Sabtu, 12 Oktober 2019

06. Arindia Fegita A "Kisah Cinta Ning SMA"

KISAH CINTA NING SMA
Dening Arindia Fegita A


            Sekolahan sik sepi, pancen isih esuk during ana jam enem. Biyasane kanca-kanca tekane rodok awan. Ing sekolahan ana murid anyar seng ganteng. Ning perjalanan moro ning kelas Jingga lan Bintang lagi ngobrolne tentang murid anyar kui. Krungu-krungu jeneng e Antariksa. Neng dalan Jingga takok ning Bintang,
“Bin, awakmu kenal ora karo murid anyar iku?”
“Gak kenal lah Jingga, aku iki sopone”
“Menowo wae awakmu kenal, awakmu iki biyang gosip mosok ora krungu-krungu crita ngono”
“Aku krungu-krungu jeneng e Kak Antariksa, tapi sifat e kaku lan adem koyok es batu”
            Akhire Jingga lan Bintang moro ing kelas. Ning lorong kelas Jingga omong Bintang lek arep e ning kamar mandi. Akhire Bintang mlaku ning kelas dewean. Sakwise tekan kamar mandi, ing perjalanan moro ing kelas Jingga ora sengojo nabrak kakak kelas, nalika di delok tibak e seng ditabrak iku mau Kak Antariksa.
“Aduh kak, aku ora sengojo”
“Makane lek mlaku iku seng di delok dalan e, duduk sepatu”
“Nggih kak, nyuwun ngapura”
            Antariksa langsung ngaleh tanpa nyauri permintaan maaf e Jingga. Jingga langsung moro ning kelas karo ngempet nesu. Jingga lungguh karo grusa grusu. Bintang seng ndelok langsung bingung napo kok Jingga kok dumadakan nesu.
“Ngga, awakmu napo kok nesu?”
“Kui lo Bin, aku mau ora sengojo nabrak Kak Antariksa terus aku wis njaluk ngapura malah di seneni”
“La awakmu wis njaluk ngapuro?”
“Uwis, tapi ora di sauri mbek Kak Antariksa”
“Yowes seng sabar ya, Kak Antariksa pancen koyok ngono bocah e”
            Jingga lan Bintang neruske pelajaran. Jam istirahat muni. Jingga lan Bintang mlaku moro ing kelas karo guyon guyon. Pas ndek kantin golongan e Kak Antariksa mlebu ndek kantin lan disambut suara-suara fans e Kak Antariksa. Selang pirang menit, kancane Arik teko karo nggowo nampan isine pesenan e geng e Arik lan di deleh ndek mejo.
“Rik, di delok i kae karo Jingga” Arik langsung nggolek I ndek ndi Jingga lungguh. Arik langsung nggatekake Jingga. Tapi pas di delok tibak e Jingga ora ndelok i Arik, tibak e Arik di blituki karo koncone. Arik nerusne mangan e.
            Akhire bel muleh muni. Jingga lan Bintang arep e muleh. Tapi saurunge muleh Bintang ngajak Jingga mampir ning café langganan e Bintang.
“Jingga, ayo melu aku neng café langgananku”
“Arep golek opo ndek kono bin?”
“Ngademno pikiran ben ora galau ae hahahahahahahah”
“Iso ae awakmu iki. Yowes aku tak ijin ibukku disik”
            Sakwise pamit, Jingga lan Bintang budal moro ning cafe numpak motor e Bintang. Wes lumayan suwi akhir e Jingga lan Bintang muleh ndek omah e dewe-dewe.
“Assalamualaikummm, bukkk ibukkk” ora enek seng nyauri salam e Jingga
Ibuk mlaku tekan arah pawon lan tangan e isih nggoceli sotel. “waalaikumsalam, ora usah bengok-bengok koyok tarzan, iki duduk hutan”
            Sesok e Jingga sekolah koyok biasane. Ning sekolah Jingga ora sengojo ngerti Arik lagek ndeleh motor ing parkiran. Jingga langsung mlaku moro ning kelas e. Saurunge teko ning kelas, Arik nyeluk Jingga lan langsung muni “Mengko muleh bareng, aku ora nrimo penolakan” sakwise muni ngono Arik langsung moro ning kelase. Jingga sik kaget karo opo seng bar dialami. Terus Jingga mlebu ning kelas, lan langsung crito ning Bintang.
“Bin, tak critani.  Aku maeng ape mlebu kelas di celuk karo Kak Arik, dijak muleh bareng. Urung sempet aku nyauri wong e wes ngaleh.”
“Mosokkkkkk? Ya ampunn, enak banget uripmu ngga, dijak muleh karo wong ganteng sak sekolahan”
“Biasa ae ojo lebay, ojo nyebarne gosip sing ora-ora”
            Bel muleh akhir e muni. Jingga diterne muleh karo Antariksa. Nalika dheweke tekan omah e Jingga, Arik arep pamit nanging dipengeng karo ibukku Jingga. Tekan kejadian kui Antariksa cedek karo Jingga. Lan semenjak kejadian Arik ngeterne Jingga muleh mulai teko kui Arik nunjukke sifat e seng gak kaku lan adem. Arik berubah dadi wong seng penyayang lan iso menghargai pendapat e wong liyo ora egois lan sak karepe dewe.

TAMATT J

Tidak ada komentar:

Posting Komentar