero ati. Amarga aku wes kesel tambah ngelak, akhire dakwaniake takon marang wong kang ana dalan iku mau, supaya aku ndang iso bali menyang omah.
            “Ngapunten Pak, badhe nyuwun pirsa, menika marginipun ditutup wonten napa nggeh?”, takonku marang wong kang sajak e nduweni andil ing hajat kang kudu nutup dalan iki.
            “Oalah, iki arepe ana acara desa nduk, nyadranan sing diadakake mben taun koyo biyasane, dalan iki ditutup amarga panggung wayang mbutuhake lahan sing luas, mulane sampek nutup dalan. ” , ngendikane Bapak- bapak sing daktakoni. Ngrungoake ngendikane bapak- bapak mau aku mikir, nyadranan kui acara apa ya, pancen e aku pindah ing desa ki lagi wae wolung ulan, dadi aku durung ngerti apa ae adat ing desa iki. Kesuen anggonku mikir, Bapak- bapak mau genti takon marang aku.
            “Sampeyan iki putrine sinten nggeh, aku kok durung tau ngerti?”, pitakonan e bapak-bapak sing wes kena dak jedek, amarga awit aku sing takon pisanan mau, bapak- bapak iki koyo bingung nyawang aku, mergo durung tau petuk. Pitakonan mau dakjawab kanthi ati-ati nganggo basa krama sing wis diwarahne simbah marang aku, koyo aku pas nyusun tembung-tembung nalika sakdurunge aku takon mau, amarga sik mikir , anggonku njawab malh rodok suwi sampek bapak e ngenteni tambah bingung.
            “Kawulo putrinipun bapak Subandi, mbahkung kulo namine mbah Kholil pak, nembe pindah mriki kirang langkung wolung ulan pak. ” , leh ku njawab kanthi ambegan dowo mergo wedi yen nganti salah nganggo basa kramane. Bapak-bapak mau sakwise weruh lajeng mantuk-mantuk koyo ngileng-ileng sesuatu. Pikirku bapak iki koyok e ngerti sapa keluargaku, yen bener aku iso luwih penak yen arep takon maneh babagan dalan ngendi sing iso dakliwati.
            “Oalah, sampeyan ki anggi to, mboso wes gedhe malih pangling aku nduk.” , saut e bapak- bapak iku mau.
            “Nggeh pak kulo anggi, niki yen badhe liwat dospundi nggeh? ”, aku langsung takon dalan sing iso dakliwati, supaya aku gek ndang iso mulih amarga aku wes ngelak lan kesel banget.
            “Saiki sampeyan balik ae nduk, nko ana pertelon ngiwo, lurus ana prapatan ngiwo maneh, wes kuwi mangko lurus sampeyan petuk pertelon sing biyasane sampeyan liwati. ”
            “Nggehpun pak, matursuwun , kula tak langsung wangsul mawon.”, aku pamit, karo salaman marang bapak-bapak iku mau, sakbibare salaman aku langsung muter sepedah, ngontel manut arahan e bapak-bapak kui mau.
            Masio kudu muter-muter panggah daklakoni, nyambi ngenal dalanan desa lan ngerti ana apa ae ing desane mbahkung ku iki. Mbahkung ku pancen wong sing lumayan dikenal ing desa iki, mulane bapak-bapak mau langsung ngenali aku nalika aku nyebut jenenge mbahkung ku. Kelingan mbahkung, koyoke aku iso takon perkara nyadranan marang mbahkung, amarga mbahkung iku tiyang jawa kang jawi banget, mesti ngerti perkara nyadranan kang krungu teko jenenge ae wes ketok jawa banget. Sakwise ngontel suwene 15 menit, akhire aku tekan omah, banjur markir sepedah mbukak lawang lan ngucap salam.
            “Assalamulaikum...”
            “Waalaikumsalam.”,ora keliru maneh iku mesti swarane mbahkung ku sing serak, kang lagi ngasah clurit, lan keris kang diarani gaman dening mbahkung ku.
            “Kok lagi tekan omah to nduk, apa ana alangan ing ndalan kang garai awakmu mulih telat?”, pitakonan e mbahkung ngendek pitakonku perrkara nyadranan sing arep daktakokne.
            “ndek wau marginipun ditutup mbah, dados kula kedah muter-muter riyen, pramila nembe dugi griya jam sementen.” , jawabku kanthi nganti-nganti, amarga ,mbahkung ora seneng yen putune omong karo wong tuwo nanging ora nganggo basa krama. Mbahkung mung mantuk-mantuk ngrungokake critaku perkara dalan kang ditutup kuwi mau, mbahkung pancen dudu wong sing seneng koment utawa omong akeh, dadi omonge yo gor sakperlune.
            “Oo nggeh mbah, kula badhe nyuwun pirsa, nyadranan niku acara napa nggeh mbah, kok koyoke acarane ageng sanget, nganti nutup radinan ”, akhire dakucapake pitakonku perkara nyadranan mau.
            “Wis ndang salin dhisik kono, mbahkung age ngebarne nek ngasah gaman, mari salin nko parani mbahkung ing mburi karo ngrewangi mbahkung ngumbah gaman yo nduk.”,  ngendikane mbahkung sajak e nduduhake yen saiki mbahkung ora iso diganggu, akhire aku manut wae, banjur aku langsung mlebu kamar. Sakbibare salin aku langsung nuju ing mburi marani mbahkungku.
            “ Napa manika mbah kang saget kula rencangi? ”, takonku marang mbahkung kang lagi ngumbah gaman sing jumlahe nganti sak bak.
            “Iki gaman kang wis tak sabun, bilas ono nganggo banyu kembang yo nduk.”, perintah e mbahkung marang aku. Tanpa njawab, apa kang diutus mbahkung banjur daklakoni.
            “Nyadranan iku acara rutinan deso nduk, acara gedhe kanggo ngucap roso syukur masyarakat marang Gusti Allah kang wis aweh nikmat kang akeh, sakliyane kui kanggo ngenang lan ndungaake leluhur kang wis mbabat deso iki ugi kanggo ngresiki deso iki teko musibah utawa iso disebut tolak balak. ”, ngendikane mbahkung kayata njawab apa kang dadi pikirku sing ora wani mbaleni  takon perkara nyadranan.
            “Nyadranan menika napa namung  wonten datheng  deso mriki mawon mbah? ”, roso penasaran gae aku wani takon maneh marang mbahkung,.
            “Yo ora, nyadranan iku adat jawa, dadi ora mung deso ne mbahkung, nanging iso ae ing deso liyane jenenge dudu nyadranan, iso bersih deso lan sapanunggalane. Nanging ing deso liya iku biyasane acarane  ora segedhe ing desone mbahkungmu iki. Akeh ritual kang ora dilakoni karo wong deso liya nanging dilakoni mbahkung, malah kadang ing deso ne dewe iki wae sing nglakoni ritual kaya ngresiki gaman iki wae amung mbahkung tok nduk. Kadang mbahkung mikir, yen mbahkung sokmben wis seda sapa sing bakal njaga kabeh iki?”, aku bingung ngrungoake ngendikane mbahkung, mergo kang dijelasake mbahkung iku wis perkara kang beda karo sing daktakokne.
            “Njaga napa mbah, njaga gaman?”
            “Yo njaga gaman yo njaga deso, nanging sing paling penting iku njaga adat lan kabudayan jawa kang alhamdulillah isih iso kalestarikake dening mbahmui ing deso iki”, aku meneng wae krungu ngendikane mbahkung, amarga aku dewe yo bingung arep nyauri piye maneh.
            “Yo mugo-mugo ana cah enom kaya kowe kuwi nduk sing isih pengin weruh perkara nyadranan, yo gelem nglestariake adat lan kabudayan jawa, masio ora kaya carane mbahkung, sing penting, deso ne mbahkung paling ora, panggah iso ngadakake nyadranan masio wis ora ana wong tuwo kang isih nyekel adat jawa iki”
            “Aamiin.”, aku mung iso ngucap aamiin kangge njawab ngendika lan pandongane mbahkung mau. Sakbibare ngumbah gaman aku dijak mbahkung ndelok persiapan pagelaran wayang kang didalangi karo mbahkung ku dewe. Pancen deso iki duwek e mbahkung, dadi sembarange yo panggah manut ngendikan lan panggah nglibatake mbahkung ing sakabehing acara deso.
            Dino iki, aku bersyukur amarga aku iso luwih ngerti akeh perkara desone mbahkung, awit aku kudu muter-muter amarga dalan ditutup, takon perkara nyadranan ing mbahkung, lan iso ndelok persiapan nyadranan ing deso. Pancen ora rugi yen nduweni mbahkung kang nggadahi deso iki.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar