Sabtu, 12 Oktober 2019

31. Vidhia Nur A "Kanca"

KANCA
Dening Vidhia Nur a 

 Jenenge Dipta. Saiki dadi murid SMA favorit ning kabupaten. Sadina-dinane Dipta iku senengane gawe rame kelas karo guyonan e. Mula ora gumun yen Dipta terkenal banget. Sikape ramah, ora sombong, lan seneng guyon. Nanging, Dipta mlebu kategori siswa sering dihukum amarga sikape sing usil banget marang kancane, nakal, lan ndhuweni geng sing jenenge “The Bachelor”. Geng e Dipta isine bocah sing seneng usil karo kancane yaiku Dipta, Rio, lan Raka.
   Salah sawijining dina Dipta lan geng e, nalika jam istirahat mulai beraksi kanggo ngusili kancane sing jenenge Ramos. Dipta menehi coretan ning wajah e Ramos sing lagi turu nganggo spidol warna.
“Heh! Tangi Ram, iki wayahe istirahat, opo kowe ora pengen mangan? Ojo turu ae.” Gugah Dipta marang Ramos.
  Ramos sing lagi turu langsung tangi, kaget amarga gugahan e Dipta sing kaya ngajak gelut. Ramos metu saka kelas, durung nyasar yen wajah e ana coretan e. Kanca-kancane sing diliwati padha ngguyu nalika Ramos lewat ing ngarepe. Ramos malah ngira yen wong-wong padha seneng dheweke. Nalika lewat ngarep ruang guru, Ramos ditegur karo salah sawijine guru.
“Ramos.”
“Nggih Bu” Jawab e Ramos marang Guru.
“Awakmu kena apa?” Takon Guru.
“Mboten napa-napa Bu.” Jawab Ramos maneh.
“Ora napo-napo kok wajah mu mok coret-coret i.” Ngendikanipun Guru.
“Coret-coret napa Bu?” Jawab Ramos sing isish bingung.
“Ngaca dhisik kono. Nek wes ndang diresiki.” Utus Guru.
“Nggih Bu” Jawab Ramos sing langsung moro kelas supaya iso ngaca.
  Teko ning kelas Ramos langsung ngaca lan kaget nalika wajah e enek coretan spidol dheweke ora weruh sapa sing nyoreti wajahe. Banjur dheweke ngresiki coretane lan takon marang kanca-kancane ning kelas.
“Cah, sopo mau sing nyoreti wajahku?” Takon ramos marang kancane.
“Ora weruh aku..” Jawab kanca-kancane.
“Oh, anu… iku Dipta and the genk” Jawab salah sawijine kanca sing weruh.
  Sawise weruh sopo pelakune, Ramos banjur marani Dipta karo geng sing biasane nongkrong ning mburi sekolah.
“Heh! Awakmu kan sing nyoreti wajahku?” Takon Ramos karo wajah sangar.
“Ora yaa. Hahaha” Jawab Dipta karo ngguyu.
“Hahahaha…hahaha” Tambah kanca geng e.
  Dipta lan geng e uga mlayu karo ngguya-ngguyu lan ndhelengi mburi. Mlayune Dipta lang geng e cepet banget, dadi Ramos ora bisa nyekel Dipta lan geng. Nalika tekan cedhak lapangan bal-balan, Dipta mandhek.
“Ayo bal-balan.” Ajak Dipta marang geng e.
“Ayoo” Jawab Rio lan Raka bebarengan.
  Dipta lan geng e banjur bal-balan nganti lali yen iki wektune ulangan harian Basa Jawa. Pak Kamal, guru olahraga, weruh yen Dipta karo bala-balane ora melu pelajaran langsung mlayu menyang lapangan lan ngamuk.
“Kowe padha lapo ing kene? Ayo mlebu kelas saiki!!!” Bentakke Pak Kamal.
“Alah Pak..enak bal-balan” Jawab Dipta marang Pak Kamal.
“Heh Dipta, bukane sakiki jadwalmu ulangan yo?” Takon Pak Kamal ning Dipta.
“Oh iyo ya. Ayo cah balik kelas!” Ajak Dipta karo mlayu moro kelas.
   Dipta lan geng e mlayu ceper moro kelas, amarga wedi yen dihukum karo Pak Toni guru Basa Jawa sing dianggep killer karo murid-muride.
Teettt… Teettt… Teeettttttt…
Bel muleh wes muni, Dipta lan bala-balane langsung metu saka kelas lan muleh. Nalika lewat ing warung Dipta ndheleng yen musuh bebuyutane, Fajar lagi tukaran karo murid kelas X amarga Fajar nerobos antrian. Dipta banjur marani warung kuwi lan pesen ngombe kanggo murid kuwi lan kanca-kancane.

“Iki.” Jarene karo mesem.
  Fajar sing weruh kuwi nesu lan langsung nendang Rio nganti Dipta tibo. Dipta uga mbales Fajar. Tapi kedadean iku dipisah karo kanca-kancane.
“Uwis bubar.” Jare kanca-kancane. Dipta lan Fajar banjur mandek.
“Adewe ki kanca dadi ojo tukaran, opo maneh tukaran kanggo hal sing gak jelas ngeneki.” Omonge Rio
“Iyo bener opo jarene Rio. Adewe ki kanca dadi kudu rukun” Omonge Rama.
“Ayo ndang podo apikan” Jare Rio
   Dipta lan Fajar durung gelem apikan nanging malah sawang-sawangan. Isih ora gelem kanggo apikan. Tapi kanca-kancane tetep pengen yen Dipta lan Fajar iku dadi kanca ora dadi musuh.
“Heh, diomongi kok gak paham to. Ayo ndang apikan.” Omong Rio karo suara mangkel.
“Lhadala, kok gak ndang to” Jare Rama
“Sssssttttttt…..” Jawab Dipta lan Fajar bebarengan.
“Iki yo arepe.” Jawab Fajar.
   Dipta lan Fajar langsung salaman lan podo saling njaluk ngapuro. Rio karo Rama sing ngiwasi teka mau banjur high five.
“Ngguyu sek too..” Guyon Rio karo Rama. Dipta lan Fajar melu ngguyu.
   Dina sesok e sakwise muleh sekolah, kaya biasane, Dipta lang geng langsung lunga menyang lapangan bal-balan. Nalika bal-balan, Fajar marani Dipta lan geng e.
“Dipta.” Omong Fajar.
“Oii Jar. Ayo bal-balan bareng.” Ajak Dipta.
“Oh iyo, karepku mau yo ngunu, arep melu bal-balan bareng.” Jawab Fajar.
“Ayooo!!!” Ajak Dipta, Rio, lan Rama.
   Sore iku dadi sore sing paling nyenengake ati kanggo Dipta lan kanca-kancane amarga wis ora ana musuhan. Dheweke kabeh saiki dadi kanca sing kompak.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar