PUNJERE JENENGKU
Karya Febrianti Ika
Nganjuk, 29 Pebruari 2017
Jenengku Blimbing Swastika. Murid kelas telu salah siji SMA bonafit neng Kutha Nganjuk. Aku lair soko keluarga biasa kebacut mlarat ing Desa Ndhelep, Nganjuk sisih kulon. Aku mlebu sekolah bonafit mergo bapakku dadi cleaning service neng SMA kuwi, murid gawan arane. Setaun anggonku sinau neng kene, uripku kebak bulian lan kuwi mergo jenengku.
“Jeneng kok blimbing, ha ha ha..”
“Wes rupane koyo godhong blimbing, ambune kecut koyo blimbing, jan ra pantes sekolah neng kene,”
“Blimbing, sopo wi rakenal,”
Saben dino aku muleh nangis kejer, njaluk pindhah marang bapak. Tapi isone wong mlarat among ngadepi takdir. Setaun kepungkur aku mlebu sekolah iki karo sumringah, metu sekolah yo kudu sumringah, pituture bapakku ngono.
“Pak, aku ora kuat maneh aku pengen ganti jeneng wae.” Aku nangis kejer neng ngarepe bapakku.
“Ben dino aku dilokne blimbing kecut, wong mlarat, rupane elek, aku gak trimo pak,” terusanku.
“Nduk, rungokne bapak sedilut. Seng diomongne baturmu wi ancen bener. Blimbing kuwi kecut lan rupane mbladus.” Aku mlongo, kok pakku malah mbelo boloku seng laknat.
“Tapi blimbing kuwi buah seng ora tau nduwe rego murah Nduk. Semongko tau murah, salak tau murah, duren tau murah, tapi opo blimbing tau ora payu? Ora to nduk?” aku ndlingkluk ngrungokke bapakku.
“Bapak ngewenehi awakmu jeneng blimbing ora liya gawe dongane bapak neng awakmu, supaya iso dadi bintang seng andhap asor. Kaya blimbing seng asline duwe bentuk bintang tapi disamarno karo kulite seng kandel. Bapak pengen sekalipun awakmu wes dadi wong sukses, ora bakal lali karo ngisoranmu. Ora bakal lali karo punjere jenengmu.” Tuture bapakku benr-bener mbukak akalku, aku nangis kejer ngrangkul bapakku. Aku ora nyesel karo jenengku, aku bangga karo jenengku.
“Matur suwun bapak.”
Senin, 14 Oktober 2019
11. Febrianti Ika "PUNJERE JENENGKU"
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar